Langganan

Arif Suryanto: Ngrangkul Mudha-Mudhi

Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Kamis, 26 Juli 2012 - 08:55 WIB

ESPOS.ID - Arif Suryanto (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Wong enom pancen lumrah duwe sipat seneng hura-hura lan dolan. Nanging para mudha-mudhi ing Kelurahan Jebres bisa ngisi wektu saben dina kanggo kegiyatan positif, yakuwi latihan teater lan gawe pernak-pernik kanggo wong wadon lan sablon kanggo wong lanang. Kegiatan kuwi disengkuyung dening pepanthan anak Gubug Mimpi lan Yayasan Kakak.

Miturut pangarsa pepanthan anak Gubug Mimpi, Arif Suryanto, para bocah kang melu kegiatan kasebut yakuwi bocah sing wus sekolah SMP lan SMA. “Sabubare sekolah, tinimbang dolan ora cetha, para anggota Gubug Mimpi padha gawe barang pernak-pernik kang bisa didol lan ngasilake dhuwit bisa kanggo jajan utawa dicelengi,” kandhane Arif nalika ditemoni, Selasa (24/7).

“Gubug Mimpi wus ngadeg wiwit telung taun kepungkur lan menehi daya pangaribawa marang para bocah lan remaja ing Kelurahan Jebres. Nalika durung ngadeg, ora ana kegiyatan kang positif, nanging saiki wus ditata kanthi rapi lan para anggota bisa nuduhake potensi lan jiwa senine,” ujare.

Anggota kang seneng ing seni musik, bisa melu gladhen karawitan. Gamelane uga wus kasedhiya ing kelurahan kasebut. Banjur sing seneng nulis, karyane utawa seratane bisa dilebokake ing mading kanoman Jebres. “Sing seneng seni paraga bisa mlebu ing teater Gubug Mimpi, kang anggotane isih enom-enom, SMP lan SMA,” kandhane dheweke. Kegiyatan kasebut uga bisa ngedohake kanomansaka tumindak ala, kaya narkoba, miras utawa botoh.

Saka maneka jinis kegiatan kuwi, bisa dijupuk ilmu kang becik lan migunani, yakuwi bab organisasi, ilmu dol tinuku lan paseduluran. “Sesambungane bocah siji lan sijine wus guyub rukun amarga wus saben dina tandhang ing gawe lan kegiyatan, wus ora mikir prelune padha padudon utawa tumindak ala.”

Arif kang umure wus 19 taun saiki kerja ing pabrik sablon. Dheweke pengin Jebres, mligine para mudha-mudhine bisa tambah kreatif, miguna marang masarakat lan bisa nyukupi kabutuhane dhewe.

Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Ngrangkul Mudha-mudhi
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif