Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

CERKAK: Kidhung Asmara Mangsa Rendheng

author
Kamis, 27 Desember 2012 - 11:53 WIB
CERKAK: Kidhung Asmara Mangsa Rendheng
ESPOS.ID - Abednego Afriadi
Abednego Afriadi

Desember 2012

Meniti Jalan Terakhir menuju Paris

 Watara telung dina iki, saben krungu pepujen Kidhung Pasamuan saka greja wetan omah, sirahe Bandi mesti mumet. Pepujen Dalu Suci iku sing agawe dheweke kelingan marang kedadeyan setahun kepungkur.

 

Desember 2011

 Pak Pendheta Stefanus Legowo meling para nom-noman greja diwajibake latihan koor lan sandiwara kanggo ngregengake Natal. Pendheta sing sadurunge dhines ing greja pepanthan Kulonprogo, Daerah Istimewa Yogyakartam iku duwe pengarep-arep nambahi pakaryan nerak wewaler lan agama.

Apamaneh, durung ana sesasi iki sawijining warga greja konangan nyolong dhuwit pisungsung lan kegaruk polisi jalaran mendem kewer-kewer aing prapatan. Bandi, sawijining nom-noman, didhapuk maragani Yusuf ing sajroning sandiwara Natal.

Bandi ya seneng-seneng wae amarga digandhengake karo Winong, sing maragani Maria. Winong kuwi manis, rambute dawa sak bangkekan, kulite langsep, lambene tipis, alise njlirit nanggal sepisan, idepe ndengking, alus tembunge lan jero ngelmune.

Pak Giyatmo, bapake Winong, dadi anggora majelis greja lan carik. Bu Yayuk, ibune Winong, kepala sekolah. Sapa sing gelem semaya dikongkon ngeterake mulih tekan omahe? Sapa sing kewanen nyampluk tangane sing lagi gondhelan bangkekan nalika diboncengake pit montor liwat jeglongan?

Sanadyan durung tau melu teater, nanging saka prejengane kuwi Bandi wis lumayan patut. Rambute ngombak, alise kandel, lan irunge kaya cucuk manuk bethet. Rada patut yen dipacak kayadene wong Timur Tengah. Nanging kurang siji, lambene rada ndomble.

”Kowe sing paling patut maragani Yusuf, Ban,” kandhane Pakdhe Bibit, seniman sing kaijabah ngracik sandiwara ing greja saben pawiwahan Natal lan Paskah. Pakdhe Bibit iku pancen pinter mbombong Bandi.

Ya mung Bandi iku sing gelem didhapuk dadi pasangane Maria sing diparagani Winong. Sawetara nom-noman liyane milih didhapuk dadi telung wong Majus saka wetan lan tukang angon wedhus, sanadyan yen gelem ngakoni, akeh nom-noman iku sing duwe rasa ketarik marang Winong.

Saliyane kuwi, para nom-noman uga milih melu grup band lagu greja kareben diarani alim nanging gaul. Sepisanan gladhen, awake Bandi gembrobyos, jobine greja iku dirasaake kaya miring manengen lan mangiwa.

Anggone maca serat kayadene ilate kesrimpet-srimpet, lan kamisosolen nalika nyawang Winong saka cedhak. Rasane dadi campur bawur, antaraning seneng lan isin. Seneng amarga nyawang wanodya sing ayu menik-menik, isin amarga Bandi ngrumangsani yen raine dhewe kebak kukul.

Apa maneh yen dheweke lali durung kober sikatan sadurunge gladhen, mesti ora wani ngomong banter lan nyedhaki Winong. Sumelang yen ambune jangan lodheh, sambel teri, lan gereh pethek sing dipangan awan sadurunge gladhen sumebar tekan irunge Winong.

Sumelang yen Winong dadi wegah melu sandiwara jalaran kamigilanen marang ababe Bandi. Sansaya suwe, Bandi sansaya ketarik marang Winong, nanging durung wani ngutarakake.

Bandi mung wani nyawang saka cedhak nalika gladhen sandiwara. Mung wani mbayangake raine Winong nalika ngalamun ing kamar sinambi ngeloni guling. Sansaya suwe Bandi uga temata anggone nyandhang.

Sadurunge mangkat gladhen, dheweke ora lali nyemproti awake nganggo wewangen, sikatan sing resik lan nglengani rambute nganti klimis. Ibune dhewe nganti gumun amarga dadi boros anggone blanja odhol, sabun lan sampo. Sangertine ibune, Bandi iku keset. Yen ora dioprak-oprak kon adus, ya ora adus.

 

***

Langit ing ndhuwur greja katon peteng sanadyan isih jam 16.00 WIB. Ora ana angin, nanging gludhuge nyamber-nyamber. Manuk-manuk sriti pada baris rerentengan ngubengi menara gentha greja sing dibangun sadurunge kamardikan.

