Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Emak Pengin Kaji

author
Kamis, 24 Mei 2012 - 09:41 WIB
Emak Pengin Kaji
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi
  • Marta Mahardika

Emak pengin tindak kaji. Nanging ora duwe ragad. Kamangka Emak wis sepuh banget. Saiki yuswane wis 75 taun. Malah kabeh kanca-kanca sakpantarane  wis padha suwargi. Ing kampung, Emak uga dadi warga sing paling sepuh dhewe. Nalika lagi kumpul karo anak-anake kabeh ing jogan karo nyawang pawarta babagan kaji ing tv, dumadaan Emak mbrebes mili. Pawarta tv kuwi mbeberake kanyatan saiki: saya akeh wong pengin kaji maneh saengga malah ana sing bolak balik kaji, malah uga ana sing wis kaji kaping wolu isih pengin kaji maneh murih bisa wafat ing Makkah utawa ing Madinah. Akibate, sing lagi arep kaji kaping pisan saya akeh sing kapeksa ngenteni mataun-taun. Malah akeh sing ora sida kaji senajan wis daftar jalaran kedhisikan pati. Pawarta tv kuwi uga mbeberake yen akeh wong tani padha adol sawah kanggo ragad kaji, jalaran ora dhuwe bandha liyane sing pantes didol. Yen ora wani adol sawah ya ora bakal bisa kaji, kamangka kaji kuwi kukume wajib kanggone wong Islam sing wis kelar nyawisake sangune lan awake tur bathine uga padha waras. Mangka sapa wae sing mung duweni sawah banjur dianggep pantes yen adol sawahe kanggo sangu kaji. “Saupama aku melu daftar kaji, kudune mataun-taun sing ngenteni, jalaran sing arep kaji saya akeh.” Emak ngresula karo ngucek-ucek mripate. Minangka putra mbarepe Emak, atiku nelangsa banget jalaran ora kelar nyawisake wragad kanggo tindak kaji. Aku saben dina mung ngarap sawah warisane bapak sing ambane mung rong kedhokan nyambi ingon-ingon sapi lan wedhus. Kabeh sing bisa dipanen saka sawah kuwi mung cukup dipangan saben dina, ora bisa dicelengi. Malah yen gagal panen, aku kapeksa ngiris sapi utawa wedhus supaya ibune bocah-bocah tetep bisa nempur lan blanja saben dina. Semono uga adhi-adhiku, uripe uga padha rekasa jalaran pancen sekolahe ora nutug, mung lulusan SMP, banjur padha dadi buruh pabrik sing upahe mung cukup kanggo mangan saben dinane. Adhiku-adhiku uga nyambi ingon-ingon wedhus lan sapi kanggo mbayar rekening listrik lan biyaya sekolahe bocah-bocah. Nalika bapak isih sugeng tau pesen yen sawah kuwi aja didol supaya bisa dadi sumber panguripane kaluwarga turun temurun. Pesene bapak minangka wasiyat sing kudune diugemi dening anak turune kabeh. Mula saka kuwi aku lan adhi-adhiku ora bakal adol sawah. Malah bapak nalika isih sugeng uga tau ngendikan yen sawah kuwi minangka warisane eyang kakung sing persasat dadi pusakane kaluwarga. “Pokoke sawah kuwi aja didol, senajan kepriye kahanan sing bakal dumadi.” Ngono pituture bapak biyen. Sawijine wektu aku lan adhi-adhiku tau sarujuk yen sawah kuwi ben didol Emak kanggo ragad kaji, nanging Emak uga emoh adol sawah kuwi. Malah Emak banjur pesen yen sawah kuwi aja didol senajan mbesuk Emak wis suwargi. “Saupama kowe kabeh wis ora gelem nggarap sawah maneh, sawah kuwi tetep aja didol,” pesene Emak. *** Jalaran yen kepengin kaji kudu ngenteni mataun-taun, kamangka yuswane Emak wis sepuh banget lan wragade kaji uga akeh banget, Emak banjur kepengin umroh wae. Nanging Emak uga ora duwe ragad kanggo sangu umroh. Mula Emak banjur ora gelem tetirah kaya umume wong-wong sing wis sepuh banget. Saben dina Emak dodolan kacang garing sing wis diplastiki ing ngarep omah. Bojoku sing dikon kulakan kacang garing ing pasar. Emak