Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Mulok Basa Jawa Prelu Dievaluasi

author
Senin, 15 Oktober 2012 - 08:58 WIB
Mulok Basa Jawa Prelu Dievaluasi
ESPOS.ID - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)
Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)
Nasib basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin ing titi wanci iki pancen sansaya bubrah. Pilihan tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki mung loro: nut bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin utawa ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin kuwi tetep nut ing paramasastra.

Yen ta pilihane sing kapindho, mula pamulangan basa Jawa kudu diwiwiti nalika bocah ajar ngomong, nalika bocah mlebu pendidikan anak usia dini (PAUD), taman kanak-kanak (TK) lan SD. Sing wigati dhewe, kudune basa Jawa digunakake minangka basa panglantar ing TK lan SD kelas I-III saben dina.

Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia

”Basa Jawa kudu ditepungake wiwit bocah isih balita (bawah umur lima tahun, sadurunge bocah ngancik umur limang taun) supaya kulina. Kasunyatane, saiki wiwit ing PAUD/TK para guru wus nganggo basa Indonesia,” ujare dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Supardjo. Miturut Supardjo, nalika bocah kulina nganggo basa Jawa wiwit isih balita tudhone luwih gampang nalika kudu nyinau, merdeni lan nggunakake basa Jawa ing SD nganti SMA utawa sekolah sing sadrajat kanthi tata basa utawa paramasastra sing bener lan pener. Kanggo ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin ora sansaya bubrah lan rusak, miturut Supardjo, pamarentah, sekolah lan guru-guru kasengkuyung kabeh warga bebrayan agung Jawa kudu gelem ndandani kurikulum muatan lokal (mulok) basa Jawa sing saiki ditrapake ing sekolahan-sekolahan.

”Akeh sing kudu didandani. Ana buku sing sesirah Basa Jawa, nanging isine maneka warna, ana sastra, budaya, paramasastra, geguritan, ejaan basa Jawa ing aksara latin lan sapiturute. Akeh banget. Mula prelu didandani,” pratelane Supardjo.

Ing pamulangan basa Jawa ora kudu nyakup kabeh bab ing ”jagad basa Jawa”. Tumrap siswa ing kelas I-III SD cukup sinau ejaan basa Jawa ing aksara Latin. Ejaan iki wigati jalaran dadi dhasar sinau basa Jawa ing aksara latin. ”Sabanjure, ing kelas IV-VI bisa sinau paramasastra, geguritan lan liyane,” piterange Supardjo. Kanthi mantha pamulangan basa Jawa sithik mbaka sithik, bocah bisa luwih temen-temen anggone nyinau lan kuwawa nguwasani apa sing disinau kanthi temen-temen uga, ora kaya wulangan basa Jawa jaman saiki: ora mung saklebat, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Rong jam wulangan basa Jawa sing kawengku ing kurikulum mulok, miturut Supardjo, genah ora nyukupi tumrap kupiya marisake basa Jawa sing apik, bener lan pener jumbuh pranatan sing isih lumaku marang generasi mudha Jawa jaman saiki.

Guru Karbitan Kajaba kurikulum, mutu guru basa Jawa uga kudu didandani. Nalika Pemerintah Provinsi (Pemprov) Jawa Tengah (nalika kuwi gubernure Mardiyanto) netepake aturan sing ngejibke kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah kudu mulangake basa Jawa, akeh pawiyatan luhur sing mbukak jurusan pendidikan basa Jawa nanging ora linambaran kabisa utawa kompetensi. ”Lulusane ya guru-guru karbitan. Guru-guru sing mung pawitan nekad nalika mulang basa Jawa iki kalebu sing ndadekake basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin dadi bubrah,” pratelane Supardjo.

Kahanan iki bisa katitik saka guru-guru basa Jawa sing ora bisa nemtokake endi sing bener lan endi sing kleru nalika kudu nyocokake pitakonan lan kunci ing buku lembar kerja siswa (LKS) basa Jawa. ”Jan-jane sing kleru kuwi kunci LKS, dene jawabane siswa malah bener, nanging gurune ngukuhi kunci LKS. Dadine ya bubrah,” Supardjo nandhesake.

Nalika kuwajiban ngadani pamulangan basa Jawa ing sekolahan ditrapake, akeh guru adiyuswa sing kabiji pana ing bab basa lan budaya Jawa kajibah mulang basa Jawa. Ora duwe sangu baba paramasastra, nanging kajibah mulang basa Jawa. Miturut Supardjo, iki ya njalari bubrahe basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara Latin.

