Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 24 November 2011 - 18:16 WIB
ESPOS.ID - Ilustrasi ( tikman1solo.wordpress,com)
Ngendikanmu pancen sora Ngendikanmu pancen banter Pitutur luhur sing wis mesthi Pitutur luhur sing wis pasthi Sliramu sing tak gugu Uga mesthi tak tiru Ana kene sliramu dadi biyungku Ana kene sliramu dadi ramaku
Tak kira anggone ngajari aku, mesthi tanpa pamrih Anggone mulang muruk aku, sanajan ya ngelih Nanging dhasar bocah sing rada luwih
Sanajan ngendikanmu ora dirungu Nanging sliramu ora nesu Guru,…….. Kula nyuwun ilmu Kula nyuwun pangestu
Geguritan iku bisa wae amung kaya tulisan lumrah kang ngangkat ngenani guru. Nanging geguritan iku rasane dadi luwih tandhes nalika diwaca dening siswa. Jemuwah (18/11/2011) kapungkur, para siswa SMPN 3 Kebakkramat, Kabupaten Karanganyar, siji mbaka siji munggah ing panggung lan maca geguritan kasebut kanthi dipirsani para guru lan kabeh siswa liyane.
Apa kang dilakoni dening warga SMPN 3 Kebakkramat iku dadi salah sijine gambaran kawigatene pehak sekolah marang kiprahe guru. Kanthi cara tartamtu, kabeh siswa coba didunungake maneh marang kalungguhane guru. Guru iku jejibahane gedhe lan abot, jalaran duweni sesanggeman minterake anake wong utawa generasi mudha panerus bangsa. Ing sekolahan, guru uga dadi bapa lan biyunge siswa minangka gantine bapa lan biyunge siswane ing omah.
Ing papan pawiyatan, guru kanthi sabar lan telaten ngajari siswa bab apa wae, mligine piwulang utama lan maneka warna jinis ilmu sing durung tau dimangerteni dening siswa.
“Lha, guru iku saiki kudu nguwasani telung cara memulang siswa, kanggo nyakup telung tipe siswa mau. Manawa guru saiki amung mulang siswa kanthi cara ndikte buku pelajaran thok, utawa nggunakake piranti paraga thok, ora bakal nyakup kabutuhane kabeh siswa. Kudune bisa nguwasani telung jinis cara memulang siswa mau. Saliyane kanggo nyakup kabeh kabutuhane siswa, swasana ngajar bisa ora mboseni,” tandhese.
Manawa ngungak kiprahe guru pancen kudu bisa nut jaman kelakone. Mbiyen, upamane carane guru mulang siswa kagolong konvensional, saiki kudu luwih kreatif lan komunikatif. Sebab tuntutan jaman uga sansaya abot. Nanging bab wigati sing kudu tetep disunggi dening kabeh guru yaiku guru kuwi kudu bisa digugu lan ditiru. Mula, patrap lan pangucape guru kudu bisa dadi patuladhan kang nyata. Sanajan saiki wus akeh guru sing antuk sertifikasi lan mundhak blanjane, muga-muga ora banjur keblinger marang arta lan bandha. Upaya minterake siswa kudu tetep dijaga. Sebab iku jejibahane guru kang utama.
Damar Sri Prakosa