Sakplastik Wedang Teh
wedang teh plastikan sing temangsang ana wit-witan prapatan dumadakan crita: aku iki mung sadrema gambaran pepake perjuwangan
Komeng Tak Perlu Koming, 5,3 Juta Suara sudah di Tangan
Piye gerus getire golek gogrokan cuwilan pangan ana ing amuke panas sing mobal tengah kutha nalika rasa nggiles krasa teka
tanganku mung isa ngathung kaya guritan kecemplung sepada mbaka sepada kerakit kanthi rekasa nanging mung tlapak amba nampek mripat tanpa bisa kacegat
riyaya iki aku balik nyusuh menyang bruwet ndesa seminggu maneh keterak bali njegur sumup kutha mbok menawa mengko ana tangan kemlawe teh plastikan seminggu kepungkur sing cemanthol kae bakal tak uyub merga kena panase srengenge. Tlogosari, 2022
Wedang Teh Cemceman
wedang teh racikan sing kependhem cem-ceman gandane arum
Ngrubunge teh sing kemampul mertandhani ngajak kumpul ana gerdhu prapatan karo mbabah jagongan
teh rasa gandem marem iki asil racikan saka pirang-pirang pacoban tekan pirang-pirang takeran kajumput saka loro tekan lima merk ngenthelke rukun akehe pengarep
yen mripatmu wis krasa mbleret ujug-ujug bisa wae bali awas cara nyawangmu krasa bregas nggrayangi urip ora kesleo was-was
teh campuran saka pirang-pirang pabrik kekuras nganti cbuthek angkir-gelase resik nekuk awak lungkrah dadi gagah nganti sesuk isih kober ndhangkeli tunggak tekan matun sak kedhok sawah kimplah-kimplah. Semarang, 2022
Teh saka Njero Kerdhus
teh sak kothak kerdhus tak borong ngusung mekroke ati dadi plong isine patlikur, milang bocah-bocah dadi akur
ora perlu ribet cepak gelas cangkir, genep tutup lan tatakan – nampan sing temangsang merga kabeh kudu bali ngelapi mbaka siji durung anggone nata ana tlatah meja kaca
yen wis rampung kudu diisahi akeh sing padha iren lan mblenjani mbledhos dadi rerasan nadyan puluhan taun isih kelingan. Semarang, 2022
Teh lan Kopi Anget
melu rapat ana hotel, teh lan kopi wis cetha dhewe-dhewe adhahe milih kopi wedi ora bisa turu milih teh kurang semriwing gandane kaya celathunmu “aku pilih kopi campur teh kareben rasa lelorone keconggah kabeh” nanging bareng sliramu nganggep aneh tak toleh jebul malah nyoba segere ora gawe kuciwa mengko yen ana pitakonan: ngombene apa dadi telung werna teh, kopi lan campuran sing gawe guyonan. Semarang, 2022
Teh Nyemek-Nyemek
: Mbok Sastro Siyam tesih kemutan Mbah Sastro? Teh nyemek-nyemek ingkang panjenengan paringaken kaliyan ngliga kula sampun maca kanthi lantip cetha kutang cemeng ingkang sampun pinten-pinten taun sajakipun mboten nemoni bosen nutup primpen kisutipun hawa nepsu ingkang sampun gumlethak dangu
warung bakmi niki kraos dados aji-aji sanadyan rasane kepyur ngalor ngidul ilat kula dereng kethul “Limalas rupiah Le, komplit karo kepyur kacang brudhul gurih gorenge,” semaur panjenengan nggenepi teh nyemek-nyemek ingkang pun banrol gangsal rupiah kanthi rumus matematika nggenah teh nyemek-nyemek raos kepyur madu kadeleng winates pun sruputi para suhu kula namung mesem, durung duwe pametu kok wis wani ngincipi teh nyemek-nyemek mau apa maneh mlangkring ana lincak gerang sing tentrem kanggo jagongan. Ngambil-ambil, Nguter, 2022
Teh Diselipi Jeruk
segelas teh gelas ukuran dhuwur mbok selipi irisan jeruk lemon bagiyan lambe yen mlebu restoran wangi; jenenge lemon tea aja kaget yen regane ndedel netel padha karo rega sega, kopi kenthel lan lawuh muntel-muntel
teh lan jeruk anet sing mbok suguhke mbiyen gawe pikiranku kebak taren geneya nggawene ora kesuwen? mbok menawa rembug katresnan ben gampang kedaden. Wonogiri, 2022
Sak Ceret Teh
nalika ngirim sega lan lawuh jangan gori kacang tholo menyang galengan sawah sak ceret teh sing isine kebak bakal gage miyak seret gulu lan buthek pikiranmu
rega rabuk ndedel polah manuk pating kleper walang padha balapan ngomyang apa bakal kabeh ilang nalika bareng madhang?! “Ilange mung sedhela merga pikiran kejiret rasa,” bubar kuwi kahanan sawah bali ngentepi. Semarang, 2022
Budi Wahyono, lair ing Wonogiri. Geguritane kasebar ing maneka warna media massa lan pirang-pirang antologi. Saiki manggon ana ing pinggiran kutha Semarang 50195.