Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Mangun Kapribaden Luhur

author
Kamis, 26 April 2012 - 10:20 WIB
Mangun Kapribaden Luhur
ESPOS.ID - Supardjo (FOTO/Ist)

Kapribaden lan tindak tanduk solah bawaning tiyang Jawi punika saged dipun perang ing tigang tataran inggih punika nistha madya lan utama. Kapribaden ingkang asor, andhap, nistha punika tindak tanduk ingkang dipundhasari dening sipat melikan utawi pengin ndarbeki ingkang sanes hakipun, dahwen, open, iren, meren, panasten. Manawi tiyang utawi sok sintena anggadhahi watak punika, sampun mesthi kemawon ingkang dumadi kados dene ingkang dipun ngendikakaken pujangga Ranggawarsita ing Kalatidha pada 7: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi

…. lan salajengipun.

Meniti Jalan Terakhir menuju Paris

Ananging kosok wangsulipun, kangge ngadhepi jaman ingkang kirang mikantuki punika, tiyang Jawi kedah anggadhahi lan nindakaken watak ingkang utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dipunkantheni raos iklas, lila legawa, nindakaken jumbuhing patrap lan pangucap.

Sajatosipun, saupami tiyang Jawi punika ing panggesanganipun tansah netepi lan ngginakaken unggah-ungguh basa utawi tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama ing pawicantenanipun, tartamtu sampun saged adamel gesang guyub, rukun, boten wonten congkrah, lan pasulayan. Kados dene pangandika KGPAA Mangkunagara IV ing Wedhatama pupuh Sinom pada 1 ".... amemangun karyenak tyasing sasama". Sikap Jawi ingkang kalebet nggambaraken paugeraning ngagesang prayogi, inggih punika ingkang saged nuwuhaken raos lan pangraos sejatosing gesang, lan saged nedahaken jati dhiri dhateng tiyang sanes jumbuh kaliyan kalenggahanipun. Tiyang Jawi tansah mersudi lan tanggeljawab, urmat dhateng tiyang sanes, andhap-asor.

Sikep sampun ngantos adigang, adigung, adiguna tansah dipun gatosaken lan dipunugemi. Sampun ngantos rumaos langkung kiyat, langkung kuwaos, langkung dene pinter, kepara kedah, sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma tan kena ingina.

Manawi dipunsuraos, dados tiyang sampun ngantos sasekecanipun piyambak, dupeh saged ngendikan lajeng boten mawas wekdal lan panggenan, boten mirsani kaliyan sinten wawan rembag, kedah enget bilih ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatosipun ungel-ungelan aja dumeh punika saged dipun gandhengaken kaliyan bab punapa kemawon. Aja dumeh sugih lajeng sumugih, dumeh pinter lajeng kuminter, dumeh kuwaos lajeng kumalungkung.

Saestunipun tiyang gesang punika wiwit tangi tilem, lenggah, jumeneng, lumampah, pangandikan, kendel, sare, lan sanes-sanesipun ingkang dipuntindakaken ing saben dinten punika sampun ngantos nilaraken sekawan bab, inggih punika deduga, prayoga, watara, lan reringa, kados ingkang sinerat ing salebeting Serat Wulang Reh. Ing ngriki cetha sanget bilih salebeting panggesangan punika kedah tansah nglelimbang kanthi weninging manah saderengipun nindakaken samukawis (deduga); prayoga kedah nglimbang sae utawi awonipun, watara saged ninthingi lan nglelimbang saderengipun netepaken putusan, dene reringa tansah nengenaken pangati-ati apepayung budi rahayu. Sekawan bab punika, sok sintena ingkang saged hanjiwa, tartamtu badhe saged tumindak kanthi rereh utawi sabar, ririh ateges boten kesesa lan grusa-grusu, lan ing panggesanganipun badhe tansah ngati-ati.

Ungel-ungelan utawi unen-unen ingkang gumathok lan mligi anggadhahi makna tartamtu sanesipun ing antawisipun, Unen-unen Gusti ora sare, manawi dipun suraos kanthi saestu punika lebet sanget tancebipun ing pribadi-pribadining saben tiyang. Punika saestu badhe saged ndhapuk kapribaden lan jiwaning manungsa dados ajrih badhe tumindak ingkang nalisir saking bebener. Amargi punapa kemawon ingkang dipuntindakaken, sinaosa tiyang sanes boten mangertos, nanging priyantun wau tetep boten badhe saged uwal saking panguwaosing Gusti, jalaran Gusti mesthi pirsa. Ngono yo ngono nanging aja ngono, ungel-ungelan punika ngemutaken bilih tiyang gesang sampun kesangeten ing samukawis. Ing tradhisi Jawi wonten budaya ewuh pekewuh, ora patut, ora lumrah. Pramila  ing salebeting panggesangan dipunajab tansaha tumindak ingkang prasaja jumbuh lan pranatan utawi paugeran ingkang lumampah ing bebrayan.

