Ayo Mudik, Saatnya Uang Mengalir sampai Jauh
Penari wus dadi cita-citane Wiyoto wiwit cilik. Saiki piyambake dadi dwija ing Sanggar Semarak Candra Kirana, ing piwulangan tari tradhisional. Tari tradhisional kudu tetep lestari senadyan jaman wus modheren. “Wiyoto kuwi tegese piwulangan, mula saiki dadi dwija,” kandhane piyambake nalika ditemoni Espos ing Plasa Sriwedari Solo, Minggu (5/8) wengi.
Saliyane ing sanggar, Wiyoto sing saiki wus 27 taun iku uga dadi dwija ing SD-SD, kaya SD Marsudi Rini lan SD Mojolaban. Piyambake isih precaya, duwe ngelmu tari ing jaman saiki tetep bisa digondheli kanggo urip. Malahan, bisa mubeng pentas ing kutha-kutha ing Indonesia. “Buktine aku bisa urip amarga rejeki saka tari. Uga bisa pentas ing Bali, Ngayogjakarta lan Jakarta,” ujare.
Saiki, warga Mertoudan, Mojosongo RT 008/ RW 009, Jebres, Solo, kasebut lagi nggarap tari Peksi Jatayu lan Manggala Yuda. “Salah sijine kunci supaya tetep eksis yakuwi kreativitas penari kudu terus ana, nanging uga ora nabrak pakem. Kabeh kuwi supaya nalika ing panggung, tarian kasebut dadi luwih apik.”
Tari uga ora bisa dipisahake saka seni pentas tradhisional. Contone ketoprak ana tarine, sendratari, wayang wong. Sinau tari uga bisa nglerem emosi, sebabe polah awake sing alus lan alon-alon ngajarake sabar. Kajaba kuwi uga bisa dadi sarana olah raga.
Piyambake uga yakin, nasibe tari tradhisi ora bakal ilang. “Deleng wae ing sanggar tari lan sekolah-sekolah, tambah akeh sing seneng tari lan preduli tari tradhisional.” Para wongtuwa ora sumelang nalika anake sekolah ing seni, sebab seni uga kaya ngelmu liyane, kudu tetep disinau lan bisa dadi tameng piyambake ing jaman modheren supaya ora melu bubrahing jaman.
