Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Netepi Sumpah Janji Prasetya

author
Kamis, 21 Juni 2012 - 11:38 WIB
Netepi Sumpah Janji Prasetya
ESPOS.ID - Basriyono, Guru Basa Jawa SMPIT Al Huda Wonogiri

Yogya malih kinarya palupi,

minungsuhken ing kadang pribadi

Persib Bandung, Timnas Indonesia dan Percaya Proses

Suryaputra narpati Awangga, aprang tandhing

lan sang Dananjaya,

lan pandawa tur kadange,

sang Karna suka manahe, lyan yayah tunggil ibu,

ciptanira pikantuk,

suwita mring kurupati, denira arsa males sih,

aneng nagri Astina, ira sang Duryudana,

kinarya gul agul, marmanta kalangkung,

manggolong golonganing prang,

denya ngetog kasudiran,

bratayuda ing adegken senopati,

aprang rame Karna mati jinemparing,

alaga ing kurawa sumboga wirotama

 

Tembang dhandhangula kalih pada ing inggil ngemutaken dhateng satunggaling piwulang ingkang ginelar ing jagad wayang purwa .. Rikala pendadaran Sokalima, Maharsi Durna minangka dwija linangkung mungguhipun pandawa dalah kurawa, saben satunggal warsa ngawontenaken gladen yuda minangka pambiji kawruh salaminipun sinau olah kaprigelan. Sedaya kadang pandawa tumut ngregengaken semanten ugi kurawa boten wonten ingkang cicir . Sedaya sampun gladen bandayuda, nalikane sang Arjuna ingkang minangka satriya lelananging jagad nuduhaken kaprigelan manah, wonten eloke kawontenan saking madyaning manungsa ingkang ambeleber tumut ningali gladen kalawau jumedul nom noman ingkang saged ngimbangi kaprigelanipun Sang Arjuna..kawontenan geger sami alok lan boten trimah..pungkasanipun Sang Kurupati ambela nom noman kalawau ingkang boten sanes Sang Basukarna...inggih awit sampun kabela saking wirangipun ing akathah  Sang Basukarna sumpah janji prasetya bilih badhe suwita jiwa raga konjuk Sang Kurupati ngantos tumetesing ludira ingkang pungkasan. Wekasanipun lelampahan Sang Basukarna netepi sumpah janji prasetyanipun, sanajanta Kurupati jejer pralambang kanistan, nanging sang Basukarna tetep ngrengkuh sumpah janji prasetya sabela pati ngantos gugur ing madyaning palagan ing bratayuda jayabinangun.

Sumpah janji prasetya ingkang kawedhar ing lathi satunggaling prekawis ingkang lumrah lumampah ing panggesanganipun manungsa. Sumpah janji prasetya pancen sanget kabetahaken kangge ngawat-awati lampah gesangipun manungsa. Ewa semanten boten sedaya paraga panggesangan punika nut kaliyan prekawis kalawau. Sumpah janji prasetya kadhang kala malah minangka tutup saking nistanipun pakarti, sumpah janji prasetya kadhang kala namung minangka tameng murih slametipun saking bebaya lan ukum lan maneka warna cak-cakanipun prekawis kalawau. Sesrawungan ing jagad jawa sampun pinaringan sekathahing patuladhan miwah piwulang sae saking gegambaran dhuk ing nguni utawi ing gumelaring jaman samangke. Saged dipun titeni bilih sumpah janji prasetya kalawau sejatosipun nuduhaken kandel lan tipisipun pangretosan ngenani panggesangan punika, awit boten sekedhik  sumpah  kalawau medal saking satunggaling kawontenan, antawisipun tresna utawi remen, pangabekti  ingkang kalangkung kelajenganipun tuwuh sumpahipun , ugi saking kawontenan gething serik ingkang kepati ngantos bebasan dadi banyu moh nyawuk dadi godhong moh nyuwek lajeng medal sumpahipun.

Pramila murih boten gumampang sumpah janji prasetya utawi nalikanipun sampun kabacut  sumpah kalawau,  saged netepi jumbuh kaliyan sumpahipun.

Wonten prekawis ingkang kedah dipun emut.

Sepisan, Kedah dipun emut bilih sumpah janji ingkang kawedhar saestu dipun sekseni Gusti, bumi , langit saha saisinipun. Kenging punapa sang Basukarna saha satriya sanesipun ing jagad pakeliran saestu jumbuh sumpahipun , inggih awit  ngrumaosi ajining satriya nalika tetep jejeg madeg sumpahipun. Umpami Basukarna cidra sumpahipun tartamtu  boten dipun luputaken awit kanti jabel sumpahipun piyambakipun gantos madeg belani bebener lan ugi kadang nunggil ibu, Pandawa. Boten ateges cengkah kalih pranatan lan angger-angger sanesipun, nanging saking piwulang luhur kalawau paring sasmita bilih  sumpah janji prasetya kalawau sineksenan sedayanipun, mila mendah surakipun isen-isen langit lan bumi nalikanipun sumpah kang kawedhar jebul geseh kaliyan kasunyatan, lajeng wonten pundi ajinipun satriya? Basukarna sampun dados tuladha saking pakeliran jejegipun netepi sumpah janji prasetya.

Kaping kalih, kathah sesrawungan punika ingkang gampil sumpah  janji prasetya lan gampil ugi  cidra ing  sumpahipun, ing mangka punapa ingkang kawedhar kathahipun dados kasunyatan. Para priyagung ingkang  sumpah kanti sae tartampu sangsaya aji ing ngarsanipun Gusti miwah sesami, sadangunipun jejeg ing sumpahipun, nanging bakal asor lan nista kalanipun cengkah kalih sumpah janjinipun, boten sekedhik gegambaran prekawis punika ingih kelajeng wantun nerak paugeran bujung mukti pribadi, gesangipun tebih saking raos tentrem lan maneka kasunyatan ing jaman samangke. Cekakipun sumpah janji tetep bakalipun wangsul dhateng sok sintena ingkang mendhet janji kalawau.

Kaping tiga, bilih sumpah janji prasetya saged  jalari pinaringan kabagyan ingkang langgeng,  sauger katindakaken kanti lelandesan lila ing penggalih, sumpah janji prasetya minangka titahing Gusti saged ngandelaken lan langgengaken kapitadosan, sumpah prasetyanipun bebojoan saged langgengaken kabagyan, sumpah janji prasetyanipun kekadangan saged langgengaken katentreman, karukunan lan sanesipun. Sedaya kalawau lelandesan lila lan pitados bilih taksih wonten gesang sapungkuripun pati. Basukarna, Salya, Bisma lan para satriya sanesipun pitados bilih wonten gesang sasampunipun pejah, pramila anggenipun nenggani sumpah janji prasetya ugi lelandesan ing lila sinarengan sekathahing lelabuhan lan pangati-ati.

Mendah kuncara lan muktinipun nagri, nalikanipun para paraga ingkang minangka songsong agunging kawula, sumpah janji prasetyanipun sae lajeng netepi dados kasunyatan, mendah sangsaya raharjanipun sesrawungan nalikanipun saben paraga punika sanget kandel ing pengati-ati ngenani sumpah janji prasetyanipun. Bebasan boten kirang patuladhan prekawis punika, Panggesangan Jawi boten sepi saking sekathahing kesaenan mila boten susah ngentosi benjing, angger-angeripun Agami sampun paring tepa palupi, jagad pewayangan paring gegambaran, gesangipun para pujangga, wali, raja lan sanesipun paring pemut, supados panggesangan jawi tetep saged ngentasi karya minangka sumbangsih nyata kagem tata tentrem miwah raharja sentosanipun nagri lan sedaya kawula punika, Nuwun

Editor
Is Ariyanto -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar

Espos.id pendidikan

KINEMA #11 UMS Jadi Panggung Sineas Muda

Kine Club Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS) menggelar KINEMA #11 sebagai ruang apresiasi bagi sineas untuk memperkenalkan karya film kepada masyarakat. Kegiatan pemutaran film berlangsung di Radya Litera Multifunction Hall Griya Solopos, Sabtu-Minggu (21-22/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMPII Al Abidin Karanganyar Jelajahi Sains di Hortus Medicus dan BRIN

Pengalaman menarik dirasakan siswa kelas 8 SMPII Al Abidin Karanganyar melalui kegiatan Eduventure Sirius Generation dengan tema "Exploring Science, Inspiring Innovation", Rabu (18/11/2026).

Espos.id pendidikan

Dua Mahasiswa Farmasi Unwahas Lolos Program Magang Riset BRIN Cibinong

Dua mahasiswa, Rossemery Amelia dan Fitta Laraswati, berhasil lolos seleksi Program Magang Tugas Akhir di Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN), yang akan dilaksanakan di Pusat Riset Mikrobiologi Terapan, Cibinong, Jawa Barat.

Espos.id pendidikan

Konsisten Menghafal, Siswa SMP ABBS Sragen Tuntaskan Juz 1 dan 2 dalam 4 Bulan

Konsistensi dan kesungguhan dalam menghafal Al-Qur’an mengantarkan Akmal Zaidan Nugraha, siswa kelas 7 Al Khwarizmi SMP ABBS Sragen dari program TCP (Tahfidz Class Program), alam waktu empat bulan, berhasil menyelesaikan ziyadah atau penambahan hafalan baru Juz 1 dan Juz 2.

Espos.id pendidikan

Seru, Siswa TKII Al Abidin Yogyakarta Belajar IT Tanpa Pakai Laptop

Siswa-siswi TKII Al Abidin Yogyakarta punya cara seru untuk belajar IT, salah satunya melalui permainan Ludo berukuran besar.

Espos.id pendidikan

Mahasiswa UIN Saizu Raih Juara Umum 2 PWK4 2026, Borong 19 Medali Pencak Silat

Kontingen Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Pencak Silat UIN Saizu Purwokerto berhasil meraih Juara Umum 2 Purwokerto Championship 4 (PWK4) 2026 setelah mengumpulkan 19 penghargaan dalam kejuaraan pencak silat yang berlangsung di GOR Satria Purwokerto, 14–15 November 2026.

Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Tak Sekadar Paham, Mahasiswa UMK Diajak Turut Menyuarakan Isu Lingkungan

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.