Cathetan Pinggir Bengawan
Ing tepining bengawan iki kringetmu nate kecicir tanpa koksadhari jalaran sliramu kesengsem ngulati abure kupu kuning
Persib Bandung, Timnas Indonesia dan Percaya Proses
Aku dhewe lagi ngerti sawise kringet sing kecicir iku ngganda kecut kaya gandane jaketmu sing ora nate mambu binatu
Saiki coba kandhakna: apa isih ana cuwilan crita ing njerone sak jaketmu ngenani rasa sengsem marang kupu kuning sing mabur mrana-mrene nganti parak enjing?
Lukisan
Wanita kuwi pesen lukisan pastel dheweke sing dadi modhel
Marang si pelukis, dheweke meling, "Wujude lukisan aja mlaha, bahan-pigurane ya sing mingsra, perkara rega, kowe muniya!"
Si pelukis nyawang wanita kuwi ing mripate ana banaspati
Ah, jebul abot sanggane ngugemi kasetyan sing saya lungse antarane esuk lan sore
Nganjuk, 2021
Gelang Karet
Sliramu gelang karet takdirmu mlungker ngeyeyet pengaji ora mingsra yen kecicir ora ana sing gelem nggawa
Gelang karet barang sepele gampang diulur ya gampang pedhote dina-dina ing regemenane bethara kala jatidhirimu sapa sing nggawa?
Sliramu gelang karet dheweke gelang karet nuwun sewu, aku aja katut dieret-eret
Kediri, 2021
Swara Gitar
Swara gitar irama dhatar nyuwak wengi tintrim lumusup tekan kamar ngithik-ithik kuping
Sliramu nglilir nuli ngekep guling swara gitar ing kadohan keprungu saya bening
Swara gitar kuwi nggugah kenangan sing kurugan wektu tetaunan
Wengi tintrim lan swara gitar kang bening ah, mesthine sliramu isih eling nalika wengi purnama ing ngisore wit blimbing
Nganjuk, 2021
Manuk Genthilang
Manuk-manuk genthilang gumerah ing kabel listrik cecet-cuwet sesautan buntute jenthat-jenthit
Sliramu takon: manuk-manuk genthilang kuwi seneng-seneng nikmati kamardikan apa nggetuni rubuhe wit ringin kuning?
Aku meneng sliramu mentheleng
Mungguh aku duwe aji gineng mesthine bisa dakngerteni wicarane sadhengah kewan sateruse dakcritakake marang sliramu utawa dakcathet jroning guritku
Manuk-manuk genthilang manuk-manuk kang sugih tembang
Nganjuk, 2022
Wiji-wiji Gurit
Nyebar wiji-wiji gurit ing tlatah cengkar lan pategalan alit esuk-sore kasiram banyu katresnan
Wiji-wiji gurit iku nitis saka prentuling kalbu nalika nepusi laku antarane siyang lan dalu
Sliramu ngerti?
Aku sing tinanggenah ngupakara wiji-wiji gurit kang thukul ndrebala ora keduga ngliyep senadyan mung sedhela
Nyebar wiji-wiji gurit tuhu setya nggegem pakem lan sanggit
Nganjuk, 2022
Leren ing Alun-alun
Ing alun-alun kuthamu aku leren unjal napas lan ngetus kringet saka jantraning urip lan panguripan sing katon bluret
Wit-witan ngrembuyung sing ngepung pinggire alun-alun prasasat dadi kudhung tumrap among dagang bot-bote golek sandhang-pangan
Lan saiki, ing alun-alun kuthamu, aku nunut leren sedhela sinambi nyruput wedang kopi istingarah bisa nahanani timbule tenaga lan inspirasi
Leren ing alun-alun kuthamu ngadhang kumlebate jubah-Mu
Nganjuk, 2022
Guritan Larang
Guritan sing paling larang dipajang ing ruwang pameran regane dibandrol samilyar
Guritan tulisan tangan iku ngemu daya nggugah semangat egaliter ngelingake marang jatidhiri kadidene bangsa mardika aja nganti kethewer-thewer
Guritan kang gumebyar nganggo pigura sinepuh emas anggitane Bung Besar
Surabaya, 2022
Keliek S.W., lair ing Wonogiri lan saiki dedunung ing Nganjuk. Tulisane wujud guritan, crita cekak, novel lan esai sumebar ing maneka warna hudyana basa Jawa.