Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia
Ing ngarep Pasar Nusukan, Setu (28/7) wengi, rame banget. Pada bakul lan masarakat Nusukan padha ndeleng pentas seni kang digelar dening para seniman Solo. Ana rong pepanthan seni kang melu ngramekake adicara kasebut, yakui Omah Budaya Indonesia lan Ini Perkusi Solo. Pagelaran kuwi beda karo kesenian ing papan liyane, yakuwi ora ana panggung. Latar kang jembar ing ngarep pasar dadi papan panggelare seni rakyat kuwi.
Pepanthan Omah budaya Indonesia menehi tontonan kanggo masarakat yakuwi tari topeng kang diiringi gamelan saka pring utawa musik bambu. Ada sangang pambeksa kang nari nganggo topeng. Pamirsane pentas seni iku rumangsa cedhak banget karo pambeksane amarga ora ana panggung kang menehi wates antarane pamirsa lan seniman. Kanthi tata diyan kang prasaja, para pambeksa kasebut menehi panglipur marang bakul pasar tradhisional lan masarakat.
“Jenenge tari topeng mau Guyub Rukun Tanpa Pamrih,” ujare Pangarsa Omah Budaya Indonesia, Irawan, nalika ditemoni ing pasar kasebut. Dheweke ngajab supaya para bakul ing pasar lan masarakat padha diwenehi sipat guyub rukun, ora padha padudon sing bisa marai geger lan uripe ora tentrem. Saliyane kuwi, supaya para bakul bisa rame ing gawe lan sepi ing pamrih, saengga pasar Nusukan dadi pasar kang rame lan menehi karaharjan marang bakule.
Sakdurunge digelar tari topeng mau, para bakul ing pasar kang mapan ing sisih lore Terminal Tirtonadi kuwi padha sambat lan prihatin. Pasar kang wus dibangun apik lan rapi kuwi kasunyatane sepi. Miturut Irawan, anane pentas seni kuwi diajab bisa dadi sarana promosi pasar tradhisional supaya masarakat padha blanja ing pasar. Roh lan semangat pasar tradhisional yakuwi pasar kang dadi jantung ekonomine wong cilik.
Mula yen pamarentah arep temenan nyejahterakake masarakat, kudu bisa ngramekake pasar, ora mung bisa mbangun pasar. Pemkot Solo sakjane wus preduli marang bakul ing pasar tradhisional. Pasar kang sakdurunge reged, mambu, padha dibangun lan dadi pasar tradhisional kang resik lan rapi. Mula, supaya pasar rame, kudu digelar pentas- pentas seni supaya pasare luwih kuncara tinimbang pasar modheren.
