Miturut Garin, saben kagunan bisa nggandheng sponsor angger seniman ngerti sapa sponsor sing kira-kira cocok nyengkuyung prabeya tumrap kagunan karyane. Garin menehi tuladha nalika dheweke arep gawe film babagan politik ing Aceh lan Papua. Film kasebut nyritakake gegeran ing Aceh lan Papua kang ngrusak katentremaning bebrayan agung kang tlatah kuwi. Miturut Garin, film kasebut ora kemedol saengga ora ana sponsor gedhe sing gelem nyengkuyung utawa nyukupi kabutuhan prabeyane.
Sejak Era Sukarno, Sejarah Timnas Indonesia Jangan Kalah dari Malaysia
”Wusana, sponsor sing teka malah saka bebadan kang preduli marang katentreman bebrayan agung utawa bebadan kang ngudi dumadine rekonsiliasi ing Aceh lan Papua,” pratelane Garin sakwetara wektu kepungkur. Garin ngandharake tuladha liyane, yaiku nalika dheweke gawe film sing nyritakake riwayat lan kridhane grup band Slank. Film kanthi lakon Generasi Biru kuwi disengkuyung sponsor pabrik rokok.
Pabrik rokok kuwi gelem dadi sponsor jalaran film Generasi Biru kuwi katumrapake para remaja utawa generasi mudha. Ing konferensi kang ditekani delegasi saka negara-negara ing tlatah Asia-Pasifik kuwi, sutradara film Daun Di Atas Bantal kuwi uga ngandharake cara ngejak tembayatan sponsor. Garin nelakake cara ngejak tembayatan sponsor kuwi kadidene nenandur kanthi cara tumpang sari. Cara kasebut dilakoni Garin nalika gawe film Opera Jawa ing taun 2006.
Garin kasil ngejak tembayatan telung sponsor sing nyumbang prabeya kanggo gawe film lan promosi. Dheweke bisa ngejak tembayatan telung sponsor jalaran film sing digawe mujudake sanggit anyar, yakuwi film sing iringan musike 100% gamelan. Akeh bebadan saka mancanegara sing nyengkuyung film kasebut. Sponsor kuwi kasil dijak tembayatan nalika Garin mbabar pameran instalasi ing Jerman lan Austria, mbabar teater musikal ing Belanda lan negara liyane ing Eropa lan nalika film kuwi diputer ing bioskop.
Cara liya kanggo ngudi prabeya tumrap karya kagunan yakuwi nglumpukake prabeya saka bebrayan agung. Ing basa Inggris cara mangkene iki sinebut crowdfunding, yaiku nglumpukake prabeya saka saben pribadi sutresna budaya lan kagunan. Ronald Kleverland, sudagar saka Walanda, ngandharake pengalamane ngimpun prabeya kanggo ngracik karya kagunan utawa karya budaya kanthi cara iki. Miturut Kleverland, iki jan-jane dudu cara anyar.
Nalika Prancis menehi bebungah reca Liberty marang Amerika Serikat, Prancis mung masrahake reca. Wangungan papan hadege reca gawen wong-wong Amerika dhewe. Nalika kuwi, Amerika Serikat nembe wae nglereni perang sipil, bangkrut lan ora duwe prabeya kanggo mbangun negara. Pemerintah Amerika Serikat banjur ngumpulke sakdolar mbaka sakdolar saka warga bebrayan agung negara kuwi.
”Sapa sing nyumbang bakal nampa tirone reca Liberty,” pratelane Kleverland. Sing dadi pitakonan yagene ing jaman susah, wong Amerika Serikat malah gelem urunan kanggo mbangun reca sing durung genah apa paedahe? ”Wangsulan pitakonan iki yakuwi pemerintah bisa mbujuk bebrayan agung negara kuwi lan duwe gegayuhan padha yakuwi duwe wangunan sing dadi duweke kabeh warga bebrayan agung ing Kutha New York,” piterange Klverland.
Tuladha liyane yaiku nalika ana band saka Eropa sing arep konser ing Amerika Serikat nanging ora duwe dhuwit kanggo prabeya mbabar konser kuwi. Band kuwi njaluk para sutresnane ing Amerika supaya urunan kanthi balen awujud tiket mindeng konser lelahanan utawa gratis. Cara kasebut uga digunakake dening band-band indie nalika gawe album. Sutresna utawa pandhemene urunan lan nampa balen wujud cenderamata.
”Kanthi cara iki seniman ora sakkarepe dhewe, ora sakkepenake dhewe. Seniman tetep ngugemi tanggung jawab game mareme sutresna utawa pandhemene,” pratelane Kleverland.