 

Alon-alon waton kelakon, boten ateges namung sasekecanipun nanging pikajengipun bilih alon-alon punika nengenaken dhateng pangati-ati, waton tansah lumampah anut pranatan, lan kelakon tegesipun kasil. Dados sedaya punika saged kasembadan kanthi sae tur anut pranatan ingkang wonten. Makaten ugi ing bab mangan ora mangan waton kumpul, ing ukara punika boten nengenaken prekawis mangan utawi ora manganipun, nanging ingkang dipuntengenaken inggih punika ing bab raos saiyeg saeka kapti, manunggal nyawiji'

Salajengipun ing bab sikap Jawi Nrima ing pandum boten ateges pasrah tanpa pambudidaya, kendel tanpa ikhtiyar. Ingkang dipunkajengaken inggih punika saged narimah lan nyukuri punapa ingkang dipuntampi sasampunipun mbudidaya kanthi pakarti ingkang leres, liripun kathah, sekedhik, saged nampi kanthi rila legawa ing manah jer punika pancen peparingipun Gusti. Tepa slira, pikajengipun dados tiyang kedah saged mangertos swasana, mangertos semu, liripun kedah saged nepakaken pribadinipun “upama aku dheweke kepriye ? upama aku digawe lara ati, piye rasane” lan sapanunggalanipun. Dados manawi saged ngukur pribadinipun, kados pundi rekaosipun manawi dipundamel dening tiyang sanes ing bab ingkang boten sekeca, tartamtu lajeng saged njumbuhaken. Sedaya tiyang punika beda, boten sami, punika kasunyatan; nanging kanthi beda ing bab punapa kemawon kala wau ing salebeting gesang bebrayan, mesthi kedah saged patembayatan, rukun. Gesang ing pabrayan, boten badhe saged piyambakan, mesthi merlokaken sesambetan lan pambiyantunipun tiyang sanes, kepara dipun lambari raos pitados bilih rukun agawe santosa dene crah agawe bubrah mesthi ing panggesangan punika boten wonten dredah

Gotong royong lan sikep sami-sami kurmat dhateng asanes, mujudaken satunggaling warisan leluhur Jawi ingkang sae lan boten kadarbe dening bangsa manca. Ngrumaosi bilih gesang perlu nyekapi sedaya kabetahan, sae kabetahan sepele langkung-langkung ingkang rowa, awrat, boten saged piyambakan perlu pambiyantunipun asanes. Sadaya pakaryan badhe langkung gampil lan entheng manawi dipun tindakaken sarana gotong royong, jumbuh kaliyan kawontenan lan kekiyatanipun piyambak-piyambak. Kanthi gotong royong, saestunipun mujudaken sipat suka tetulung dhateng sesami, “sapa nandur bakal ngundhuh” punika taksih lumampah. Gotong royong, langkung-langkung dipunlambari pangajab sepi ing pamrih rame ing gawe badhe sangsaya nuwuhaken raos raket supeketing kekadangan.

Pangajab, Inggih awit kathahing kedadosan ingkang sampun singlar saking pitedah lan kaluhuraning budaya bangsa wetanan (Indonesia), pramila budaya Jawi mliginipun unen-unen ingkang gumathok lan anggadhahi pikajeng mligi lan luhur sarta sikep Jawi ingkang sanyata adi luhung punika kedah dipun rasuk mrih anjiwa anyarira dhateng sedaya warganing bebrayan. Manawi sedaya warganing bebrayan ing panggesanganipun tansah nengenaken dhateng tumindak kautamen, nebihi watak kanisthan, ing donya punika mesthi badhe tansah tentrem, ayem, aman lan sentosa boten wonten dredah, jer sadaya tiyang tansah amemangun karyenak tyasing sasama lan tansah memayu hayuning bawana.

Editor
Is Ariyanto -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Dampingi Guru SD Shalom Kembangkan Media Pembelajaran Berbasis AI

Universitas Wahid Hasyim (Unwahas) Semarang melalui dosennya, Arief Hidayat, mendampingi guru SD Shalom Semarang mengembangkan media pembelajaran interaktif berbasis kecerdasan buatan dalam kegiatan In House Training (IHT), Sabtu (14/11/2026).

Espos.id nasional

MPR Benarkan Prabowo Dikabarkan Serahkan 2 Nama Cawapres Hari Ini

Wakil Ketua MPR Sohibul Iman membenarkan adanya informasi Presiden Prabowo akan menyerahkan dua nama calon wakil presiden pada Senin (23/11/2026), menjelang tenggat pengajuan 25 November dan sidang paripurna pemilihan serta pelantikan pada 9 Desember 2026.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Raih Beasiswa ITEC 2026 & Pelatihan di India dengan Nilai Maksimal

Eva Fatimah, S.S., M.Hum., dosen sekaligus Sekretaris Kantor Urusan Internasional dan Kerja Sama (KUIK) Unwahas, mengikuti Professional Development Programme for English Teachers di The English and Foreign Languages University (EFLU), Hyderabad, Telangana, India.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Gelar Workshop Menulis Proposal Tesis dan Disertasi

Pascasarjana Universitas Islam Negeri Prof. K.H. Saifuddin Zuhri (UIN Saizu) Purwokerto memperkuat kapasitas mahasiswa dalam menyusun proposal tesis dan disertasi melalui workshop pemanfaatan kecerdasan buatan (Artificial Intelligence/AI).

