Jelang 20 Tahun Gempa Yogyakarta, BNPB Tekankan Mitigasi Bencana
Wus suwe nilar lemah kelairane lan saiki urip ing Kutha Solo, Cahwati ora banjur lali marang kasenian dhaerahe. Malah Cahwati ajeg nguri-uri sarta ngrembakakake kabudayan dhaerahe, kayata beksan lengger, senggot, seni musik calung Banyumasan lan liya-liyane.
Ing Kutha Bengawan, wanodya kang saiki mapan ing Mojosongo, Solo, iki uga kerep digandheng sawetara seniman kanggo ngisi adicara seni budaya. “Kasenian mligi Banyumasan iku pancen mirunggan. Nganti saiki aku isih ngupaya nguri-uri lan ngrembakakake seni tradhisi Banyumas ing Solo,” ujare
JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso
