Langganan

KETHOPRAK: Tamba Mumet

Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Sabtu, 18 Februari 2012 - 12:00 WIB

ESPOS.ID - Heri Priyatmoko, Mahasiswa Pascasarjana Sejarah UGM. (FOTO/Dok)

Kutha Solo lan Ngayogjakarta dadi laladan kang subur tumrap ngrembakane kasenian kethoprak. Jalaran cakrik kabudayan kang dirembakakake yaiku kabudayan agraris utawa tetanen.

Wiwitane, kethoprak dadi wujud panjilmane dolanan tradhisional gejogan lan kothekan kang nggunakake piranti lesung. Miturut sujarahe, kethoprak ana saka sawijining tradhisi cilik ing dhaerah padesan Klaten pawitan abad XX, adoh saka peradaban karaton kang diarani minangka papan tuwuhe tradhisi gedhe utawa budaya luhur. Ora nggumunake manawa kasenian iki cedhak banget marang atine wong cilik tinimbang para priyayi utawa wong sing dhompete kandel.

Sansaya suwe, kethoprak wusanane digawa menyang kutha lan dadi seni drama kutha tradhisional. Jaman mbiyen lan bisa wae nganti saiki, pagelaran kethoprak pancen dianggep salah sijien tamba mumet kang cespleng dening wong cilik. Alesane prasaja, saliyane rega tikete murah, kepara gratis, kasenian rakyat iki kerep nawakake guyonan lan dhagelan kanggo tamba kesel, ngilangi buneging pikiran, lan uga dadi tontonan apik ing wektu longgar.

Sabanjure kethoprak uga bisa mbabar crita kang luwih trep karo kasunyatan tinimbang wayang wong kang sejatine asale saka tradhisi gedhe Mangkunegaran. Manawa wayang wong isih nggunakake cara omongan kanthi sanepan, nganggo busana mirunggan, dedege awak bakoh, obahing awak kang direkadaya, dene kethoprak nggunakake busana kang nggambarake kegiyatan padinane wong. Kanthi nyawang iki, kanthi ora langsung pamirsa dijak umangreteni utawa uga dunung marang sujarah kang dibabar liwat critane.

Miturut Umar Kayam (2000), kanggo golek panglipur ing satengahe lelakon urip kang sarwa susah, wong-wong desa gelem nonton kethoprak kanthi ngguwak tenaga akeh lan nyawang njinggleng, sanajan lagi udan riwis-riwis. Liwat kethoprak, wong padesan bisa dunung maneh marang piwulang lan tata susila kang diugemi warga bebrayan, sarta mbangun lan ngopeni tepa slira pepanthane. Bisa disawang, nonton sinambi ngemil kacang godhog, ing tengah lapangan iku kabeh bisa kapenak-kapenak wae sapa aruh marang tangga desa lan jagongan bareng. Tamtu bab iki bisa nambah rumakete karukunane warga.

Salah sijine daya kang bisa milut pamirsa yaiku pacelathone para paraga kethoprak kang gampang ditampa dening sapa wae amarga nggambarake pasrawungane warga masarakat sakabehe. Pangomonge paraga iki ora among nggambarake antarane wong ndhuwuran lan wong cilik, nanging antarane wong tuwa lan bocah enom, lanang lan wadon sarta kabeh golongan pendhidhikan. Kanthi ukara liya, kethoprak wus kasil nimbus wates sosial, ekonomi lan pulitik. Nggatekake pacelathon kang gampang dimangreteni wong cilik, lumrah manawa jaman 1960-an kethoprak dinggo partai pulitik kanggo njurung tujuwan pulitik utawa sarana nggeret kawigatene bebrayan agung. Dene ngelingi kethoprak minangka panglipur murah tumrap warga bebrayan lan perangan saka warisan budaya leluhur, mula saiki prelu dijaga supaya ora cures.

 

 

 

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif