Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

Tiji Tibeh Kudune Mung Kanggo Kautaman

author
Kamis, 20 September 2012 - 15:11 WIB
Tiji Tibeh Kudune Mung Kanggo Kautaman
ESPOS.ID - Langen beksan kolosal Matah Ati nalika dibabar ing Pamedan Pura Mangkunegaran sawetara dina kapungkur dadi sarana kanggo ndhudhah piwulang luhur ”tiji tibeh” warisane RM Said. (JIBI/Solopos/Burhan Aris Nugraha)
Langen beksan kolosal Matah Ati nalika dibabar ing Pamedan Pura Mangkunegaran sawetara dina kapungkur dadi sarana kanggo ndhudhah piwulang luhur ”tiji tibeh” warisane RM Said. (JIBI/SOLOPOS/Burhan Aris Nugraha)
Ing sawjining dina ing taun 1741 M [1666 Jawa], ana rombongan wong saka lor numpak jaran tumuju tlatah Nglaroh, Selogiri, Wonogiri. Ing ngarep dhewe ana priya nganggo blangkon, awake sedhengan. Ing mburine ana wong- wong kang numpak jaran, awake ana sing sedhengan, uga ana sing gedhe dhuwur. Priya kang numpak jaran ngarep dhewe iku Raden Mas Said. Dheweke lan 18 pandherek metu saka Karaton Kartasura saprelu berjuang nggayuh kamulyaning rakyat.

Ora let suwe, saka arah lor ana rombongan abdi dalem cacahe 22 wong lan para prajurit. Raden Mas Said kasengkuyung 40 pandherek sing setya marang dheweke. RM Said lan pandhereke padha ngumpul ing salah sijine tlatah, banjur tlatah kuwi diarani Pule, saka tembung ”kumpule”. Para pandherek cacahe 40 wong diangkat dadi manggalayuda (komandan pasukan) lan diwenehi jeneng nganggo tembung ”jaya”. Saben manggalayuda diwenehi kuwajiban lan tanggung jawab beda-beda.

Borneo FC dan Kejamnya Drama Sepak Bola

“Ana sing diwenehi jeneng Jaya Hulatan, kuwajibane dadi komandan pasukan sing ngawasi kahanan. Ana sing diwenehi jeneng Jaya Panambang, kuwajibane nglumpukake prabeya. Saben manggalayuda duwe prajurit dhewe-dhewe,” pratelane abdi dalem Pura Mangkunegaran kang uga Pangarsa Redaksi Kalawarti Basa Jawa Mbangun Tuwuh, Kanjeng Pangeran (KP) Widijatmo Sontodipuro utawa Wa Sonto [Pakdhe Sonto], nalika disowani Espos.id, sakwetara wektu kepungkur.

Prajurit pandherek RM Said cacahe ana atusan wong. Nalika warga ing tlatah sing diliwati RM Said lan pandhereke sarujuk marang gegayuhane, akeh sing banjur nyengkuyung, dadi prajurit, lan ndherek lakune RM Said. Prajurit pandhereke RM Said sansaya akeh, ewon wong. ”Supaya para manggalayuda lan prajurit kuwi padha setya, prelu sesanti supaya nambahi semangat, yaiku tiji tibeh, mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh,” piterange Wa Sonto. Tegese dudu mati siji banjur liyane padha melu mati, nanging sabaya pati. Yen ana siji wae sing mati, liyane padha sedhih lan wusana dadi panambah semangat nglawan tentara kumpeni Walanda.

Wa Sonto sing saiki yuswane ngancik 82 taun ini nalika wawancara kalawan Espos ing daleme, Wisma Bukit Arum, Ngadisono, Kadipiro, Banjarsari, Solo, nelakake lamun mukti kabeh yaiku nalika antuk kamulyan, kabeh bakal ngrasakake kamulyan kasebut. ”Saben perjuangan, ora dhisik ora saiki, para prajurit lan komandan prelu sesanti. Ing perang kamardikan ana sesanti luwih becik mati campur getih tinimbang urip dijajah. Sesanti ngono kuwi pindha geni, semangat dadi makantar-kantar,” pratelane Wa Sonto.

RM Said kang uga kondhang kanthi asma Pangeran Sambernyawa dadi krikil sing ngreridhu Walanda. RM Said lan pandhereka ngecakake perang cara gerilya, pindhah-pindhah. Saben tentara Walanda ngepung, RM Said sapandhereke mesthi bisa uwal. Jeneng Sambernyawa gegayutan kalawan kridhane nalika andon yuda mungsuh tentara Walanda. ”Pangeran Sambernyawa kuwi pribadi sing disiplin, ora gelem kompromi kalawan Walanda,” piterange Wa Santa.

