Langganan

Merjuangake Dhagelan Solo

Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 5 Juli 2012 - 11:39 WIB

ESPOS.ID - Tri Harjono (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Ana salah sijine adicara lawak utawa komedi ing televisi kang ngumbar adegan antem-anteman nganggo manika jinis piranthi ing panggung. Pancen piranthi kuwi saka bahan kang ora gawe lara, nanging adegan kuwi dudu tontonan kang becik dideleng kanggo para bocah. Bocah dhasaer senenge nerokake polahe wong tuwa, nalika apik dadi conto kang becik. Sawalike, polah kang ala malah dadi conto kang ala uga.

“Mula grup dagelan Citro Mitro kuwi ora ngandalake adegan padu lan tuthuk-tuthukkan piranthi dadi guyonan,” ujare pimpinan ing pepanthan dagelan Citro Mitro, Tri Harjono nalika ditemoni Espos ing Taman Balekambang durung suwe iki. Para pasarta ing Citro Mitro, luwih ngandalake lakune carita lan polahe para paraga dadi bahan kanggo guyonan.

Citro Mitro wus setaun kepungkur ngadhek lan nggelar panggung lawak ing Gedung Wayang Taman Balekambang sakben dina Kemis wengi. Pancen deweke ngakoni yen cacahe penonton durung akeh, nanging deweke precaya, dagelan ing Balekambang bakalan payu lan laris maneh kaya ing taun 80-an kanthi 90-an. “Aku optimistis loro utawa telung taun maneh, grup dagelan ini bakal gayeng lan akeh penonton,” kandhane deweke. Saiki ana welasan pasarta ing pepanthan kasebut.

Pancen kahanan dagelan iki isih prihatin. Penonton durung akeh, senajan mlebu gratis lan intuk penglipur lara lan bisa ngguyu, nanging masarakat Solo durung bisa ndeleng dagelan Balekambang pantes dadi hiburan. Masarakat luwih seneng nonton adicara ing TV, kamangka isine guyonan kasebut durung mesthi trep lan pas karo budaya luhur lan tata krama. Nalika dadi wayang, akeh kang uga nyalahi pakem. Nalika dadi arjuna, polah lakune kudu wicaksana, ora cengengas- cengenges.

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Solo Merjuangake Dhagelan
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif