Dina SP
Meniti Jalan Terakhir menuju Paris
***
Tangane Lilik kukur-kukur sirah nalika maca soal testing basa Jawa sing saiki ana ing mejane. “Blaik. Iki soal apa ta ya? Kok aku ora mudheng blas. Adhuhhhh!!!” Lilik kukur-kukur sirahe sing sakjane ora gatel. Sasuwene mikir garapan, dumadakan keprungu swara bel banter banget pratandha wektu kanggo nggarap soal testing wis entek. Kabeh murid banjur nglereni garapane. Lan siji mbaka siji maju nggawa garapane, ditumpuk ing mejane Bu Guru. Keri dhewe Lilik. Kuwi wae ora ana separo soale sing wis kisen garapan. Lilik pasrah marang nasibe. Dheweke getun banget lan dadi sadhar. Apa sing dilakoni wingi kleru. Ngobong buku pelajaran, banjur awune diwurke banyu, banjur diombe. Genah ora bakal nyanthol ing pikiran. Genahe ya ora bakal ndadekake pinter kanthi sakkal.