Espos.id nasional

Kementerian PU Aktifkan Posko & Percepat Normalisasi Sungai Jelang Puncak Hujan

Menteri PU Dody Hanggodo menginstruksikan seluruh jajaran meningkatkan kesiapsiagaan menghadapi musim hujan, termasuk mengaktifkan posko, memetakan wilayah rawan bencana, menyiapkan peralatan, dan mempercepat normalisasi sungai serta muara.

Espos.id nasional

BMKG Prakirakan Hujan Lebat Disertai Petir di Sejumlah Kota Besar Hari Ini

BMKG memprakirakan hujan dengan intensitas sedang hingga sangat lebat disertai petir dan angin kencang berpotensi terjadi di sejumlah kota besar pada Senin (23/11/2026), sementara masyarakat pesisir NTB diminta mewaspadai banjir rob hingga 26 November.

Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.

Espos.id nasional

Elite Gerindra Berkumpul di Hambalang Jelang Tenggat Usulan Cawapres

Sejumlah elite Gerindra dan pejabat pemerintahan mendatangi kediaman Prabowo Subianto di Hambalang menjelang tenggat pengajuan dua nama calon wakil presiden kepada MPR pada 25 November 2026, meski agenda pertemuan belum diungkapkan.

Espos.id nasional

Ini Daftar Kapolda dan Wakapolda Baru Hasil Mutasi Polri November 2026

Kapolri Jenderal Polisi Suyudi Ario Seto memutasi 107 perwira tinggi dan menengah Polri, termasuk enam perwira yang mendapat penugasan baru sebagai kapolda dan enam lainnya sebagai wakapolda.

Espos.id pendidikan

Kresek Indonesia Jadi Inspirasi, Green Narrative Siap Hadir di UMK

Bakti Lingkungan Djarum Foundation (BLDF) berkolaborasi dengan UMK dan Solopos Media Group (SMG) menggelar kegiatan tersebut di Auditorium Universitas Muria Kudus, Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kejagung Tetap Proses Hukum Riza Chalid meski Buron di Luar Negeri

Kejaksaan Agung tetap memproses perkara dugaan korupsi tata kelola minyak mentah PT Pertamina yang menjerat Muhammad Riza Chalid meski tersangka berada di luar negeri, termasuk membuka kemungkinan persidangan in absentia dan tuntutan hukuman mati sesuai ketentuan hukum.

Espos.id nasional

RI-Cina Teken 35 Kesepakatan Rp274 Triliun di Shenzhen, Ini Rinciannya

Presiden Prabowo menyaksikan penandatanganan 35 kerja sama bisnis RI-Cina senilai Rp274 triliun di Shenzhen, mulai dari smart city, EV, hingga etanol.

Espos.id nasional

Gempa Magnitudo 7,2 Guncang Maluku Barat Daya, Getaran Terasa hingga Kupang

Gempa bumi bermagnitudo 7,2 mengguncang wilayah Maluku Barat Daya pada Sabtu (21/11/2026) sore dengan kedalaman 125 kilometer, getaran terasa hingga Kupang.

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Kota Magelang Raih Perak Kejuaraan Karate Nasional

Prestasi membanggakan kembali ditorehkan oleh siswa SMP Islam Internasional (SMPII) Al Abidin Kota Magelang. Kali ini, Muhammad Ikbar Hadiputra berhasil mengharumkan nama sekolah dengan meraih medali perak (Juara 2) dalam ajang National Karate Championship Bhayangkara Eager Series II pada kategori Kumite Under 45 kg SMP Putra

Espos.id pendidikan

Tak Cuma Kejar Target, Begini Cara Siswa SDII Al Abidin Sukoharjo Jaga Hafalan

Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo menerapkan pembiasaan program Tahfidz yang tidak sekadar mengejar target hafalan, tetapi melatih kesabaran, tanggung jawab, dan konsistensi.

Espos.id pendidikan

Dukung Bakat Siswa, SMPII Al Abidin Klaten Bentuk Skuad Futsal Albiten

SMPII Al Abidin Klaten menghadirkan Skuad Futsal Albiten sebagai wadah pembinaan sekaligus pengembangan prestasi siswa di bidang olahraga futsal.

Espos.id pendidikan

103 Siswa SMPII Al Abidin Karanganyar Jelajahi Laboratorium UNS dan Tahir Museum

Kegiatan EDUVENTURE juga menjadi wujud komitmen SMPII Al Abidin Karanganyar dalam menghadirkan pendidikan yang relevan dengan kebutuhan dan tantangan masa depan.