Wis digunakaké Celanané Mlebu kaloro sikil Nggoleki jangkah lan dalan Menyang jagat sajak Aku lunga menyang kutha-kutha Saben dinané Angin nyebulaké kain iku Menehi wujud ing lipetan Sing apik tenan Banjur, aku muji Tembung katresnan kanggo dhewéké Indramayu, 2020
Sejak Era Sukarno, Sejarah Timnas Indonesia Jangan Kalah dari Malaysia
NGANGGO BLANGKON
Karo tanganku Aku nganggo blangkone mbah kakung Mésem ing ngarep pangilon Mbayangna pangéran jawa Nggantheng lan wani Wong priya sekuduné Legenda jaman, dadi pahlawan Indramayu, 2020
SEPATU ABANG
Pasangan sepatu abang —tengen lan kiwa Aku nggawe kaya kita Dijéjéri, langkah beberengan Menyang dalan Menyang pangarep-arep Indramayu, 2020
KALIGRAFI STRIMIN
Dhéwéké isih gumantung Kaligrafi strimin gawéyan ibu —sulaman basmalah Saka benang wol Werna-werna kluwung Digambarké ing kain kasa kandel Saben wektu aku maca Lan aku krasa tresna Indramayu, 2020
CÉLÉNGAN GAJAH
Ing dhuwur bufét Céléngan gajah lenggah piyambak Bledug lan rereget kandel Kapandeng sepi Tanpa ngemprét-ngemprét Ora ana swara ing kana Bolongan peteng Kasepen abadi Dhuwit-dhuwit ora tau mlebu Mbokmenawa bakal selawasé Mung kala mangga nggawé omah Indramayu, 2020
PUSPA
Mliwis putih puspa ing méja tamu Dikumpulkaké saka kebon dening ibu Kang éndah Kang dadi hiasan Asring aku lungguh ing cedhak dheweke Tumuju kembang Tumuju kasucian diri Lan aku dadi gumun Indramayu, 2020
ASBAK
Asbak saka tembaga Ing méja dadi kanca setya Mbokmenawa wis ora kaétung Pira udud kobong ing kono Kemelun mabur kaya kupu-kupu Pikiran lan ati mbukak Aku kandha, apa ora bosen Mung dadi wadah awu Lan tegesan? Indramayu, 2020
Faris Al Faisal lair ing Indramayu, Jawa Barat, Indonesia. Saben dinané