uga kepengin dadi tukang pijet, jalaran nalika isih prawan pancen tau sinau mijeti marang Mbah Wasis sing saiki wis suwargi. Nalika isih sugeng, Mbah Wasis pancen misuwur dadi tukang pijet. Langganane akeh. Malah biyen kuwi Pak Bupati uga kerep njaluk pijet marang Mbah Wasis. “Coba gaweya papan tukang pijet, banjur pasang ing ngarepan omah kuwi, Le. Sapa ngreti bakal akeh sing kepengin njaluk pijet marang aku,” Emak ngakon aku gawe papan sing umume dipasang ing ngarepan omahe tukang-tukang pijet sing wis misuwur kuwi. Sawise papan kuwi kapasang ing ngarepan omah, jebule saben dina ana wong mara njaluk pijet marang Emak. Lebar dipijet Emak, wong-wong kuwi banjur padha menehi dhuwit sepuluh ewu utawa rong puluh ewu, malah ana uga sing menehi seket ewu rupiah. Emak emoh ngregani pijete. Sak monosukane wong sing lebar dipijet yen arep menehi dhuwit. Embuh arep menehi dhuwit pira, bakal ditampa, Emak ora bakal ngayang. Malah saupama yen ana wong sing lebar dipijet ora menehi dhuwit, Emak uga ora bakal njaluk utawa nggremeng. “Ing ngalam donya iki pancen becike tulung tinulung, murih barokah kanggo urip lan ngibadah,” ngono ujare Emak. Kabeh dhuwit saka wong-wong sing dipijet banjur dicelengi. Aku sing dikon supaya dhuwit saka wong-wong kuwi dicelengi ing bank. Sapa ngreti bakal akeh cacahe lan cukup kanggo ragad lan sangune umroh. Dadine saben dina Senin aku ngonthel sepedha menyang bank nggawa dhuwit sing arep dicelengi. Genep setaun Emak dadi tukang pijet, celengan banjur dakjupuk. Cacahe dhuwit sing dicelengi ing bank kuwi wis cukup kanggo sangu lan tuku 2 tiket umroh. Aku bakal dijak Emak umroh. Taun ngarep Emak kepengin nyelengi maneh supaya bisa kanggo umroh maneh karo adhi-adhiku. Nalika aku lan Emak daftar umroh ana ing kantor biro umroh, jebule ngepasi ana undian: sapa sing menang undian kuwi bakal ditambahi 2 tiket umroh. Emak bener-bener bejo, jalaran menang undian kuwi. Mula adhi-adhiku bakal bisa melu umroh bareng-bareng karo Emak lan aku. *** Nalika lebar umroh, ngepasi ziarah ing makame Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Emak sajak sayah. Sakojur awake lemes. Pasuryane uga katon pucet. Aku lan adhi-adhiku ngempet rasa kuwatir. Aku lan adhi-adhiku banjur padha mbrebes mili nyawang Emak. “Aja padha kuwatir. Emak pancen kepengin umroh jalaran yen kepengin kaji kudune ngenteni suwi, kamangka umure Emak wis tuwa banget. Saiki Emak wis marem jalaran wis lebar umroh karo kowe kabeh. Padha donga didonga wae muga-muga Emak lan kowe kabeh bakal bisa ketemu lan kumpul maneh ana ing ngalam akherat, sajroning suwargane Gusti Allah,” ngono pituture Emak karo mesem. Aku lan adhi-adhiku ora bisa ngempet tangis maneh, jalaran ambegane Emak katon mandheg, Nanging kabeh padha lega lan lila tur marem, jalaran nalika ambegane meh mandheg Emak tetep mesem karo maca sahadat loro, istigfar, tasbih lan shalawat. Lebar makamake Emak ing makam sing wis dicawisake kanggo jamaah umroh lan jamaah kaji sing wafat ing Madinah kuwi, aku lan adhi-adhiku banjur ngaso teturon ana ing hotel, ngenteni jadwal bali menyang Indonesia. Sajrone teturon aku keprungu suwarane Emak sing lagi ngendikan mengkene: “Saiki Emak wis tekan suwargane Gusti Allah.” Aku njenggirat, arep tangi, nanging sakojur awakku lemes kabeh. Aku uga arep ngomong karo adhi-adhiku, nanging lambe lan ilatku sajak kaku. Ambeganku uga saya seseg. Aku banjur bengok-bengok tanpa suwara: “Emak...! Kula ndherek...! Entosi...!

