Adicara Maleman Sriwedari kang wus lerem 15 taun, ing taun iki digelar maneh kanthi njupuk wektu 2 Agustus-1 September. Adicara kasebut digelar ing tilas Taman Bonraja, yakuwi Plasa Sriwedari, Joglo Sriwedari kanthi tekan mburi Taman Sriwedari.
Borneo FC dan Kejamnya Drama Sepak Bola
Miturut sujarah, pasar rakyat Maleman Sriwedari wus digelar nalika jaman Paku Buwana X kanggo wahana panglipur masarakat.
Ing Plasa Sriwedari, saben wengi digelar kesenian tradhisi saka sanggar-sanggar seni ing Solo. Salah sijine yakuwi Sanggar Semarak Candra Kirana kang mbabar Tari Karonsih. Tari Karonsih yakuwi tari kang nggambarake ketemune Dewi Sekartaji kaliyan Panji Asmara kang wus suwe pisah. “Ing alas, Dewi Sekartaji ketemu Panji Asmara. Diwiwiti nesu amarga wus suwe ora ketemu, banjur sithik-sithik thukul rasa tresna maneh,” kandhane Wiyoto, pambeksa kang dadi Panji Asmara, Minggu (5/8) wengi.
Tari kasebut, miturut Wiyoto kang dadi dwija ing Sanggar Semarak Candra Kirana, dadi salah sijine tari kang diwulangake ing sanggar. Mula, nalika dheweke lan Zhazha, pambeksa paraga Dewi Sekartaji, ora kangelan anggone nari ing ngarepe masarakat. “Tari Karonsih iki pancen mirunggan, ora mung endah babagan obahe tangan lan awak, nanging uga batine para pambeksa uga wus nyawiji ing tari kasebut. Dadi beksan posah pasihan iki ora monoton lan gawe jelehe pamirsane,” kandhane Wiyoto.
Zhazha kang dadi siswa ing sanggar kasebut, njlentrehake Tari Karonsih mbutuhake tenaga kang gedhe amarga lakune tari kudu alon-alon, saengga sakdurunge munggah panggung, kudu disiyapake tenaga lan mentale dhisik. “Sikil lan tangan kudu kuwat,” ujare Zhazha kang isih 18 taun iki.
Maleman Sriwedari dadi salah sijine papan panggonane para seniman ing Kutha Solo kanggo ngetokake lan tawa-tawa bab seni tradhisi. Nalika akeh adicara budaya panglipur ing masarakat, bakal bisa nguri-uri budaya Jawa.
Miturut Asisten Ekonomi Pembangunan dan Kesejahteraan Rakyat Sekretariat Daerah Solo, Eny Tyasni, pasar rakyat Maleman Sriwedari ing jaman dhisik dadi wahana kang dienten-enteni masarakat. Sebabe, dadi panglipur lan ana maneka warna jinis seni tradhisi kang digelar. “Supaya adicara taunan iki bisa digelar ing taun ngarep, dibutuhake manajemen kang rapi lan profesional.”
