Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Cerkak Kacembang Gadhung

author
Minggu, 1 Agustus 2021 - 22:45 WIB
Cerkak Kacembang Gadhung
ESPOS.ID - Ilustrasi sarang walet (Freepik)
Sipat wasis utawa kapinteran dening sakehe kewan iku kena kanggo ngangkat sipate manungsa. Kadhang kala sipate bisa kanggo pameling utawa tuladha sarta sarana kawruh kawicaksananing urip ana ing alam donya.

Kacarita, ing satengahing wana gung utawa alas gedhe kang ora nate diambah dening manungsa ana kauripane sato wana utawa kewan alas kang jinise iwen, yaiku jejering manuk kacembang gadhung. Alas mau kondhang gawat kaliwat-liwat sarta isih kebak ri bandhil bebondhotan uga wit-witan gedhe. Akeh manuk lan kewan-kewan galak kang mapan ing sajrone alas. Awit karana mangsa katiga kang wus lumaku suwe, dumadakan alas mau kobong.

Jelang 20 Tahun Gempa Yogyakarta, BNPB Tekankan Mitigasi Bencana

Ana sawijine manuk wadon kang manggon ing jerone alas, manuk iku mau lagi wae nduweni anak kang durung bisa mabur, lima cacahe. Dene pasangane, utawa manuk kang lanang, lagi miber golek babon liya ing sajabaning alas. Dheweke lali marang pasangane. Manuk wadon ijen anggone ngopeni anak-anake.

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake, "Geni wus meh teka, nuju susuhe awake dhewe, bakale ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake dhewe melu kobong lan tumeka pati. Kabeh sato wana wis kelangan pangarah, maneh-maneh swaraning alas gumludhug awit saka rubuhe wit-witan kang kobong. Oh Ngger, anakku, melas temen nasibmu. Dene kowe durung bisa mabur. Bakale kowe mesthi dadi mangsane geni. Apa kang bakal dak tindakake? Bapakmu wis lunga ninggalake awake dhewe nalika kowe padha durung netes. Aku ora kuat yen ta nggawa lunga kowe kabeh saka alas kene."

Nadyan geni samsaya gedhe lan wus meh mrambat tumuju ing susuhe manuk, manuk wadon mau ora nduweni pangrasa bakal ninggalake anak-anake. Ujare kandha, "Aku bakal tetep ana kene. Bakal mati bareng karo kowe kabeh, Anak-anakku."

Sawise ngucap kaya mangkono, manuk wadon banjur weruh leng tikus, "Sacedhake oyot wit gedhe kae ana leng tikus. Aku bakal mapanake kowe kabeh ana ing sajerone leng kae. Sawise, dalane lumebu bakal dak tutup supaya geni ora bisa tumeka njero. Yen geni wus sirep, aku bakal bali lan ngetokake kowe kabeh, Anak-anakku."

Anak-anake kabeh mau nampik panemune ibune, kandhane, "Ibu, tikus ing sajerone leng punika bakal mangsa awake dhewe kabeh. Aluwung mati kobong katimbang mati dados mangsane tikus, Bu."

Ibune ngupaya supaya atine anak-anake ayem, "Tikus ing sajerone leng kae wis dimangsa manuk alap-alap, Ngger. Mula, ora ana sing bakal mbok kuwatirake."

Anak-anake nyemauri kandhane ibune, "Nanging maksih wonten tikus sanes-sanese, Bu. Sapatine si tikus, mboten kok ndadosaken mboten wontene bebaya sanese. Ibu, enggala ibu ninggalake kula kabeh. Kula kabeh mboten purun menawi mlebet ing leng nika. Ibu mboten usah ngurbanaken dhiri kangge kula kabeh. Kula kabeh mboten pantes nampi pangurbananing ibu. Kula kabeh dereng nate males menapa-menapa kagem ibu. Kula kabeh namung nekakaken kasusahan dhateng ibu. Enggala tindak saking ngriki ibu. Saupami kula kabeh saged slamet, ibu saged wangsul mriki sabibare geni sirep. Enggala tindak saking ngriki, Ibu!"

“Plasss!” Saka cupete nala, si manuk wadon mabur ninggalake alas.

Kanthi kebat, geni nyamber susuh kang isine anak-anak manuk kacembang gadhung. Anak manuk sing paling tuwa kandha, "Wong kang wicaksana iku, bisa ngerti tekane bebaya lan tetep teguh saka bebaya kang nyedhaki."

Kanthi mesem sarta teguh, anak-anak manuk mau angrantu tekaning geni, pangucape, "Oh geni, ibu wis ninggalake aku kabeh. Aku kabeh durung ngerteni wujud salirane bapak. Oh geni, kowe papan pangayomanku. Sawangen, aku kabeh durung nduweni daya kakuwatan kanggo mabur. Ora ana sing bisa ngayomi. Aku pasrah pangayoman marang kowe, Geni."

Kobare geni saklangkung ngobong saisine alas. Nanging karana gaibing alam, anak-anak manuk kacembang gadhung mau, siji-sijia ora ana sing katut kobong. Nalika geni wus sirep, banjur ibune si manuk mau bali. Atine kaget dene meruhi anak-anake ora ana sing kobong kepangan geni. Kanthi bungahe ati banjur nyikep anak-anake.

Ing sajabane alas, manuk lanang meruhi dene alas kang dadi papan susuhe pasangane kobong. Banjur kepikiran marang pasangane kang wektu ditinggal lagi ngangremi endhog. Sakala, dheweke banjur bali menyang papan susuhe.

Katon si manuk wadon ora perduli tekane pasangane, si manuk lanang. Manuk wadon kadlarung bungah atine karana anak-anake bisa slamet saka bebaya alas kobong. Sawetara manuk wadon nyawang marang manuk lanang karo takon kenapa dheweke bali mrene.

Kandhane manuk lanang, "Oh pasanganku lan anak-anakku, kowe kabeh bisa slamet saka bebaya alas kobong. Endi anakku sing paling tuwa?"

Semaure manuk wadon, "Apa sampeyan perduli? Kana balia marang pasangan anyarmu!"

Kanthi ngucap kang ngemu surasa, si manuk lanang banjur kandha, "Yen wis peputra utawa nduweni anak, jejere wanita iku mesthi luntur kaperduliane marang kakunge. Ya, ya pancen kaya mangkeneiki, urip!"

***

Kevin Meinandoval Sutresna Sastra Jawa, mapan ing Pengging, Banyudono, Boyolali, Jawa Tengah. Alumnus Institut Seni Indonesia Solo.

Editor
Damar Sri Prakoso -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Blabag Kayu Nangka

Espos.id

Sowan Simbah

Espos.id

Wektu Mundur ing Jero Sepur

Espos.id

Cerkak Nugar Kembar Mayang

Espos.id

Cerkak Bukune Mbah Carik

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar

Espos.id pendidikan

KINEMA #11 UMS Jadi Panggung Sineas Muda

Kine Club Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS) menggelar KINEMA #11 sebagai ruang apresiasi bagi sineas untuk memperkenalkan karya film kepada masyarakat. Kegiatan pemutaran film berlangsung di Radya Litera Multifunction Hall Griya Solopos, Sabtu-Minggu (21-22/11/2026).

Espos.id pendidikan

Dua Mahasiswa Farmasi Unwahas Lolos Program Magang Riset BRIN Cibinong

Dua mahasiswa, Rossemery Amelia dan Fitta Laraswati, berhasil lolos seleksi Program Magang Tugas Akhir di Badan Riset dan Inovasi Nasional (BRIN), yang akan dilaksanakan di Pusat Riset Mikrobiologi Terapan, Cibinong, Jawa Barat.

Espos.id pendidikan

Seru, Siswa TKII Al Abidin Yogyakarta Belajar IT Tanpa Pakai Laptop

Siswa-siswi TKII Al Abidin Yogyakarta punya cara seru untuk belajar IT, salah satunya melalui permainan Ludo berukuran besar.

Espos.id pendidikan

Mahasiswa UIN Saizu Raih Juara Umum 2 PWK4 2026, Borong 19 Medali Pencak Silat

Kontingen Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Pencak Silat UIN Saizu Purwokerto berhasil meraih Juara Umum 2 Purwokerto Championship 4 (PWK4) 2026 setelah mengumpulkan 19 penghargaan dalam kejuaraan pencak silat yang berlangsung di GOR Satria Purwokerto, 14–15 November 2026.

