Langganan

Seragam Sekolah Dadi Bibit Pasulayan?

Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 24 Mei 2012 - 09:36 WIB

ESPOS.ID - Siti Siamah Sutresna Kabudayan Jawa (FOTO/Dok)

Bhinneka Tunggal Ika wis kebacut dadi semboyan kanggo urip bebrayan agung bangsa kita. Nanging geneya saya akeh pasulayan amung jalaran siji lan sijine ora padha utawa pancen beda?

Yen dipetani, kahanan sing ora padha utawa pancen beda (asal-usul, suku, basa, agama lan liya-liyane) ing negara kita wis wiwit biyen mula pancen ana. Jalaran saka kuwi, kabeh tokoh nasional sing presasat dadi “Bapak Bangsa” banjur sarujuk milih semboyan Bhinneka Tunggal Ika kanggo nyawijiake bangsa kita.

Senajan ngono, sing gawe gumun, kabeh sekolah malah padha gawe aturan sing ora trep karo semboyan Bhinneka Tunggal Ika, yaiku aturan ing babagan seragam kanggo murid-murid.

Mula wis pantese kudu didakwa yen seragam sekolah kuwi aja-aja malah bisa dadi bibit pasulayan sing kerep kedaden. Nyatane, pancen saya akeh murid sekolah sing padha tukar padu lan padha tawuran nganti ana sing paten-patenan. Malah sing luwih gawe priatin, saya kerep ana pasulayan lan paten patenan amung jalaran beda cara ngibadah senajan agamame padha.

Sinau Beda

Sekolah minangka panggonan kanggo pasinaon tumrap bocah-bocah sing presasat sing bakal gawe ramene jagad ing mangsa-mangsa sing arep tumeka, sajake ora pantes didakwa dadi panggonan thukule bibit-bibit pasulayan. Mula saka kuwi, sekolah kudune ora duweni aturan ing babagan seragam.

Murih bocah-bocah wiwit cilik padha sinau nampa kanti becik samubarang sing ora padha, kudune saben dina ora diwajibake nganggo seragam. Ing babagan iki, panganggep yen seragam sekolah kuwi bisa nyawijiake lan gawe disipline para murid kabeh, wis pantes yen ditimbang maneh. Panganggep kuwi sajak ora trep tumrap bangsa kita sing duweni macem-macem kahanan sing beda.

Yen amung murih murid-murid padha disiplin bisa wae ora usah nganggo seragam sekolah, nanging nganggo aturan liya sing nalar. Contone, kabeh murid diwajibake nggawa jam (arloji utawa hp) murih tansah disiplin anggone ngatur wektune. Kapan kudu wis tekan sekolah, kapan kudu wis tekan omah, kapan kudu sinau, kapan kudu ngaso, kapan kudu mangan, bakal ora sewang-wewangan yen kabeh wis padha bisa ngugemi wektu.

Seragam sekolah wis mangsane ditimbang maneh. Yen pancen wis cetha dadi bibit pasulayan, seragam sekolah ora prelu maneh diwajibake tumrap murid-murid sing kudune wiwit cilik sinau urip bebrayan sing pancen sarwa beda, jalaran saben-saben manungsa pancen lair lan urip sajrone kaluwarga sing siji lan sijine pancen ora padha.

Seragam Militer

Pantes didakwa uga yen aturan babagan seragam sekolah maune amung niru seragam perang utawa seragam prajurit militer. Yen pancen kaya ngono, wis cetha yen kuwi kleru, jalaran seragam perang kuwi pancen penting banget kanggone para prajurit militer mligine nalika menyang palagan utawa arep perang.

Saupama prajurit militer ora nganggo seragam, bisa cilaka jalaran ora bisa mbedaake bala karo mungsuh. Luwih cethane, seragam militer pancen penting banget jalaran kabeh prajurit militer kudune tansah siap perang saben-saben ana mungsuh sing kudu diadhepi. Senajan kaya ngono, ana kalane prajurit ora prelu nganggo seragam militer nalika lagi nyamar dadi telik sandi utawa lagi ngaso.

Cekak aose, sekolah kuwi tegese sinau macem-macem ngelmu ora teges sinau pasulayan utawa perang, mangka kabeh murid ora prelu kudu nganggo seragam, apa maneh ing mangsa saiki akeh seragam sekolah sing regane larang banget sing bisa gawe tambah susahe rakyat akeh sing presasat uripe isih padha nelangsa.

Ewadene mligine tumrap sekolah militer, wis pantes yen murid-murid kabeh diwajibake nganggo seragam, murih sinau tansah panggah anggone bakal dadi prajurit sing kudune tansah wani perang ngadhepi mungsuh kapan lan ing papan ngendi wae. Nuwun.

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif