Celengan, wektu iku maneka rupa wujude. Ana kang mirip sato kewan (kucing, gajah, jaran, pitik lan liya-liyane), ana kang awujud wohwohan (manggis, apel, blewah, semangka lan liya-liyane) lan ana maneh kang dientha tokoh-tokoh jagading pawayangan (Semar, Gareng, Peruk, Bagong, Togog lan Bilung).
Ayo Mudik, Saatnya Uang Mengalir sampai Jauh
Kajaba iku, isih ana maneh kang luwih prasaja lan gampang gaweyane, saka ros-rosan pring lan bahan baku liyane. Jaman biyen, akeh uga para ibu-ibu kang nyelengi dhuwit utawa raja kaya liyane (mas, inten) jroning gembolan utawa bundhelan sapucuking stagen. Najan beda rupa lan cara, ancas tujuwan lan mupangate ora beda. Nyelengi, wujud nyata cak-cakane piwulang patuladhan luhur murih urip kita tansah gemi, nastiti lan ngati-ati.
Trep-trepane gemi mungguhing wong kang wis diwasa, utamane para kaum wanita kang wis winengku balewisma, ateges pinter nyimpen raja kaya kang awujud dhuwit, mas-masan, inten, barliyan lan liya-liyane. Carane, ngedohi lan ngindhari tetukon kang kurang ana paedahe, pewetune raja kaya aja kanggo nuruti pepenginan urip ning pinangka nyukupi kabutuhaning urip.
Murih ora kaya paribasan ‘Gegedhen empyak kurang cagak’, tetepa urip prasaja lan sak madya. Ing kene perlune ‘nastiti’, dimaknani tata titi titising nggulawenthah mlebu metune raja kaya. Supaya pratitis anggone nggulawenthah anggaran balewisma, becike tansah metung mlebu metune raja kaya lan ngira-ira pametu kang ora dinuga-duga.
Tan bisa ora, kudu nyisihake jroning celengan utawa nyelengi. Jumbuh ancas tujuwane nyelengi kang keket rakut gandheng ceneng mring piwulang patuladhan ‘gemi, nastiti lan ’ngati-ati’, ora ateges kudu kapetung njlimet lan ndakik-ndakik banget, kang jluntrunge malah dadi wong medhit lan cethil mbethithil mring sesame.
Murih uripe tan kapitunan lair batin lan donya akerate, kaya paribasan ‘Tiwas cincing-cincing tetep klebes banyu’, darma bektine wong urip mring kadang mitra kang nandhang papa cintraka, becike uga tetep dilaksanaake nut kakuatan lan kamampuane.
