Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Senin, 21 November 2011 - 21:51 WIB
ESPOS.ID - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)
Kosok walike akeh sing ora sekolah nanging bisa nyambut gawe utawa wasis dadi nimpuna tartamtu saengga nyambut gawene serabutan utawa sarwa miguna uripe ing bebrayan agung iki. Mula ana benere unen-unen iki: Aja dumeh ora sekolah banjur dianggep goblog, aja dumeh sekolahe dhuwur banjur dianggep wasis, jalaran sekolah lan sinau kuwi ora padha. Jalaran seekolah lan sinau kuwi ora padha, becike banjur piye kanggone bocah-bocah? Pitakon iki kudune diwangsuli kaya ngene. Becike kabeh bocah pancen kudu sekolah lan sinau dhewe, jalaran ngelmu sing diwulang ing sekolahan kuwi ora akeh, utawa isih akeh ilmu sing ora diwulang ing sekolahan.
Contone, ngelmu basa. Sapa wae sing kepengin pinter basa (basa Jawa, Indonesia, Inggris, lsp) kudune gelem sinau mempeng ing sekolah lan ing panggonan liyane, jalaran kabeh wong sing pinter basa kudune mempeng maca bausastra nganti jam-jaman utawa ora bakal bisa kelakon ing kelas.
Conto liyane, kabeh wong sing pinter nyerat kudune uga gelem sinau mempeng sing ora bakal bisa kelakon ing kelas. Mula saka kuwi, saiki saya akeh mahasiswa sing ora bisa nyerat banjur nalika nggawe skripsi kapeksa tuku. Pancen temen ala yen skripsi wae kapeksa didol tinuku jalaran saya akeh bocah sekolah sing ora sinau, utawa sekolahe mung kanggo pantes-pantesan wae.
Ing mangsa iki, pancen saya akeh wong tuwa sing rumangsa ora pantes yen anak-anake ora sekolah saengga duweni penganggep yen wis sekolah bakal pinter, kamangka sekolah lan sinau ora padha. Mula banjur uga saya akeh wong tuwa sing kecele. Contone, nalika anake wis dadi sarjana nanging plonga-plongo utawa ora bisa nyambut gawe banjur padha kuciwa.
Mula saka kuwi, becike kanggone wong tuwa kudune tansah ngawat-ngawati anak-anake murih sekolah lan sinau sing mempeng, aja mung kanggo pantes-pantesan wae. Yen pancen wongtuwa ora kuwat nanggung ragat sekolah anak-anake, kudune tetep nyengkuyung anak-anak gelem sinau dhewe ing omah utawa ing perpustakaan-perpustakaan. Tegese, sing penting sinau sanajan ora sekolah, aja diwalik sing penting sekolah sanajan ora sinau.
Yen dionceki maneh, sekolah lan sinau kuwi padha pentinge kanggone manungsa, jalaran ajine manungsa gumantung ing sumber dayane. Tegese, sekolah lan sinau sing mempeng murih mupuk sumber daya manusia (SDM) sakakeh-akehe sing bakal migunani tumrap bangsa lan nagara.
Prakara SDM pancen dadi sarat paling penting kanggo maju mundure bangsa lan nagara. Mula wis lumrah yen negara banjur gawe paugeran kaya dene “wajib belajar 12 tahun”. Nanging prakara iki aja malah gawe wong tuwa lan bocah-bocah saya nengenake sekolah nanging ora mentingake sinau ana ing panggonan liyane.
Wasana, kabeh pehak pantes bungah yen kabeh bocah mempeng sinau ing sekolah utawa sinau ing panggonan liya, murih duweni SDM sing unggul, dumadi moncere bangsa lan nagara ing mangsa global iki.
Marta Mahardika, sutresna budaya Jawa, mapan ing Kudus