Urip kang kebak panandhang sarta urip kang kebak pranggresula ora kaya uripe Kromodongso. Jane mono uripe mapan ana ing desa. Nanging ing desa mau wis beda karo kahanan 40 tahun kepungkur. Srawung urip kanthi gotong royong wis ora ana maneh, mung kajaba yen ana tangga teparo duwe gawe mantu. Beda nalika tangga duwe gawe ngedegke omah apa dene sambat tandur pari. Ewa dene saiki, urip kudu dietung sarwa dhuwit. Apa kuwi sing jalari uripe Kromodongso kebak panalangsa? Mengkono sing dadi pamikire, nalika ngelingi dheweke isih cilik biyen pancen adoh banget kahanane.Apa marga anake papat kemragat sekolah apa ya pancen Kromodongso tinakdirake urip nandhang susah ing babagan pangupajiwa? Wong nyatane dheweke ya sregep nyambut gawe, senajan pegawean apa wae ora ditolak waton ngasilake ulu pametu. Apa bok menawa ulu pametu mau ora jumbuh antarane nyukupi kebutuhan urip saben dinane? Bisa uga. Nanging salah siji sing jalari dheweke kabotan sanggan “utang” marga kanggo ragat kebutuhan urip sing saya dina saya tambah. Wong nyatane butuhe wong omah-omah lir gumanti.
Komeng Tak Perlu Koming, 5,3 Juta Suara sudah di Tangan
“Wis tanggal 13, wis kudune nyahur utang nggone VIV,” mengkono omonge Sarkomah, bojone. Utang pit montor sing mesthi dicicil saben sasi, marga yen nganti telat bakal entuk dhendha saben dinane. “Lik bonjor mau wis mrene pindho,” omonge bojone nambahi. Bonjor mono tukang bank plecit sing saben dina ider ana ing pasar golek langganan wong supaya utang.
Kromodongso mung nggresah, kaya-kaya ora ngerti apa sing digresahke. Marga antarane utang sing kudu disanggemi ing VIV, Bonjor lan liya-liyane. Malah ora mung Bonjor wae, nanging Suki lan Udek dadi langganan utang bank plecit. Mangka anakane ora mekakat. Dheweke ora mikir dawa, menawa satemene utang marang bank plecit pancen ndadekake sirah cekot-cekot saben dina. Ibarate kaya nyunggi anglo sing kebak mawa panas, abote kaya nyunggi jagat.
“Jan kaya pemean tenan, utang pating crenthel sak nggon-nggon,” omonge Kromo kaya wegah-wegaha mikir. Bayar kredit pit montor VIV sewulan nem atusan ewu, saben minggu 200 ewu nyicil marang Bonjor, saben dina nyicil utang bank plecit marang Suki lan Udek 20 ewu. Durung nyukupi butuhe anak sangu limang ewu kanggo saben anak. Yen dietung saben sasi kudu nganakake dhuwit punjul saka rong yuta.
Rambute wiwit mbrubrul putih kesengkan. Kromodongso wiwit metani kanca-kancane sing padha uripe kepenak. Kaya ta Markun, sing dadi pegawe negeri 18 tahun. Uripe kepenak, duwe pit montor telu sarta mobil. Embuh kepiye reka dayane wong tuwane biyen supaya anake dadi pegawe negeri, najan kudu nganggo nyogok 75 utawa satus yuta bakune bisa dadi pegawe. Ngalor ngidul pethenthang-pethentheng, marga Markun wis dadi kepala dinas ing kantore. Omonge nggedhe, seneng nyindhire tanggane sing uripe kesrakat. Kancane sing jeneng Sarji dadi pengusaha biro wisata, Endang sing dadi dokter. Kromodongsa unjal ambegan banjur metani kanca liyane kaya Sunar lan Kenci. Uripe ora beda adoh kaya dheweke. Malah kenci senengane mendem, mala bojo yen jaluk paitan main ora diwenehi. Ing mangka utange bojone marang bakul bumbon wis ngaleh pirang-pirang enggon.
“Jebul kok ya padha wae.”
Sing padha wae, apane, kang?” sahute Sarkomah karo meme kumbahan, ulate mbesengut rong dina ora diblanja kanggo nyukupi kebutuhan pawon. “Rong dina durung bok wenehi blanja pawon, sabun lan odhol kepeksa utang nggone Bu Katri. Golek nggon utangan anyar,” omonge Sarkomah banter.
“Heee…” Kromodongso ngguyu, ora rumangsa salah babar blas apa sing dikarepke bojone. Praupane Sarkomah tambah mlumpuk, apa maneh raine katon kileng-kileng durung adus marga bubar rampung umbah-umbah.
“Aku omong tenan. Aku isin tenan mung marga beteke ngrewangi sampeyan, Kang. Upama tegel kandha lan ora dosa sing diarane putus asa ngono, aku iki urip wis jeleh, Kang. Coba, urip kok kebak panadhang utang. Utang pating crenthel kaya memean!” omonge Sarkomah karo ninggalake bojone.