Kuwi pratandha meh abyor tangise mendhung sing gemandhul ing langit. Wedhus-wedhus sing dingon gage diulihake menyang kandhang dening tukang angon, mangkono uga bebek, menthok, pitik, sapi lan kebo.

Bandi wis dandan mlithit lan klimis banjur nyetater pit montor plethuke lan gage methuk Winong amarga kabeh panitya Natal diwajibake tekan greja rong jam sadurunge liturgi diwiwiti.

Gembregesing awak jalaran kudanan pirang-pirang dina ora dadi pepalang niyate Bandi dadi paraga ing sandiwara Natal, semana uga Winong sing wiwit mangkat wis katon pucet raine.

Ora krasa, genthajam ana ing tembok greja wis kemlonthang ping enem. Pratandha ngibadah kudu diwiwiti, semana uga sandiwarane.

 

***

Pepujen Dalu Suci mbukak wiwitan sandiwara. Yusuf lan Maria mlaku thimik-thimik golek panggonan kanggo nginep. ”Adhuh, Mas. Aku wis ora kuwat!!” ujare Maria.

”Sabar ya, Dhik! Iki ora ana kamar sing kosong. Anane kandhang wedhus. Piye, Dhik? Ra papa?” semaure Yusuf.

”Iya, Mas. Nanging, aku wis ora kuwat,” ngono ujare Maria karo nyekeli sirah.

Bandi dadi bingung, amarga wangsulane Winong kasebut ora kapetung mlebu ing jroning naskah sandiwara. Bandi sansaya kaget amarga Winong sing maragani Maria iku gemlethak, semaput.

”Hlo, Dhik! Dhik! Dhik! Dhik Maria…!” ujare Bandi bingung, antaraning maragani Yusuf lan sumelang saktenane.

Bandi gage menehi pitulungan kayadene sing diwulangake ing Pramuka. Dheweke nyoba gawe napas buatan. Ngibadah Natal sore iku dadi geger amarga tumindake Bandi.

Bu Yayuk, ibune Winong, katon abang ireng kisinan, banjur marani Bandi karo nyemprot raine Bandi nganggo hairspray supaya ngrampungi anggone nyebul lambene Winong. Amarga ora kuwat marang ambune hairspray, Bandi malah dadi melu-melu semaput.

Sandiwara kapeksa dibubarake, nanging ibadah tetep mlaku kaya sing wis dijadwalake. Bandi tangi jalaran krungu pepujen Dalu Suci, nanging isih krasa neg jalaran kambonan hairspray sing isih tumemplek pliket ing raine.

 

Desember 2012

 

Mula tekan seprene Bandi uga ambu-ambunen hairspray nalika krungu pepujen Kidhung Pasamuan. Ibune nganti gumun.

”Hla wong ngrungokake ndhangdhut wae bisa melu njoget ngleter, mongsok yen krungu Kidhung Pasamuan malah mumet? Apa kowe iki kesurupan dhemit?” pitakone ibune.

”Wah, nggih mboten ta, Bu. Wong kula niki mboten seneng dolanan jaelangkung kangge pados sonji capjiki kok,” ngono semaure Bandi karo ngamril busi pit montor Honda plethuk sing arep dinggo methuk Winong sing wis ngenteni ana ngarep warung mi ayam sapinggire alun-alun kabupaten.

Editor
Tim Solopos -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Dampingi Guru SD Shalom Kembangkan Media Pembelajaran Berbasis AI

Universitas Wahid Hasyim (Unwahas) Semarang melalui dosennya, Arief Hidayat, mendampingi guru SD Shalom Semarang mengembangkan media pembelajaran interaktif berbasis kecerdasan buatan dalam kegiatan In House Training (IHT), Sabtu (14/11/2026).

Espos.id nasional

MPR Benarkan Prabowo Dikabarkan Serahkan 2 Nama Cawapres Hari Ini

Wakil Ketua MPR Sohibul Iman membenarkan adanya informasi Presiden Prabowo akan menyerahkan dua nama calon wakil presiden pada Senin (23/11/2026), menjelang tenggat pengajuan 25 November dan sidang paripurna pemilihan serta pelantikan pada 9 Desember 2026.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Raih Beasiswa ITEC 2026 & Pelatihan di India dengan Nilai Maksimal

Eva Fatimah, S.S., M.Hum., dosen sekaligus Sekretaris Kantor Urusan Internasional dan Kerja Sama (KUIK) Unwahas, mengikuti Professional Development Programme for English Teachers di The English and Foreign Languages University (EFLU), Hyderabad, Telangana, India.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Gelar Workshop Menulis Proposal Tesis dan Disertasi

Pascasarjana Universitas Islam Negeri Prof. K.H. Saifuddin Zuhri (UIN Saizu) Purwokerto memperkuat kapasitas mahasiswa dalam menyusun proposal tesis dan disertasi melalui workshop pemanfaatan kecerdasan buatan (Artificial Intelligence/AI).

Espos.id nasional

Kementerian PU Aktifkan Posko & Percepat Normalisasi Sungai Jelang Puncak Hujan

Menteri PU Dody Hanggodo menginstruksikan seluruh jajaran meningkatkan kesiapsiagaan menghadapi musim hujan, termasuk mengaktifkan posko, memetakan wilayah rawan bencana, menyiapkan peralatan, dan mempercepat normalisasi sungai serta muara.

Espos.id nasional

BMKG Prakirakan Hujan Lebat Disertai Petir di Sejumlah Kota Besar Hari Ini

BMKG memprakirakan hujan dengan intensitas sedang hingga sangat lebat disertai petir dan angin kencang berpotensi terjadi di sejumlah kota besar pada Senin (23/11/2026), sementara masyarakat pesisir NTB diminta mewaspadai banjir rob hingga 26 November.

Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.

Espos.id nasional

Elite Gerindra Berkumpul di Hambalang Jelang Tenggat Usulan Cawapres

Sejumlah elite Gerindra dan pejabat pemerintahan mendatangi kediaman Prabowo Subianto di Hambalang menjelang tenggat pengajuan dua nama calon wakil presiden kepada MPR pada 25 November 2026, meski agenda pertemuan belum diungkapkan.

Espos.id nasional

Ini Daftar Kapolda dan Wakapolda Baru Hasil Mutasi Polri November 2026

Kapolri Jenderal Polisi Suyudi Ario Seto memutasi 107 perwira tinggi dan menengah Polri, termasuk enam perwira yang mendapat penugasan baru sebagai kapolda dan enam lainnya sebagai wakapolda.

Espos.id pendidikan

Kresek Indonesia Jadi Inspirasi, Green Narrative Siap Hadir di UMK

Bakti Lingkungan Djarum Foundation (BLDF) berkolaborasi dengan UMK dan Solopos Media Group (SMG) menggelar kegiatan tersebut di Auditorium Universitas Muria Kudus, Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kejagung Tetap Proses Hukum Riza Chalid meski Buron di Luar Negeri

Kejaksaan Agung tetap memproses perkara dugaan korupsi tata kelola minyak mentah PT Pertamina yang menjerat Muhammad Riza Chalid meski tersangka berada di luar negeri, termasuk membuka kemungkinan persidangan in absentia dan tuntutan hukuman mati sesuai ketentuan hukum.

Espos.id nasional

RI-Cina Teken 35 Kesepakatan Rp274 Triliun di Shenzhen, Ini Rinciannya

Presiden Prabowo menyaksikan penandatanganan 35 kerja sama bisnis RI-Cina senilai Rp274 triliun di Shenzhen, mulai dari smart city, EV, hingga etanol.

Espos.id nasional

Gempa Magnitudo 7,2 Guncang Maluku Barat Daya, Getaran Terasa hingga Kupang

Gempa bumi bermagnitudo 7,2 mengguncang wilayah Maluku Barat Daya pada Sabtu (21/11/2026) sore dengan kedalaman 125 kilometer, getaran terasa hingga Kupang.

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Kota Magelang Raih Perak Kejuaraan Karate Nasional

Prestasi membanggakan kembali ditorehkan oleh siswa SMP Islam Internasional (SMPII) Al Abidin Kota Magelang. Kali ini, Muhammad Ikbar Hadiputra berhasil mengharumkan nama sekolah dengan meraih medali perak (Juara 2) dalam ajang National Karate Championship Bhayangkara Eager Series II pada kategori Kumite Under 45 kg SMP Putra

Espos.id pendidikan

Tak Cuma Kejar Target, Begini Cara Siswa SDII Al Abidin Sukoharjo Jaga Hafalan

Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo menerapkan pembiasaan program Tahfidz yang tidak sekadar mengejar target hafalan, tetapi melatih kesabaran, tanggung jawab, dan konsistensi.

Espos.id pendidikan

Dukung Bakat Siswa, SMPII Al Abidin Klaten Bentuk Skuad Futsal Albiten

SMPII Al Abidin Klaten menghadirkan Skuad Futsal Albiten sebagai wadah pembinaan sekaligus pengembangan prestasi siswa di bidang olahraga futsal.

Espos.id pendidikan

103 Siswa SMPII Al Abidin Karanganyar Jelajahi Laboratorium UNS dan Tahir Museum

Kegiatan EDUVENTURE juga menjadi wujud komitmen SMPII Al Abidin Karanganyar dalam menghadirkan pendidikan yang relevan dengan kebutuhan dan tantangan masa depan.