Ayo Mudik, Saatnya Uang Mengalir sampai Jauh

Editor
Is Ariyanto -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id pendidikan

Mahasiswa UIN Saizu Raih Juara Umum 2 PWK4 2026, Borong 19 Medali Pencak Silat

Kontingen Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Pencak Silat UIN Saizu Purwokerto berhasil meraih Juara Umum 2 Purwokerto Championship 4 (PWK4) 2026 setelah mengumpulkan 19 penghargaan dalam kejuaraan pencak silat yang berlangsung di GOR Satria Purwokerto, 14–15 November 2026.

Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Tak Sekadar Paham, Mahasiswa UMK Diajak Turut Menyuarakan Isu Lingkungan

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Dampingi Guru SD Shalom Kembangkan Media Pembelajaran Berbasis AI

Universitas Wahid Hasyim (Unwahas) Semarang melalui dosennya, Arief Hidayat, mendampingi guru SD Shalom Semarang mengembangkan media pembelajaran interaktif berbasis kecerdasan buatan dalam kegiatan In House Training (IHT), Sabtu (14/11/2026).

Espos.id nasional

MPR Benarkan Prabowo Dikabarkan Serahkan 2 Nama Cawapres Hari Ini

Wakil Ketua MPR Sohibul Iman membenarkan adanya informasi Presiden Prabowo akan menyerahkan dua nama calon wakil presiden pada Senin (23/11/2026), menjelang tenggat pengajuan 25 November dan sidang paripurna pemilihan serta pelantikan pada 9 Desember 2026.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Raih Beasiswa ITEC 2026 & Pelatihan di India dengan Nilai Maksimal

Eva Fatimah, S.S., M.Hum., dosen sekaligus Sekretaris Kantor Urusan Internasional dan Kerja Sama (KUIK) Unwahas, mengikuti Professional Development Programme for English Teachers di The English and Foreign Languages University (EFLU), Hyderabad, Telangana, India.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Gelar Workshop Menulis Proposal Tesis dan Disertasi

Pascasarjana Universitas Islam Negeri Prof. K.H. Saifuddin Zuhri (UIN Saizu) Purwokerto memperkuat kapasitas mahasiswa dalam menyusun proposal tesis dan disertasi melalui workshop pemanfaatan kecerdasan buatan (Artificial Intelligence/AI).

Espos.id nasional

Kementerian PU Aktifkan Posko & Percepat Normalisasi Sungai Jelang Puncak Hujan

Menteri PU Dody Hanggodo menginstruksikan seluruh jajaran meningkatkan kesiapsiagaan menghadapi musim hujan, termasuk mengaktifkan posko, memetakan wilayah rawan bencana, menyiapkan peralatan, dan mempercepat normalisasi sungai serta muara.

Espos.id nasional

BMKG Prakirakan Hujan Lebat Disertai Petir di Sejumlah Kota Besar Hari Ini

BMKG memprakirakan hujan dengan intensitas sedang hingga sangat lebat disertai petir dan angin kencang berpotensi terjadi di sejumlah kota besar pada Senin (23/11/2026), sementara masyarakat pesisir NTB diminta mewaspadai banjir rob hingga 26 November.

Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.

Espos.id nasional

Elite Gerindra Berkumpul di Hambalang Jelang Tenggat Usulan Cawapres

Sejumlah elite Gerindra dan pejabat pemerintahan mendatangi kediaman Prabowo Subianto di Hambalang menjelang tenggat pengajuan dua nama calon wakil presiden kepada MPR pada 25 November 2026, meski agenda pertemuan belum diungkapkan.

Espos.id nasional

Ini Daftar Kapolda dan Wakapolda Baru Hasil Mutasi Polri November 2026

Kapolri Jenderal Polisi Suyudi Ario Seto memutasi 107 perwira tinggi dan menengah Polri, termasuk enam perwira yang mendapat penugasan baru sebagai kapolda dan enam lainnya sebagai wakapolda.

Espos.id pendidikan

Kresek Indonesia Jadi Inspirasi, Green Narrative Siap Hadir di UMK

Bakti Lingkungan Djarum Foundation (BLDF) berkolaborasi dengan UMK dan Solopos Media Group (SMG) menggelar kegiatan tersebut di Auditorium Universitas Muria Kudus, Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kejagung Tetap Proses Hukum Riza Chalid meski Buron di Luar Negeri

Kejaksaan Agung tetap memproses perkara dugaan korupsi tata kelola minyak mentah PT Pertamina yang menjerat Muhammad Riza Chalid meski tersangka berada di luar negeri, termasuk membuka kemungkinan persidangan in absentia dan tuntutan hukuman mati sesuai ketentuan hukum.

Espos.id nasional

RI-Cina Teken 35 Kesepakatan Rp274 Triliun di Shenzhen, Ini Rinciannya

Presiden Prabowo menyaksikan penandatanganan 35 kerja sama bisnis RI-Cina senilai Rp274 triliun di Shenzhen, mulai dari smart city, EV, hingga etanol.

Espos.id nasional

Gempa Magnitudo 7,2 Guncang Maluku Barat Daya, Getaran Terasa hingga Kupang

Gempa bumi bermagnitudo 7,2 mengguncang wilayah Maluku Barat Daya pada Sabtu (21/11/2026) sore dengan kedalaman 125 kilometer, getaran terasa hingga Kupang.

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Kota Magelang Raih Perak Kejuaraan Karate Nasional

Prestasi membanggakan kembali ditorehkan oleh siswa SMP Islam Internasional (SMPII) Al Abidin Kota Magelang. Kali ini, Muhammad Ikbar Hadiputra berhasil mengharumkan nama sekolah dengan meraih medali perak (Juara 2) dalam ajang National Karate Championship Bhayangkara Eager Series II pada kategori Kumite Under 45 kg SMP Putra

Espos.id pendidikan

Tak Cuma Kejar Target, Begini Cara Siswa SDII Al Abidin Sukoharjo Jaga Hafalan

Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo menerapkan pembiasaan program Tahfidz yang tidak sekadar mengejar target hafalan, tetapi melatih kesabaran, tanggung jawab, dan konsistensi.