Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

Jathilan lan Gangnam Style, Padha Cengkok Beda Nasib

author
Rabu, 26 September 2012 - 09:31 WIB
Jathilan lan Gangnam Style, Padha Cengkok Beda Nasib
ESPOS.ID - Sawijining pepanthan seni jathilan nuduhake kridhane ing Gelar Budaya Kolosal ing Universitas Sebelas Maret Solo, sawetara wektu kapungkur. (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)
Sawijining pepanthan seni jathilan nuduhake kridhane ing Gelar Budaya Kolosal ing Universitas Sebelas Maret Solo, sawetara wektu kapungkur. (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)

Wong sakdonya ing titi wanci pungkasan ini padha gandrung gangnam style, joget kairingan tembang rap saka Korea Selatan. Gangnam style arupa jogetan sing nggambarake polahe jaran dening penyanyi rap Psy. Ing Youtube, video jogetan kasebut wus ditonton dening 200 yuta wong. Jathilan lan gangnam style padha-padha jogetan sing nggambarake polahe jaran. Jathilan luwih tuwa tinimbang jogetan jaran saka Korea Selatan kasebut.

Komeng Tak Perlu Koming, 5,3 Juta Suara sudah di Tangan

Sanajan jathilan luwih tuwa, nanging nasibe kalah apik tinimbang gangnam style. Jathilan lan gangnam style padha cengkok nanging beda nasib. Ing Korea Selatan jogetan kuwi didunungake ing papan kang becik lan disengkuyung warga negara kuwi minangka karya budaya sing gawe moncere negara.

Suwalikake, jathilan ing Jawa Tengah malah dicap minangka karya seni sing ala dhewe sakdonya. Pambiji mangkono mau ndadekake muntabe wong akeh. Jathilan jan-jane ora mung jogetan. Jathilan kuwi gegambaran tata cara urip ing bebrayan agung. Lumrah menawa akeh sing muntab nalika ana priyagung mbiji jathilan kuwi seni ala dhewe sakdonya.

Miturut dosen Jurusan Tari Institut Seni Indonesia [ISI] Solo, Dwi Wahyu Diarto, jathilan kuwi karya seni kang ngamot tapsiran minangka sarana kanggo nemoni leluhur sing wus surut ing kasedan jati. Ing salah sijine dusun ing Magelang, warga bebrayan agung ing kono nggunakake jathilan kanggo sapatemon kalawan leluhur dusun kuwi. Jathilan uga mujudake upacara ngaturake panuwun marang Sing Maha Kuwasa lan atur panuwun marang leluhur sing gedhe labuh labete tumrap generasi jaman saiki. Papan kanggo mbabar seni jathilan bisa ing sendhang, belik, sawah, utawa tegalan.

”Jathilan ing tapsiran magis-religius mangkene iki pancen ora prelu ditonton. Jathilan ing tapsiran mangkene iki gunane kanggo sesambungan kalawan roh para leluhur supaya antuk pituduh kanggo ngudi urip lan panguripan bebrayan agung sing luwih becik,” pratelane Dwi. Jathilan kang ngandhut werdi magis-religius mangkene ini ora mrelokake sandhangan sing resik lan apik. Sandhangan jathilan ing werdi magis-religius ora kaya jathilan sing dibabar kanggo penglipur. Ing upacara magis-religius kasebut, paraga joget jathilan ana sing nganggo sepatu sing lumrah kanggo bal-balan, nganggo kaca mata ireng lan liya-liyane.

”Jathilan sing werdine magis-religius ora bisa dibiji lan didhudhah saka tapsiran estetika amarga dudu kanggo panglipur,” piterange Dwi. Ing perangan joget jathilan mesthi ana siji utawa loro sing ndadi, kesurupan. Kuwi werdine wus kasil sesambungan kalawan arwahe leluhur.

Ing jaman biyen, ing tradhisi agraris, arwah leluhur kuwi bakal aweh pituduh tanduran apa sing bisa ditandur ing mangsa kang bakal teka. Yen sing ndadi kuwi nyebut “lombok” utawa “kacang” tegese ing mangsa kang bakal teka wong sakdesa kudu nandur lombok utawa kacang, ora kena liyane. Sanadyan ora ana cawe-cawe saka pemerintah, jathilan bakal tetep lestari jalaran lelandhesan ukum, pranatan lan tata cara uripe bebrayan agung, mligine ing karang pradesan. ”Ora bakal mati sanadyan ora ana sanggar jathilan. Bocah cilik ndeleng sepisan wae yen wani mesthi banjur bisa melu njoget. Gampang amarga ora ana cakepan sing baku,” piterange Dwi.

Miturut andharane Dr Sutiyono ing makalah asesirah Mengenal dan Memahami Seni Jathilan di Era Global sing dibabar ing Workshop dan Festival Seni Tradisi kanthi underan Eksistensi Seni Tradisi Di Era Global ing Museum Benteng Vredeburg Yogyakarta, 5-6 Agustus 2009, jathilan nggunakake jaran kepang. Jaran kuwi pralambang daya. Ing sawijining pepanthan jathilan cacahe paraga bisa nganti 30 wong. Seni jathilan kababar ing jogetan sinartan piranti jaran kepang kairingan musik gamelan climen arupa bendhe, gong lan kendhang.

Jathilan wus disebut dening sarjana Walanda sutresna kabudayan Jawa, Th Pigeaud, nalika ngandharake seni kabudayan Jawa ing taun 1938 ing bukune asesirah Javaanse Volksvertoningen. Ing buku sing kandele 545 kaca kuwi mertakake maneka wujud seni rakyat, salah sijine jaran kepang utawa jathilan. Saliyane jathilan minangka sebutan sing mratah ing laladan Soloraya lan saperangan Jawa Tengah, ing Kulonprogo, DIY sinebut incling, ing Bantul DIY sinebut ogleg, ing Blora sinebut Reog, ing Kebumen sinebut ebeg, ing Magelang sinebut jaranan pitik walik lan ing Boyolali sinebut jelantur.

Sandhangan paraga seni jathilan ora ana pranatan baku. Pepanthan sing paragane 30 wong utawa luwih biyasane kuwawa ngrakit sandhangan sing apik. Jathilan kuwi ing madyaning bebrayan agung kadidene lem, ngraketake kabeh warga bebrayan agung. Ing sawijining tlatah, saben sasi Sura sok-sok ana pagelaran jathilan saben dina. Wewengkon siji nggelar jathilan wingi, wewengkon liyane nggelar jathilan dina saiki. Mubeng terus tanpa pamrih, kejaba mung kanggo nguri-uri kabudayan.

Editor
R. Bambang Aris Sasangka -

journalist, history and military enthusiast, journalist competency assessor and trainer

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Kasus Dugaan Makar, Tersangka Pesan 500 Kaus Tiga Jari untuk Aksi Demo

Bareskrim Polri mengungkap peran enam tersangka dalam kasus dugaan makar yang berkaitan dengan perkara penyadapan ilegal.

Espos.id nasional

Pertahankan Jabatan Kapolri, Jadi Motif Makar yang Dilakukan Listyo Sigit Dkk

Motif mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo dkk dalam kasus dugaan makar terhadap pemerintah Presiden Prabowo Subianto diungkap Badan Reserse Kriminal (Bareskrim) Polri.

Espos.id nasional

Punya Harta Rp13 Miliar, Ini Profil Sugiono yang Diusulkan Prabowo Jadi Cawapres

Presiden Prabowo Subianto mengajukan Sugiono jadi pengganti Gibran Rakabuming Raka sebagai Wakil Presiden ke MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.