Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 26 April 2012 - 10:31 WIB
ESPOS.ID - (Espos/Burhan Aris Nugraha) TARI BALI--Pambeksa nggelar tari Bali ing adicara Pesona Balekambang ing Taman Balekambang Solo, Rebo (18/4)
Tari utawa beksa uwis ana wiwit atusan taun kepungkur. Tari sing uga diarani joged bisa dadi sarana ing upacara-upacara kepercayaan, tegese joged bisa dadi dalan panyuwunan marang Pangeran. Tari uga bisa kanggo panglipur lan pasugatan nalika wong duwe gawe lan liya-liyane.
Jaman saiki, tari sing kalebu tradisi pancen isih ana, nanging uwis ora pati antuk kawigatene masarakat. Tari ing padesan kang ing jaman biyen digelar nalika ngepasi panen utawa nalika jaluk udan, saiki kaya-kaya uwis ora ana maneh. Jaman uwis ganti, tari uga melu ganti.
Miturut salah sijine seniman tari ing Solo, Suprapto, tari-tarian ing karang pradesan uwis arang digelar. “Kuwi bisa amarga pangaruhe agama sing mlebu ing tanah Jawa, uga didayani karo jaman sing uwis modheren,” ujare Suprapto, Senen (24/4). Awit saka iku, masarakat luwih seneng nonton adicara ing televisi sing bisa digeguyu, marai seneng lan bisa ditonton ana ing omahe dhewe-dhewe.
Suprapto uga ngendika, tari uwis dadi laku batin lan perangan seka uripe. “Tari uga dadi tanggung jawab marang Gusti Pangeran, tari uga sarana golek kabecikan lan swarga ing donya lan ngakerat,” blakane.
Tari kuwi, miturut piyambake asumber saka jeroning ati. Ati sing susah apa sing seneng, kabeh bakal bisa dadi sumber ngripto beksan utawa tari. “Uripku ya njoged, ora bisa yen ora njoged,” ujare piyambake. Suprapto ngendika yen bakal terus nari angger awak bisa tetep obah, batese nganti tumekaning pati.
Seniman tari liyane, Mugiyono Kasido, banjur ngomong yen tari uwis manjing kalawan uripe. Contone, piranti sing dianggo nalika dheweke nari ing panggung, uga dienggo ing saben dinane. Kaya kaos, sapu utawa klasa, uga dienggo ing omahe. “Ora dibeda-bedakake, piranti iki kanggo manggung ora oleh dienggo ing omah. Sing dienggo manggung ya dienggo ing omah, ora ana bedane,” tandhese.
Awit saka iku, tari uwis kaya dadi pasangan urip, ora amarga dadi sarana golek dhuwit, naning liwat tari bisa oleh katentreman.
Tantangane para seniman tari, miturut Suprapto, yaiku piye carane bisa nyuguhake tari sing tetep njunjung idealis, ananging uga payu lan apik dideleng masarakat. Seniman ora banjur nuduhake seni ing jaman dhisik, nanging uga tetep bisa nuduhake seni tari jaman saiki. “Seni tari tradisi bisa dadi acuan para seniman kanggo gawe seni tari kontemporer. Dadi seni tradisi bisa tetep migunani,” ujare.
“Jinis tari tradisi utawa kontemporer ora prelu digamblokake dadi siji, nanging tetep bisa disugatakake dhewe-dhewe,” tandhese.
Tantangan liyane, miturut Mugiono yaiku piye carane tari tradisi tetep bisa dilestarikake lan disenengi generasi mudha. Piyambake rumangsa prihatin amarga ndeleng kasunyatan malah akeh wong manca sing nyinau budaya Jawa, salah sijine tari. Malah ing salah sijine seminar, pamicara babakan tari tradisi Jawa ora seka wong Jawa, ananing wong Walanda. “Sekolah-sekolah ing Amerika, Jepang lan Eropa, tari tradisi malah diwulangake marang bocah-bocah lan para wong sing diukum ing pakunjaran,” ujare.
Alesane, amarga tari tradisi Jawa lan gamelan kuwi bisa nentremake ati lan jiwa sing panas lan gampang nesu. “Tari tradisi kuwi butuh obahing awak alon-alon, nanging gedhe tenagane.” Tari tradisi digawe para leluhur ora mung apik dideleng, ananing uga duwe kabecikan, yaiku nentremake. Tari ora mung kanggo seneng-seneng, ananging uga sarana upacara suci kaprecayan.