Panen Lendhut
Wengi-wengi wingi Nalikane wong padha turu kepati Udan angin pindha tinumplek Gegodhongan jejogedan klawan angin Dumadakan.... Swara jumlegur lemah longsor Nrabas apa bae kang dadi pepalang Nora maelu omah Nora maelu kreteg Nora maelu wong liwat Nora maelu sato iwen Iku pangamuk nyata Kridane kisma kang kasia-sia Kang sasuwene iki pinulasara Angkuhing manungsa Saiki, iki pikolehe Panen lendhut Mbleber ilining luh lumuber Udan tangis korban jiwa
Persib Bandung, Timnas Indonesia dan Percaya Proses
Mojogedang, 2022
Kidung Sadawane Wengi
Anakku Nalika ing madyaning kutha Wanci lingsir wengi Delengen.... Kae.... Kang nedheng turu kepati Gumlethak ing emperan toko Kinemulan mega Nggelar kerdus minangka lambaran raga Anakku, Samangsane wengi sansaya mencit Dheweke katisen lambe biru kecu komat-kamit Kekes Saranduning balung gumerit Banjur kepriye puputane, anakku Adan subuh... Gumregah, tangi cenkelak wengi gumanti esuk Bagaskara anguk-anguk dhuwur gumuk Asung esem saliring titah Kang turu kepati jangka Laku nlusur lurung- lurung lungit Pangan... Rinasa medhit Tan bisa sesambat Jroning nala jelih-jelih Ngalintrih mapak jogede sorot bagaskara Anakku, cuwillna atimu Tetesana segere embun Kinarya nata ambegan anyar Kae uga titah Ulungna tanganmu Ranggehen endahe kluwung Kinarya lelipur pangenthenging sanggan urip Sapepadhamu Ngger , anakku
Usada Piniji
Suket grinting Suket Kaladana Ron landing Alang-alang Adas pola waras Godhong jarak kepyar Oyot aren Dakudi dunung kendanganmu Kinarya ngrucat lelara Ngluari panandhang raga Kang katrem klawan kahanan Raga sansaya tuwa Tan kanyana..... Usada yekti cumepak Kroncalan, Kari nggelak karep Jumangkah ngoyak wektu Nglari..... Piwulang jejampi simbah kawuri Eman, kentir obah mosik jaman Padha nglalekake Usada saking bumi mring wakmami
Krenteg Ati
Kumelip lintang ilang Kadusta kukusing keluk muluk Kang ngebaki dirgantara Tan kinira njarem teka njero nala Wengi iki kartikane surem Kadhung nora gelem Nyebar endahe esem Gawe tangis teleng ati Ampag-ampag panggah pongah Dina-dina ngatonake kasudiran Ndadekake saya adoh Anggonku ngranggeh kluwung Dakrasa pindha cupet ing nalar Nganti kentekan tembung Kanggo ngranggeh las-lasaning ukara Dina iki, ragaku kesel Klekaran jroning gelaran Rina wengi mbabar ros-rosan pring Srana.... Panglimpe lumakune dina Murih jenjem gatra-gatra urip iki Puguh jejeg napaki garising Hyang Wilasa Ngger, anakku Nggonku napaki wektu wim meh mencit Tangi...... Oyaken sumorote bagaskara Kang ngglewang mangulon kae Murih besus uripmu Beksan klawan jogede sang kala Ngger, anakku Bapak wis kesel Dakantu kridamu Ngger cah bagus Kanggo ngluwari kabeh krenteg ati Kang sasuwene ini surem Ngrantu kumlawene pikiranmu Napaki uripmu sejati
Mojogedang, 01-2022
Nggumun
Satemene, atiku gumun Wong-wong kae dha ngapa gegrombolan ngedhep angka Tulisan wujud angka-angka bae dijingglengi Apa ora dha makarya? Apa dheweke wis kudu mangkono? Wiwit tabuh sanga esuk nganti sewelas bengi Ngedhep angka Klesik-klesik banjur nguyu bareng Nora suwe..... ana kabar metune angka Ana sing lunjak–lunjak Ana sing ngguyu ngakak Nembus .... Nembus ..... Mbledhos Nanging ora sethithik kang lelumban ngumbar pisuhan Ngidhung kalahe ngabotohan Banjur..... Dheweke, Lunga nuju papan wingit Komat- kamit ngecuk mring demit Wis pokoke aku gumun Nyipati trekah wong- wong kedanan angka Banjur..... Papacintraka
Sri Harnoko Guru SMPN 1 Mojogedang, Karanganyar