Dosen linguistik ing Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Yohannes Suwanto, mratelakake buku-buku sing kaangep dadi sumber pamulangan basa Jawa sing saiki mratah ing madyaning bebrayan agung Jawa uga kudu didandani. Sapa wae sing mbabar buku-buku sing dianggep dadi sumber pamulangan basa Jawa kudu duwe rasa tanggung jawab. ”Aja mung waton mbabar buku. Editoror buku-buku basa Jawa kudu ngerti temen-temen bab tata basa, paramasastra, ejaan lan sapiturute. Aja mung mbabar buku jalaran ngajab bathi sakakeh-akehe kang kawusanane malah ngrusak basa Jawa,” pratelane Suwanto.

Kajaba kuwi, Suwanto mrayogagake lamun ana sing mbabar buku lan kamus basa Jawa apike kudu mepaki buku-buku kuwi kanthi pandom utawa tuntunan carane ngucapake, carane nulis lan sapiturute. ”Tandha diakritik apike diuripake lan digunakake maneh ing panulisan basa Jawa ing aksara Latin. Pamrihe supaya bisa dadi pandom cara maca sing bener lan pener,” Suwanto nandhesake panemune.

Editor
R. Bambang Aris Sasangka -

journalist, history and military enthusiast, journalist competency assessor and trainer

Berita Lainnya
Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar

Espos.id pendidikan

KINEMA #11 UMS Jadi Panggung Sineas Muda

Kine Club Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS) menggelar KINEMA #11 sebagai ruang apresiasi bagi sineas untuk memperkenalkan karya film kepada masyarakat. Kegiatan pemutaran film berlangsung di Radya Litera Multifunction Hall Griya Solopos, Sabtu-Minggu (21-22/11/2026).

Espos.id pendidikan

Dua Mahasiswa Farmasi Unwahas Lolos Program Magang Riset BRIN Cibinong

Dua mahasiswa, Rossemery Amelia dan Fitta Laraswati, berhasil lolos seleksi Program Magang Tugas Akhir di Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN), yang akan dilaksanakan di Pusat Riset Mikrobiologi Terapan, Cibinong, Jawa Barat.

Espos.id pendidikan

Seru, Siswa TKII Al Abidin Yogyakarta Belajar IT Tanpa Pakai Laptop

Siswa-siswi TKII Al Abidin Yogyakarta punya cara seru untuk belajar IT, salah satunya melalui permainan Ludo berukuran besar.

Espos.id pendidikan

Mahasiswa UIN Saizu Raih Juara Umum 2 PWK4 2026, Borong 19 Medali Pencak Silat

Kontingen Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Pencak Silat UIN Saizu Purwokerto berhasil meraih Juara Umum 2 Purwokerto Championship 4 (PWK4) 2026 setelah mengumpulkan 19 penghargaan dalam kejuaraan pencak silat yang berlangsung di GOR Satria Purwokerto, 14–15 November 2026.

Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Tak Sekadar Paham, Mahasiswa UMK Diajak Turut Menyuarakan Isu Lingkungan

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Dampingi Guru SD Shalom Kembangkan Media Pembelajaran Berbasis AI

Universitas Wahid Hasyim (Unwahas) Semarang melalui dosennya, Arief Hidayat, mendampingi guru SD Shalom Semarang mengembangkan media pembelajaran interaktif berbasis kecerdasan buatan dalam kegiatan In House Training (IHT), Sabtu (14/11/2026).

Espos.id nasional

MPR Benarkan Prabowo Dikabarkan Serahkan 2 Nama Cawapres Hari Ini

Wakil Ketua MPR Sohibul Iman membenarkan adanya informasi Presiden Prabowo akan menyerahkan dua nama calon wakil presiden pada Senin (23/11/2026), menjelang tenggat pengajuan 25 November dan sidang paripurna pemilihan serta pelantikan pada 9 Desember 2026.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Raih Beasiswa ITEC 2026 & Pelatihan di India dengan Nilai Maksimal

Eva Fatimah, S.S., M.Hum., dosen sekaligus Sekretaris Kantor Urusan Internasional dan Kerja Sama (KUIK) Unwahas, mengikuti Professional Development Programme for English Teachers di The English and Foreign Languages University (EFLU), Hyderabad, Telangana, India.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Gelar Workshop Menulis Proposal Tesis dan Disertasi

Pascasarjana Universitas Islam Negeri Prof. K.H. Saifuddin Zuhri (UIN Saizu) Purwokerto memperkuat kapasitas mahasiswa dalam menyusun proposal tesis dan disertasi melalui workshop pemanfaatan kecerdasan buatan (Artificial Intelligence/AI).