Langganan

Cakil Gugat

Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 5 Juli 2012 - 11:52 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Mbah Ratmo mung bisa dheleg-dheleg, nalika ing panggung wayang wong kuwi penonton padha melu jejogedan. Mripate abang sajak ngampet nesu. Anggone ora pengin nesu piye, amar pengin penontone mbludak, gelare wayang wong saiki kudu mboyong penyanyi sing akeh tur ayu-ayu. Sanadyan swarane mung pas-pasan nanging yen ketemplekan rupa ayu lan egole bokong kaya Inul bisa gawe kemecere para penonton.

"Iki jan-jane tontonan apa, ta?" pitakone marang awake dhewe. Anggone takon marga meruhi kanyatan dhalang-dhalang sing biyene ngugemi pakem pakeliran saiki ya wis melu-melu ambyur ing pakeliran murahan. Contone kaya Ki Pardi Kampret kang wengi iku ndhalang. Ki Pardi Kampret ora mung mbadal saka pakem pakeliran kepara uga ora ngugemi pakeme crita nalika mbabarake crita yen Citraksi duwe bojo Wara Sembadra. Ing satengahe pamirsa sing padha melu jegogedan, Mbah Ratmo sansaya mumet sirahe. Ora dikira lamun dhalang sing dianggep bisa nerusake pakem pedhalangan kaya Ki Pardi Kampret kuwi saiki bisa kecebur ing pakeliran murahan. Pakeliran sing mung nyuguhake hura-hura.

"He, Mbah Ratmo, aku nuntut keadilan!" pambengoke Buta Cakil karo matane jelalatan kaya-kaya arep nguntal Mbah Ratmo.

"Lha, salahku apa?" wangsulane Mbah Ratmo sajak kaget.

"Wis akeh buktine. Aku sakanca kuwi uga titahing Gusti. Ing antarane titah, satemene aku sakanca kuwi pilih tandhing. Tandangku trengginas, cekatan. Ning kena ngapa aku sakanca durung tau menang mungsuh wong sing tandange klemar-klemer kaya Janaka kae?"

"Pakeme pancen kudu ngono. Yen tak owahi, bisa-bisa aku dibalangi penonton."

"Ateges urip kuwi ora adil. Ngendi ana wong urip mung kanggo tumbal liyan?!"

"Ya kuwi adile. Kuwi wis trep...."

"Kok bisa?"

"Njaluk ngapura? Kok gampang temen. Satemene sing salah kuwi aku apa Janaka sing thukmis lan seneng ndhemeni bojoning liyan kuwi? Apa marga klangenane Janaka padha karo dhalange, banjur tansah dimenangke manawa mungsuh aku?"

"Hus, aja ngrembug bab kuwi maneh! Aku isin, marga wis tuwa...."

"Kowe ya duwe isin, ta? Wong kaya kowe kuwi becike enggal modar bae!" ujare

Buta Cakil kanthi polah pencilatan nguber Mbah Ratmo. Ora ana cara liya tumrap dhalang sing ambegane wis nyenen-kemis kuwi kajaba mlayu golek slamet. Ananging eman, playune Mbah Ratmo kepapak dening buta bajang.

"He, Mbah Ratmo. Kowe isih kelingan aku?"

"Ko, ko, ko...kowe Sukrasana, ta?" semaure sajak keweden.

"Aku ya njaluk keadilan kaya Buta Cakil!"

"Keadilan bab, apa?"

"Kowe isih kelingan ta, yen aku mati siya-siya? Yen dakrasa tumindakku ora salah kepara labuh-labet marang sedulur sing daktresnani. Nanging kena ngapa aku kudu nemahi pati?"

"Ko, ko...kowe ya kudu mati. Jalaran manawa manut pakem wayang, rupamu elek, anggonmu labuh-labet marga kowe duwe melik supaya diaku sedulur dening Bambang Sumantri."

"Bab rupa elek kuwi pancen wis jatahe ngono. Ning, tanpa labuh-labet aku iki rak ya sedulure enom Kakang Sumantri, ta?"

"Bener, ning Sumantri rumangsa isin duwe sedulur kowe...."

"Apa laku sing kaya mangkono malah dianggep bener?'

"Ya, pancen pesthine kudu mangkono...."

"Ateges cetha yen kowe dhalang sing ora adil. Mula, rasakna landhepe siyungku iki!"

Tanpa metungake kiwo-tengen, Mbah ratmo langsung mlayu nunjang palang. Rombongan buta-buta banjur mlumpat ngoyak Mbah Ratmo. Nanging dumadakan keprungu swara gelas-gelas pating krompyang. Mbah Ratmo godres getih, amarga nalika mlayu dhengkule natap sakaning omah, satemah sempoyongan nabrak meja kebak gelas lan piring. Wong-wong banjur ngrubungi lan nggotong Mbah Ratmo marga semaput.

Kasongan, Maret 2012

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Cakil GULAT
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif