Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

Geguritan Gampang Parwoto

author
Minggu, 12 Desember 2021 - 02:00 WIB
Geguritan Gampang Parwoto
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ana

salumahing rina sakureping wengi kinira jroning kinira lelembut tan kasatmata angebaki jembaring dirgantara nyigar jagading bebrayan orak-arik obah-ubenging pranatan kabeh iku kasunyatan "ana iku ana" awit ana ananing ana "ana iku ana" sapa nandur bakal panen "ana iku ana" wiwitan lan pungkasan aja ming crita, aja ming kandha ati kanthi ati, klawan ati ati rasa klawan rasa kanthi ditindakna "gajah kalungan bendho" sakureping wengi salumahing rina.

Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia

Sastrowidjojo,22072020

Blocok

Ora ming swara mercon sing bisa blocok ning pangucaping cocot kala kala uga blocok mercon lan manungsa yagene ming banter soraning swara kuping kuping bisa nampa banjur ana ngendi sari galihing rasa lamun ati ming dadi undha usuking wawan pangandikan.

Sastrowidjojo,11082020

 

Kidung Suran

kidung dadi mendhung sinawang ing awang awang kayadene ukara rinakit tembung mekaring tembang akudhuk kembang arum angganda wangi manjing madyaning ratri nglangut angantu wengi kang sintru yen kidung dadi rimis mantra mantra asembur ula tampar tali picis angaku naga deksura tetopeng wicaksana lamun kidung dadi udan sambang saparan paran teles apadene garing ora dadi ukuran.

Sastrowidjojo,27082020

 

Tali Jiwa Sastrowidjojo

aku kidung ukara rinakit tembung mekaring tembang akudhuk kembang nyawiji arum angganda wangi "punjul ing apak-apak brojol ing akerep" klawan urap lan urup kang bisa urip lan nguripi mring sasami.

SS,29082020

 

Nyilih Ambegan

aja sira nunggang kreta kanthi mlumpat gerbong awit rodha kang wis lumaku sawetara ninggalake tasiun iku banter ubenge apa ya kwawa nututi nadyan sisa ambegan prenggosan loko kang katon tuwa pranyata prakosa kaprawiran kebak pangariwibawa yogene sira tega nunggangi kreta loko tuwa sira mentala jejering satriya muda nyilih sisa ambegan ambegan tuwa.

Sastrowidjojo,07092020

 

Gurit Lingsa

tuma wis ora ana tankwawa nandhang lapa ing pathak keteling alas rikma saka panas benter bantering pikir molak malik ndonya jagading tuma.

tuma wis ora ana ning kor kor panggah anake tuma gemrayah polah ngidak-idak sirah pating pendhusul gatel nyecep getih krembyahan kaya ora duwe salah.

tuma wis ora ana amung ninggal maewu lingsa ing sadawane wulu saketele rikma entenana sauntara sajembare mustaka akal lan nalar bakal kebak tuma, kor, lan lingsa.

Sastrowidjojo, 13092020

 

Dhedhet Rahina

tintriming wengi aja kokanggep sepi ing ulegan usering pikir sarah lan sangkrah durung gelem kentir isih mobah mubeng anteng peteng lelimeng wiwit awang awang tekan ngarep lawang tetanduran sawah thukul sajrone omah batin tansah ngenes teles banyu langit ngebun tumus ing netra wengi tintriming luwih rame saka kutha dhedheting luwih padhang tinimbang rahina.

Sastrowidjojo,05102020

 

Salah Mangsa

udan lagi wae netesake luhe ing bumi klairanku kang rengka nela sabendina ing langit tumlawung mendhung kasapu angin ambyar sadalan dalan pandhemi njelma pandhemo kemriyik kemriyek kemruyuk kaya udan salah mangsa tela ing pategalan mingkup sanalika.

