Sadhela maneh masarakat sing padha nindakake pasa Ramadan. Pasa kang ukume wajib tumrap wong Islam iku bakal dilakoni sesasi muput. Masarakat mesthi sakdurunge nindakake pasa Ramadan, padha nindakake tradhisi kang wus kerep dilakoni dening umat Islam ing masarakat Jawa, yaiku tradhisi ruwahan lan tradhisi padusan. Tradhisi kasebut ditindakake dening muslim ing sasi Ruwah utawa sasi sakdurunge sasi Pasa.
Meniti Jalan Terakhir menuju Paris
Miturut Dhosen Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy Sulistyono, padusan kuwi bisa disebut nyawijine budaya antarane Islam lan Jawa. Ana babagan kang padha ing Islam lan Jawa, yaiku bab sesuci sakdurunge ngibadah marang Gusti Allah. “Ing Islam sakdurunge salat kudu wudu dhisik supaya resik raga lan jiwane. Ing Jawa uga kudu adus nalika reget jiwane,” kandhane Ki Demang nalika ditemoni Espos ing Solo, Selasa (10/7).
Padusan kuwi dijupuk saka basa Jawa kawi hadiyus kang tegese adus utawa sesuci. Uga disebut matirta utawa siram utawa adus. Ing Jawa ada perangan manungsa kang duwe kuwajiban padusan, yaikukang arep lelaku. Kaping pindho, yakuwi nemoni junub utawa sakbubare kumpul karo bojone. Katelu, yakuwi wong wadon kang rampung nggarapsari. “Ndeleng perangan kuwi ana sing padha, yaiku padusan dilakoni sakdurunge nindakake lelaku.”
Tumrap wong Jawa, lelaku kuwi bisa awujud apa wae, kaya pasa mutih, ngrowot, lan liya-liyane. Nanging ing Islam lelaku kuwi yaiku pasa. Mula sakdurunge nglakoni lelaku, yaiku pasa, kudu nindakake padusan dhisik. Lelaku ing Jawa ora kudu dilakoni, nanging pasa kuwi dadi rukun Islam, mula diwajibake. “Padusan kuwi tambahan, bisa dilakoni, utawa bisa ditinggalake, kahanan kuwi bali ing pribadine dhewe-dhewe. Padusan kuwi dudu kuwajiban.”
Padusan tumrap wong Jawa bisa dadi sugesti. “Wong arep pasa kok durung padusan, rasa-rasane kurang sreg lan mantep,” kandhane Edy. Kaya wong sing junub utawa sakbubare kumpul karo bojone manawa ora adus dhisik, mesthi lair lan batine uga kurang mantep lan ayem. Mula, padusan kuwi diprecaya bisa ngresiki barang kang katon mripat, kaya regetan ing kulit. Padusan uga bisa ngresiki barang ing batin, yakuwi sipat ala, srei, medhit, cethil lan liya-liyane.
Kajaba arep ngelakoni lelaku utawa reresik awak sarampunge nggarapsar, padusan ing Jawa uga bisa dadi tandha mertobat sakbubare nglakoni dosa gedhe. Ing carita pewayangan uga ana contone, yaiku nalika Samba jinah karo bojone Kangmase. Dening bapake, Samba banjur diadusi lan mertobat ora bakal nindakake dosa gedhe kasebut. Padusan bisa dadi pawitan kanggo ngelakoni lembaran urip. Dosa wus keli melu banyu mili. Nanging yen dosa kasebut tetep dibaleni, padusan kuwi ora guna apa- apa.
Padusan kuwi uga dilakoni ing sumber banyu utawa sumur kang resik. Mula, ana tradhisi padusan ing sendhang- sendhang kang bening banyune, sendhang kang dijaga dening masarakat, uga ing tuk kang isih dijaga. “Padusan kuwi kanggo wong kang wus diwasa. Yen wong wadon wus nggarapsari, yen wong lanang wis ditetak utawa wis junub. Padusan kuwi suci, mula kudu dilakoni kanthi tertib lan ora nerak paugeran.”
Tatacarane yakuwi ana niyat ing njero ati, yaiku niyat ingsun arep padusan supaya resik lair lan batin. Sakbanjure, tangan tengen disiram dhisik sakdurunge ganti tangan kiwa. Banjur awak perangan tengen disiram dhisik. Rambut uga kudu dikramasi nganggo landa ketan ireng, tegese merang kang wus diobong lan awune dienggo adus. “Ireng kuwi tandha kalanggengan, kakuwatan, suci. Merang uga bisa ngresiki rambut lan njalari rambut dadi tambah ireng lan subur.”
Nanging Raden Ngabehi (RNg) Edy uga precaya isih ana wong kang ora bisa nampa marang padusan kuwi amarga ora diwenehi conto saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW. “Pancen ora diwenehi conto. Nanging padusan iki dudu barang sing ala, uga ora ana rugine tumrap wong sing ngelakoni. Para wali atusan taun kepungkur uga ora ngelikake tradhisi padusan, kamangka wali kuwi wus makrifat. Mula iki ora wajib, ana sing ngelakoni, uga ana sing ngedohi, mangga,” kandhane.
