Meniti Jalan Terakhir menuju Paris
Ing tlatah Jawa ana wewengkon jenenge Kemangiran kang dipimpin Ki Ageng Wonoboyo utawa Ki Ageng Mangir. Wewengkon kasebut diatur kanthi panguwasa wicaksana, saengga rakyat tentrem lan sejahtera. Kajaba amarga pemimpine kang adil, rakyat dadi adem ayem uga amarga alam kang subur lan gemah ripah, ora larang pangan.
Kerajaan Mataram kang durung suwe ngadek, kepingin nguwasani Kemangiran supaya dadi salah sijine wewengkon kakuwasaan Mataram. Nanging Ki Ageng Mangir ora gelem tunduk kaliyan Raja Mataram, Panembahan Senopati amarga duwe kapercayaan kang beda lan babagan ekonomi. Kemangiran luwih dhisik sejahtera lan tentrem tinimbang Mataram.
Carita kasebut digelar dening Kelompok Kerja Teater Tradisional (KKTT) Wiswakarman saka Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS ing Taman Budaya Solo (TBS), Rebo (27/6) wengi. Teater kang diperanake dening 25 mahasiswa kuwi nuduhake sujarah Kerajaan Mataram ing tlatah Jawa. “Carita iki nuduhake babagan toleransi lan kesetiaan marang panguwasa lan wujud tresna Wonoboyo marang wewengkone dewe,” ujare deweke.
Supaya bisa naklukake Kemangiran, Panembahan Senopati ngutus anake Dewi Pembayun dadi ledek ing Kemangiran. sakbanjure kuwi Wonoboyo seneng kaliyan Pembayun banjur didadekake garwa. Nalika Wonoboyo sungkem ing ngarepe Senopati, deweke ditusuk sanjata kaliyan adikke Senopati, Pangeran Purboyo.