Salah sawijining demang ing Palur aweh katrangan marang pehak Walanda bab papan pandhelikane RM Said sapandhereka. Dening Pangeran Sambernyawa, demang kuwi dipidana pati sakprajruit lan abdine. ”Kuwi supaya masyarakat tetap setya turung marang perjuangan RM Said lan ora dadi kancane Walanda,” pratelane dhalang lan dwijawara ing Akademi Seni Mangkunegaran [Asga], Ki Demang Edy Sulistyono.

Sawise nglawan Walanda 16 taun, RM Said sapatemon kalawan pehak Walanda, Sri Sultan Hamengku Buwana I lan Sri Susuhunan Paku Buwana III ing Salatiga. Kanthi prajanjen Salatiga kuwi, tlatah Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat dipantha dadi loro, salah sijine dadi panguwasane RM Said, yaiku tlatah Karanganyar, Wonogiri lan Ngawen (Gunung Kidul).

RM Said banjur madeg dadi Pangeran Adipati yaiku Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya [KGPAA] Mangkunegara I. Nalika mimpin tlatah Mangkunegaran, RM Said tansah mbiwarake wulang luhur sing karakit ing unen-unen sing isih lestari nganti saiki. Wulangan luhur kuwi yaiku, kapisan, semangat tiji tibeh (mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh). Wulangan luhur ki mesthi wae dicakake tumrap kabecikan. Semangat tiji tibeh didayakake kanggo mbangun negara. Mbangun nyawijine rakyat lan panguwasa seangga bisa bebarengan mbangun negara ngudi kamulyan tumrap kabeh warga.

Wulangan kapindho yaiku mulat sarira hangrasa wani (tansah mawas dhiri), rumangsa melu handarbeni (kabeh kudu saiyeg saekapraya bebarengan rumangsa nduweni negara) lan wajib melu hanggondheli/hangrungkebi (tansah sumadya mbela negara nalika ana bebaya utawa mungsuh kang ngrabasa.

Dene wulangan kaping telu yaiku urip hanebu sauyun. “Urip hanebu sauyun tegese urip kayadene tebu, godhong tebu ana gunane, tebu digiling dadi gula, kabeh wong seneng gula, oyot tebu kuwat lan ora bisa dibedhol siji mbaka siji, kudu dibedhol bareng-bareng. Tegese nalika ana siji sing kaancam bebaya, liyane melu mbelani,” piterange Edy. Miturut Heri Priyatmoko, mahasiswa Pascasarjana Sejarah Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada, wulangan warisan RM Said kuwi mau isih cocok lan trep lamun dicakake ing titi wanci pungkasan iki.

Nalika kabeh warga bebrayan agung lan pemerintah padha ngrumangsani minangka warga negara lan rumasang melu handarbeni mesthi bakal tumindak kang becik kang tundhone ngudi kawujude kamulyaning urip kabeh rakyat. Rumangsa handarbeni kang kasengkuyung semangat tiji tibeh bakal bakal kuwawa mbengkas kabeh kasus korupsi. Nalika kabeh warga bebrayan agung melu hanggondheli, iki bisa dadi sarana numpes teroris ing Indonesia.

Emane, miturut Heri, ing titi wanci pungkasan iki tapsiran luhur wulangan warisan RM Said kuwi malah dicakake ing papan lan kahanan kang ora trep. Koruptor mesthi ngugemi semangat tiji tibeh. Korupsi kanggo kamulyan kulawarga lan kanca-kancane. Dene yen tumindak korupsinya kuwi kadenangan, semangat tiji tibeh kawujdu ing laku wegah tanggung jawab dhewe, nyakot mrana, nyakot mrene, nggeret sakakeh-akehe wong supaya melu ngrasakake sengsara ing pakunjaran. Ki Demang Edy njlentrehake lamun negara kuwi kadidene omah. Ing wanci wengi, lawang lan cendhela ditutup. Nalika gendhenge pecah lan banyu udan mlebu, sakulawarga padha gotong royong ndandani gendheng. Lamu wulangan luhur lan semangat tiji tibeh kuwi dicakake kanthi temen-temen ing dalan kautaman, negara iki bakal enggal kuncara lan raharja.

Editor
R. Bambang Aris Sasangka -

journalist, history and military enthusiast, journalist competency assessor and trainer

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Kasus Dugaan Makar, Tersangka Pesan 500 Kaus Tiga Jari untuk Aksi Demo

Bareskrim Polri mengungkap peran enam tersangka dalam kasus dugaan makar yang berkaitan dengan perkara penyadapan ilegal.

Espos.id nasional

Pertahankan Jabatan Kapolri, Jadi Motif Makar yang Dilakukan Listyo Sigit Dkk

Motif mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo dkk dalam kasus dugaan makar terhadap pemerintah Presiden Prabowo Subianto diungkap Badan Reserse Kriminal (Bareskrim) Polri.

Espos.id nasional

Punya Harta Rp13 Miliar, Ini Profil Sugiono yang Diusulkan Prabowo Jadi Cawapres

Presiden Prabowo Subianto mengajukan Sugiono jadi pengganti Gibran Rakabuming Raka sebagai Wakil Presiden ke MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.