Wongtuwa kang padha padudon ora mung ngrugekake dheweke dhewe, nanging uga anak lan kulawargane. Anak bisa dadi kurban utawa pelampiasan nalika wongtuwane padha padu. Bapak bisa nempeleng anake sawuse padu karo bojone. Gara-gara wongtuwane seneng dedrah, anak uga bisa disirik kanca-kancane.
Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia
Bab iku kaya sing dilakoni kulawargane Surya Bakti jroning crita Kupu-Kupu Baja kang dibabar dening pepanthan teater Gubuk Mimpi ing ing pendhapa Kelurahan Jebres, Minggu Akad (15/7) wengi. Gubuk Mimpi yakuwi pepanthan bocah ing RW 033-035 Kelurahan Jebres, Solo.
Nalika adicara digelar, masarakat wiwit wong tuwa nganti kanoman sarta para bocah padha nonton. Panggonan kang disedhiyakake panitia ing pendhapa nganti ora kamot kanggo kabeh pamirsane.
Kacaritakake, Surya Bakti yaiku wong sugih bandha ing Desa Banjar. Dheweke umuk lang semugih. Kabeh tanggane nganti ora seneng marang sipate Surya Bakti. Nalika gaweyane ora rame kaya sakdurunge, Surya malah dadi wong sing gampang nesu. Bojo lan anake, Gendis, kerep dadi sasaran nesune. Nalika muntab, Surya ora pisan-pindho ngantem anak lan bojone.
Ora gur ing njero omah, ing lingkungan masarakat lan kanca sekolahe, Gendis ora disenengi kanca-kancane amarga bapake wong sing seneng umuk. Dheweke didohi kanca-kancane. Dheweke ora ngerti apa sebabe. Sasuwene iki, dheweke rumangsa wus apik lan ora tau umuk marang kanca-kancane. “Gendis dadi kurban kekerasan ora mung ing njero omah, nanging ing lingkungane dhewe,” kandhane sutradara, Arif Suryanto.
Weruh kahanan kuwi, rewange Surya Bakti, yaiku Karto, Sumi lan Surti kepingin kulawargane Surya Bakti tentrem maneh. Mula, Karto nyeluk anggota PPT yaiku Pusat Pelayanan Terpadu ing kelurahan kasebut supaya bisa ngrampungake kahanan ing kulawarga kasebut.
Teater kasebut dileksanakake kerjasama Kalurahan Jebres, Yayasan Kakak, lan pepanthan Gubuk Mimpi Kelurahan Jebres. “Teater kasebut yakuwi dadi salah sijine kampanye Stop Kekerasan pada Anak lan kanggo mengeti Hari Anak 23 Juli,” ujare anggota saka Yayasan Kakak, MH Mustofa. “Carita kasebut ditata dening para bocah dhewe, uga naskah lan dialog,” kandhane Mustofa.