Sastrowidjojo,09102020

 

Pinarak Bojonegoro

43 telu papat ginambar menjangan sinungu kuat landhep tur ngepang mula aja gawe kaget mundhak kasundhang ora sembarang panganan doyan ming ngemil ijoning gegodhongan ning playune banter ngungkuli jaran.

343 telu papat telu ginambar mobil ambulan nadyan sirinene mecahne talingan nyigar dalan lan nerak lampu abang ora kalebu sopir ugal ugalan kabeh mau mburu cepet "weweh pitulungan" tumprape wong kacilakan lelara kang butuhake tetamban nganti ngemot ngeterake jenasah saka rumah sakit tekan ngomah kang ora winates wayah.

321 tesene iki telu loro siji ginambar klentheng papan kanggo ngibadah konghucu maneka warna minangka tandha emas, ireng, biru, ijo ning abang paling katon tumata uga maneka kewan dadi simbule peksi phoenix lambang kaisar uga raja naga, macan, lan kura ning aja was sumelang kepara dadi ati awit sajrone klentheng jinejer para dewa.

21 loro siji ginambar lonthe ora ateges wanita tunasusila lacur utawa sundel ning luwih saka iku mula kudune ati-ati lan waspada marang wong wong kang lamis ngathok ngecipris criwis lecet ing solah bawa kang bakal njejeg kawibawane raja.

Bojonegoro, 20102020

 

Esem Semok

aku ngopi tanpa kopi awit kopi kopi kari aran warna ireng iku saka sumba pait lan legi pranyata ming prasa.

aku ngopi tanpa gula awit kopi kopi kari aran rasa legi iku ora saka gula pait lan legi pranyata ming rasa.

aku ngopi tanpa gula lan kopi awit kopi kopi kari aran pait legine kopi gumantung ati banter luwere signal signal wifi uga eseme semokepramusaji.

Sastrowidjojo,23102020

 

Udan Udan Udane Uda

sok glogok nguras banyu langit akasa kepara njingglang padhang nyiram ambane tela sisa ketiga dawa weneh omben ngoronge tetanduran.

udane glogok sok nguras dhedheting wengi ayit adhem atis ngiris iris ati kemul kandel brukut rangkep telu yagene durung bisa ngangetake udel.

udane glogok sok, sok glogok nguras hawa sajroning rasa udan wengi, angon ati, momong tresna adhem rinasa anget, anget dadi kemringet udan wengi, kemulan udan, udan udan, uda.

Sastrowidjojo, 03112020

 

Edan Taun

jamane jaman edan lamun ora edan ora adang lamun ora melu ngedan ora kondhang.

jamane jaman edan sakujur awak kaku kececengan mripat mendelik kaya kesurupan ndleming ngalor ngidul ngulon ngetan gindrang mlayu saparan paran ndhegar ndhegar persis jaran tundhane kewan kang durung keloan paribasan kapalang mlumpat, kadhadhung pedhot ngertenana iki mana jaran edan

jamane jaman edan sato kewan padha adu kapinteran pinter ngakal, ngakali, lan nukilan minteri dalan buntu dadi tembusan elinga sabeja bejane wong edan isi beja wong kang waras lan waspada.

Sastrowidjojo, 05112020

 

Asu

nesumu kaya asu pranyata ora ming jenggong jegug lan njegugi sirah sirahe bocah uga sirahe simbah nakur nakur, ngrayah, lan njarah layah nguleg sambel nganti pecah ajang mangan numpleg segane wutah wedang panas ngguling cangkir pecah.

nesumu kaya asu sadhela mesem, sadhela ngguyu mbendara, lulut, manut, lan mituhu sendika parentahe juragan asu kramut, kopen, kapama kaya ratu mangane daging ngombene susu nadyan ming ngimpi jroning turu.

Sastrowidjojo,07112020

 

Gampang Prawoto Sanggar Sastrowidjojo, Pejambon, Sumberrejo, Bojonegoro

Editor
Damar Sri Prakoso -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar