Desa mawa cara negara mawa tata. Maneka warni padatan ingkang taksih dipun tindakaken dening tiyang-tiyang ing saindenging nagari Indhonesiyah kangge mengeti dhatengipun dinten ingkang dipun tengga-tengga. Padatan punika kala wau sampun dados tradhisi run-tumurun saking simbah buyut wiwit kina dumugi samangke.
Tradhisi run-tumurun ingkang taksih dipun lampahi dumugi samangke, mliginipun wonten ing budaya Jawi, kados ta: Saparan, Ruwahan, padusan, bakda ketupat, lan sanes-sanesipun. Cundhuk kaliyan wulan Jawi samangke ingkang dhawah ing wulan Ruwah, wonten 2 tradhisi ingkang dipun tindakaken dening tiyang-tiyang Jawi, inggih punika Ruwahan saha padusan. Ruwahan, awujud jiyarah dhateng sareyanipun para ahli waris utawi kulawarganipun, wondene padusan wonten gandheng cenengipun kaliyan pengetan badhe duginipun wulan Ramadhan.
Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia
Padusan
Tembung padusan sajatosipun kalebet tembung andhahan, inggih punika saking tembung lingga adus, pikantuk ater-ater pa- saha panambang –an. Padusan anggadhahi teges papan dununging adus, kados ta: kolah, kolam renang, sendhang, umbul, lepen, lan sanes-sanesipun.
Padusan minangka salah satunggaling tradhisi ing salebeting budaya Jawi ingkang taksih dipun uri-uri dening tiyang Jawi ngantos dumugi samangke. Padusan inggih punika papan (sendhang, umbul, saha sapituripun) ingkang dipun ginakaken kangge adus, kalih utawi satunggal dinten saderengipun ngancik wulan sukci Ramadhan. Sendhang, umbul, saha kolam renang ingkang suwaunipun sepen dening tiyang, ing wulan pungkasaning Ruwah punika ewah dados regeng sanget, kambah ing tiyang kathah ingkang badhe sami adus.
Saben taun, ing mangsa padusan, inggih punika tanggal kaping 29 Ruwah, ngancik badhe mlebetipun wulan Siyam utawi Ramadhan, sampun dados padatanipun bilih saperangan ageng para nem-neman sami suka-suka, utawi plesir dhateng papan dununging padusan. Wonten ing ngriku para kaneman sami adus reresik. Boten namung lare nem-neman kemawon, ananging tiyang sepuh saha lare-lare alit ugi tumut ngregengaken.
Laladan ingkang wonten umbul utawi sendhangipun, temtu kathah dipun dhatengi tiyang ingkang badhe sami adus. Ing papan ngriku temtu regeng, kathah sanget para nem-neman utawi lare sami lumban wonten ing umbul utawi balumbang, ingkang pancen sampun kasadhiyakaken kangge padusan.
Ing salebeting budaya Jawi, adus saderengipun ngancik wulan Siyam punika ugi katelah kanthi nama adus megengan. Megeng miturut kamus Bausastra Jawi anggadhahi teges 1) ngampet, 2) wiwitaning wulan Siyam (megengan). Megeng wonten ing ngriku saged kajarwakaken ngampet utawi meper sadayaning nepsu. Adus megengan saged kajlentrehaken dados adus jamas saderengipun ngancik dinten siyam ingkang kawitan, kanthi pangajab saged ngicali samudayaning hawanepsu utawi klesaning badan saderengipun anglampahaken ibadah siyam ing wulan Ramadhan.
Wondene ancasing tiyang-tiyang sami nindakaken padusan punika wonten mawarni-warni, kados ta: 1). niyat kangge nucekaken badan saha batinipun saderengipun nindakaken ibadah siyam, 2). supados kiyat anggenipun saged nglampahi siyam (boten mokah) sadangunipun satunggal wulan natas satemah saged kraos nikmat saha badan boten karaos sakit utawi luwe, 3) supados saged nuwuhaken manah ingkang sukci, kadosdene adus wonten salebeting toya ingkang wening saha resik. Sinaosa makaten, wonten ugi ancasing lare nem-neman nindakaken padusan namung sadremi tumut-tumutan kemawon saha kangge ngregengaken kahanan, dados boten kanthi lelandhesan manah ingkang ikhlas.