Kamangka sing dikarepke Kromodongso babagan padha, ora liya bab utang. Akeh uga tangga utawa kancane sing nasibe padha. Urip kebak panandhang utang. Sasat melek matane mikir utang, nyambut gawe mikir utang, nalika mangan mikir utang, lagi salat mikir utang. Malah ora mung padatan kuwi wae, nanging arep tuku kikir utang, klebu nalika turu wawe ngipi bab utang.
“Heee, jebul jagat iki anane mung utang!” Kromodongso mung bisa nggleges karo nggresula babagan nasibe dhewe. “Utang-utang. Jane mono gampang supaya wong urip ora duwe utang,” omongane Kromodongso wiwit ngawur. Kepiye dheweke bisa ngomong kaya ngono, wong nyatane dheweke utange sak gunung anakan. Bisa-bisane kandha nggampangake wong urip supaya ora duwe utang.
“Carane?”
“Ya aja utang! Heee…” Kromodongso nggleges dhewe sakwise takon lan diwangsuli dhewe. “Dadi bener ana tulisan ing kantor gadhen kae, “Menghadapi masalah tanpa masalah, datang ke pegadean.” Kromodongso gedheg-gedheg, nggumun karo omongane dhewe. Nggumun marga mbenerake tulisan sing dieling-eling ana ing kantor gadhean kuwi. Mbenerke uga babagan omongane dhewe, menawa ora pingin duwe utang aja utang.
Jempol sikile Kromodongso diobah-obahne, mesthi karo nggothak-nggathukake pikire ngenani utange. Apa sing diomongake pancen bener, slogan sing mapan ana ngarep pegadhean uga bener. Kuwi sing ndadekake dheweke gumun ngadhepi nasibe dhewe. Jare Gusti Allah kuwi ora bakal ngrubah nasib kawulane yen kawula mau ora ngrubah dhewe.
“Huh, kuwi teori Quran!” Kromodongso mangsali. “Ouh, Astaghfirullah!” dheweke cekat ceket nyebut jaluk ngapura, marga dheweke duwa ngendikane Gusti Allah ana ing kitab suci. Senajan dheweke akeh utang, nanging dheweke tetap iman lan netepi wajibe agama.
Kromodongso penyawange dadi klemun-klemun, kringet anyepe wiwit nelesi kaos blonge. Sak awak didemoki, kabeh anyep. Arep sambat karo bojone, ora ana. Anak-anak uga lagi ora ana ngomah. Kromodongso cepet-cepet ninggalake papan, mlebu ngomah nggoleki balsem utawa lenga putih perlu kanggo mblonyohi awake. Bareng wis rampung, enggal jupuk sarung. Kromodongso njingkrung kemulan sarung, rapet ora ana sing ketok.
Ing jero sarung ambegane melar mingkus karo mikir utang sing kudu disaur. Dheweke nyoba ngeremake mripate, nanging ora bisa turu. Dheweke ngrumangsani, urip kagubel utang. Nanging dheweke isih duwe iman, najan mikir utang dheweke tetep donga muga-muga utange enggal bisa kesaur. Sing luwih penting maneh, dheweke donga, samangsa mangsa dipundhut karo sing kagungan urip ora duwe utang.
“Dhok dhok dhok…! Kang Kromo, Kang Kromo. Iki wis limang dina durung nyicil!” swarane Suki karo ndhodhok lawang sak rosane. Tukang bank plecit sing galake kaya asu manak, yen muni-muni sarune kaya wong kedanan asmara.
“Wonge ra ana, Yu?” Bonjor sing lagi teka takon karo Suki, padha wonge bank plecite.
“Minggat ayake!” wangsulane kasar.
‘Iki. Ethok-ethok lawange dikunci saka njaba,” omonge Bonjor karo nuding gembok lawang.
“Ana ra wonge?” juru tagih saka bank plecit aran Udek. Sing ditakoni padha ngangkat pundhake minangka tandha ora ngerti. Udek ora sranta, lawang enggal didhupak sak rosane. Mesthi wae jebol, wong lawange saka triplek. Triplek wae wis wiwit mobrak-mobrak marga kerep ketampon udan.
Wong sing nagih utang padha ora sranta mlebu ngomahe Kromodongso. Kromodongso kaget, banjur tangi lan ngudhari sarunge. Sarung dienggo disuwelke. Katon rambute awut-awutan, mripate mencereng abang, tangane malangkerik.
“Kromodongso?” kumecape sing padha nyawang dadi kaget lan gumun meruhi sing duwe omah mau. Sing kebak tandha pitakon maneh, nalika Kromodongso joget kaya leak pulo Bali. Bonjor, Udek, Suki padha mlayu keweden nyawang patrape Kromodongso.
“Kromodongso kesurupan leak, Kromodongso kesurupan…” mengkono aloke wong-wong sing nagih utang karo ninggalake omahe Kromodongso. Kromodongso enggal mungkasi jogete sing memper leak mau. Sabanjure dheweke nggleges. Gumun karo awake dhewe, kena ngapa dheweke nganti tumindak kaya sing lagi ditindakke.