Espos.id nasional

Seskab Ungkap Diplomasi Prabowo dengan Trump, Putin, dan Xi Jinping

Seskab Teddy Indra Wijaya memaparkan rangkaian diplomasi Presiden Prabowo dengan pemimpin Amerika Serikat, Rusia, dan China, termasuk kesepakatan investasi Indonesia-China senilai lebih dari US$86 miliar.

Espos.id pendidikan

Rektor ISI Surakarta Lantik Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum

Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta resmi melaksanakan pengambilan sumpah/janji jabatan dan pelantikan Kepala Biro Perencanaan, Keuangan, dan Umum (PKU) pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Tak Sekadar Paham, Mahasiswa UMK Diajak Turut Menyuarakan Isu Lingkungan

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Kronologi Kebakaran Pabrik Permen di Cikande Banten, 33 Keluarga Korban Melapor

Kebakaran pabrik permen PT Fonusa Agung Mulia di Cikande, Serang, bermula pada Sabtu sore dan baru berhasil dipadamkan Minggu pagi, sementara tim gabungan masih mengidentifikasi korban melalui pemeriksaan DNA.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Dampingi Guru SD Shalom Kembangkan Media Pembelajaran Berbasis AI

Universitas Wahid Hasyim (Unwahas) Semarang melalui dosennya, Arief Hidayat, mendampingi guru SD Shalom Semarang mengembangkan media pembelajaran interaktif berbasis kecerdasan buatan dalam kegiatan In House Training (IHT), Sabtu (14/11/2026).

Espos.id nasional

MPR Benarkan Prabowo Dikabarkan Serahkan 2 Nama Cawapres Hari Ini

Wakil Ketua MPR Sohibul Iman membenarkan adanya informasi Presiden Prabowo akan menyerahkan dua nama calon wakil presiden pada Senin (23/11/2026), menjelang tenggat pengajuan 25 November dan sidang paripurna pemilihan serta pelantikan pada 9 Desember 2026.

Espos.id pendidikan

Dosen Unwahas Raih Beasiswa ITEC 2026 & Pelatihan di India dengan Nilai Maksimal

Eva Fatimah, S.S., M.Hum., dosen sekaligus Sekretaris Kantor Urusan Internasional dan Kerja Sama (KUIK) Unwahas, mengikuti Professional Development Programme for English Teachers di The English and Foreign Languages University (EFLU), Hyderabad, Telangana, India.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Gelar Workshop Menulis Proposal Tesis dan Disertasi

Pascasarjana Universitas Islam Negeri Prof. K.H. Saifuddin Zuhri (UIN Saizu) Purwokerto memperkuat kapasitas mahasiswa dalam menyusun proposal tesis dan disertasi melalui workshop pemanfaatan kecerdasan buatan (Artificial Intelligence/AI).

Espos.id nasional

Kementerian PU Aktifkan Posko & Percepat Normalisasi Sungai Jelang Puncak Hujan

Menteri PU Dody Hanggodo menginstruksikan seluruh jajaran meningkatkan kesiapsiagaan menghadapi musim hujan, termasuk mengaktifkan posko, memetakan wilayah rawan bencana, menyiapkan peralatan, dan mempercepat normalisasi sungai serta muara.

Espos.id nasional

BMKG Prakirakan Hujan Lebat Disertai Petir di Sejumlah Kota Besar Hari Ini

BMKG memprakirakan hujan dengan intensitas sedang hingga sangat lebat disertai petir dan angin kencang berpotensi terjadi di sejumlah kota besar pada Senin (23/11/2026), sementara masyarakat pesisir NTB diminta mewaspadai banjir rob hingga 26 November.

Espos.id nasional

Sekolah Rakyat Tahap III Dirancang Tampung hingga 3.000 Siswa per Lokasi

Kementerian Pekerjaan Umum menyiapkan pembangunan Sekolah Rakyat Tahap III di 100 lokasi baru dengan kapasitas yang direncanakan meningkat hingga 3.000 siswa per lokasi, menyesuaikan kebutuhan peserta didik dan ketersediaan lahan.