Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Ngluru Dom Ing Tumpukan Merang

author
Kamis, 4 April 2013 - 11:30 WIB
Ngluru Dom Ing Tumpukan Merang
ESPOS.ID - Yan Tohari Pandhemen sastra lan budaya Jawa. (FOTO/Istimewa)
Yan Tohari
Pandhemen sastra
lan budaya Jawa. (FOTO/Istimewa)

”Awit lakuning wektu tan wurunga bakal gawe kroposing bobot urip panguripan kita,” mangkono Horatius, sawijine pamikir Romawi nate pratela. Panemu kasebut katon ngganepi wawasan Hesoidus,  filsuf Yunani kuna ing abad kaping-8 sadurunge Masehi, lamun sejarah mono laku dawa sing nilasake regresi kang kuwat. Selot adoh anggone lumaku, sansaya nandhes dumadine regresi lan degradasi.

Ayo Mudik, Saatnya Uang Mengalir sampai Jauh

Panemu kasebut bisa dadi pancadan lamun ing kalodhangan iki kudu mawas mungguh kepriye bab Jawa sing ana ing generasi mudha saiki. Ora bisa diselaki awit perbawaning jaman sarta rosaning teknologi, bobot Jawa kaum mudha cetha mrihatinake. Embuh iku ing tata wicara, tata busana, tatakrama, tata susila lan sabanjure. Saperangan gedhe nuduhake selot adoh saka pakem Jawa, luwih-luwih wewengkon kutha.

Kahanan kasebut tumrap ngaluhur Jawa sayekti dudu barang mokal. Adoh sadurunge, ing jangka Jayabaya kasebutake yen ing mengkone; kali ilang kedhunge, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange, kalebu wong Jawa ilang jawane. Jangka Jayabaya kasebut prasasat saksen sakbil klawan apa sing katuturake para pinter Romawi utawa Yunani kuna ing ndhuwur. Tan wurunga salaras lakune wektu, kita sansaya kelangan aji sejati (tata nilai) ing akeh bab, kalebu wilangan bobot tata budaya.

Nlusur bab Jawa sing ana ing generasi mudha, saemper ngluru dom ing tumpukan merang. Lire, ana nanging ora kasat mata. Dene yen kudu digoleki, mbutuhake wektu sarta dudu pakaryan gampang. Paling ora, ana telung pantha sing kena kanggo ngukur para mudha saiki apa isih mengkoni jawane?

Manut Koentjaraningrat ing bukune Kebudayaan Mentalitet dan Pembangunan, telung pantha mau yaiku sepisan ing wewengkon pamikir, gagasan, norma-norma, sarta tata pranatan. Pantha kapindho, perilaku, tumindak sarta solah-bawa ing madyaning bebrayan. Pantha pungkasan dumunung ing karya, sing bisa karasa, karungu lan kadeleng. Prekara pamikir, para mudha saiki nyata selot kelangan enggok klawan pamikir-pamikir Jawa, pethaning ati akeh sing wis nyaplok gagasan-gagasan Kulon.

Sakalire pilih metung mawa akal lan nalar, mburu cepet nadyan kudu nyebal kautaman. Wawasan narima ing pandum, alon-alon waton kelakon, becik ketitik ala ketara, wani ngalah luhur wekasane, empan papan, tepa selira lan sawernane kaya wis arang digape. Ing bab pamikir Jawa, generasi saiki tuhu mrucut saka gendhongan, luput saka kekudangan. Angel nemokake ing endi sing isih kasisan pamikir-pamikir Jawa.

Wondene ing perilaku, tumindak sarta solah bawa ing madyaning bebrayan, generasi saiki uga sansaya nyebal saka ukuran-ukuran Jawa. Saiba kita angel nyipati maneh, generasi saiki sing nuduhake kurmat, tata trapsila sarta unggah-ungguh basa sing njawani. Trap-trapaning basa kang ing kono mapan dayaning tatakrama malah katudhing minangka gaya feodalisme. Gilirane wis ora ana perbeda maneh nalika pirembugan utawa srawung klawan kang sepuh sing pantes kakurmati, apadene klawan sing sapantaran utawa kang luwih mudha.

Mbokmanawa yen kena diarani bab sing isih bisa katonton marang apa sing ana ing generasi mudha klawan bab Jawa, yaiku karya. Kita ora bisa nutup mata, nadyan lamat-lamat generasi saiki ana kang tetep sudi padha ngukuhi budaya Jawa. Utamane ing bab seni, ana seni beksa, seni dhalang, seni tembang lan seni-seni liyane ing ukuran sing tetep cilik katon isih kabebudi. Becik ing madyaning bebrayan apadene pawiyatan.

Amung emane, kabeh mau winates ing ajining kulit. Awit seni ing wawasan Jawa tetep ngemu daya adiluhung, jalaran sakehing tontonan ing Jawa iku kuwawa kagarba minangka tuntunan. Ewasemana ing wektu saiki, wewengkon seni amung mandheg ing blabaring gatra tan kuwawa mancik ing jiwa. Dhapur seni sing tetep metung bathi lan rugi. Dudu ngukuhi luhuring wawasan-wawasan utawa ngelmu Jawa.

Mangkono, yen kudu ngluru bab tilas Jawa ing generasi mudha saiki. Banjur kita bakal kandha piye, yen sanyatane pancen selot adoh saka pakem. Nadyan ora diselaki tetep ana sing mrojol selaning garu, nanging iku ora kuwawa makili angka mungguh generasi kita sing tetep setya marang apa-apa sing mambu Jawa. Ewasemono, kanyatan iku dudu sawutuhe lirwane para  generasi mudha.

Editor
Tim Solopos -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Ngluru Dom Ing Tumpukan Merang

Espos.id

CERKAK: Landheping Krikil

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar