Urip kekancan panas karo udan Gandulan ana ing pucuk-pucuke pang Saklembar-lembare yaiku ngimpi Kang durung rampungGodhonge Katresnan
Kawentare trisna selawase Nggawe godhong-godhong kang wus gogrok Pengin urip ngrembaka
Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia
Ora dadi ngapa Ngrasakne gogrok bola-bali Amarga ora ana kang sampurna Sakjroning trisna Sak liyaning siji ukara yoiku setya
Madiun, 2022
Padang Bulan
Padang bulan wengi iki Ngelingake nalika cilik Durung enek padang listrik Dolanan ing ngarepan Karo kanca sak pantaran
Jamuran, jamuran Ya ge gethok jamur apa Ya ge gethok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung Sira badhe jamur apa?
Jaman saiki Bocah-bocah padha ora ngerti Apa iku tembang jamuran Amarga kesenengen hp Dolanan game nganti lali sinaune
Madiun, 2022
Trisna Selawase
Aku jaluk ngapura Yen tansah tak celuk jenengmu Ana ing donga-dongaku
Saumpama mengko Tanganku loro Wis ora bisa nulis geguritan Yakinna
Sakjroning ati Trisnaku uwis ngrembaka
Madiun, 2022
Gusti Allah Iku Siji
Ora ana kang ngembari Nyipta kewan lan manungsa Nyipta bumi lan angkasa
Nggawe udan Kanggo nukulake wiji Nyuburake jagung, tela, pari
Gusti Allah iku siji Welas asihe tanpa upami
Madiun, 2022
Lebu
Aku dudu mawar Kang abang mbranang Aku dudu melati Kang putih memplak
Aku iki lebu Kang nemplok ana ing watu-watu
Tak kandakna marang sumiliring angin Aja, aja nggawa awakku Mabur duwur nyundul langit Banjur kok ceblokne Nganti dlosor mengisor
Aku iki lebu Kang nemplok ana ing watu-watu
Madiun, 2022
Mangsa Ketiga
Ing tengah sawah Kang urung enek tanduran Bocah-bocah padha ngumbulke layangan
Tak sawang-sawang Aku mesam-mesem dhewe Banget polahe amrih mumbul layangane
Semono uga awakku Donga, makarya Ngupaya katekan gegayuhanku
Madiun, 2022
Mangsa Rendheng
Pirang-pirang dina Udanne ora terang-terang Ibuku sambat Taline kebak pemean Bapak katon sumringah Banyu lumeber ing sawah
Aku dadi bingung Melu bungah apa susah Banjur tak waca Terang- terang mbah kakung negor gedang, arite gowang Terung-terung mbah kakung negor rebung, arite buntung
Udan saya deres Ora mandhi japa mantraku Nanging ibu bapakku dadi gumuyu
Madiun, 2022
Kangen
Tansah gumandul ing netra Sliramu priya pepujanku Nyawang bulan Katon esemmu Nyawang lintang Kebak praupanmu
Angin Aku titip kangenku Tulung takonna Apa atine padha Kaya kang tak rasakne Ing jero dhadha
Madiun, 2022
Alina Sukesi lair wonten Madiun, Jawa Timur. Nulis puisi, cerpen, lan geguritan. Asil makaryane wis kamot ing koran, daring, lan buku bebarengan.