Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

CERKAK: Omah Anyar kanggo Bulus

author
Sabtu, 29 Agustus 2020 - 22:51 WIB
CERKAK: Omah Anyar kanggo Bulus
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi
Kelangan omah merga kobongan alas durung suwe iki ndadekake bulus sedhih banget. Saliyane sedhih bulus bingung kudu golek papan ngiyup ing ngendi kanggo nglindhungi awake saka panas, udan, lan angin. Apa sing dialami bulus iki ndadekake kanca-kancane bulus padha susah. Sejatine akeh kanca sing padha nawani papan sawetara kanggo ngiyup. Nanging bulus nolak tawarane kancane kanthi alus lan sopan. Awan kuwi hawane panas banget. Bulus pengin golek papan kanggo ngiyup. Dheweke banjur mlaku adoh banget nganti tekan ereng-erenge gunung. Saka kadohan bulus weruh ana guwa cilik sing sajak kepenak banget dipanggoni. Apa maneh ora adoh saka guwa kuwi ana wit gedhe sing ing ngisore ana sendhang sing bening banget banyune. Kanthi sisa-sisa tenaga sing diduweni bulus nyengkakake lakune. Apese guwa sing diparani kuwi beda kaya sing dikarepake. Maune bulus mbatin yen guwa kuwi ambune seger. Nanging sing dumadi suwalike. Ambune guwa kuwi pesing banget. Kahanan iki dumadi jalaran guwa kuwi dadi sarange lawa. Weruh kahanan kang kaya ngono ndadekake bulus pengin golek papan liya sing kena didadekake omah kang nyaman kanggo dipanggeni. Nanging gandhenge hawane panas banget lan tenagane akeh sing wis kakuras. Bulus pengin ngaso ing sangisore wit gedhe ing cedhake guwa lan pengin padusan ing sendhang. Awan-awan padusan ing sendhang kang bening banget banyune. Kasil ndadekake atine bulus seneng banget. Dheweke kaya-kaya lali marang omahe sing mentas kobongan. Bareng dirasa cukup anggene padusan. Bulus banjur mentas lan teturon ing sangisore wit gedhe. Kegawa awak sing kesel lan angin sing silir-silir. Bulus sing kekeselen banjur keturon. Sawetara wektu candhake bulus nglilir. Pinuju nglilir bulus kaget banget bareng ngerti ana pulut sing tumempel ing gegere. Maneka cara ditindakake kanggo ngilangi pulut ing gegere. Nanging bulus ora ngerti kepriye carane. Sawise mikir sawetara wektu. Bulus kepikiran ngilangi pulut ing gegere kanthi ngoserake menyang godhong lan pang-pang garing ing cedhake wit mau. Nanging orane ilang. Sing dumadi malah suwalike. Godhong lan pang-pang garinge sing diajab ngilangi pulut ing gegere malah tumempel ing gegere. Kahanan iki ndadekake bulus sedhih lan isin. Bulus isin merga gegere sing maune alus saiki dadi kebak godhong lan pang-pang garing. Ora watara suwe ana swara sing banget ditepungi. Swara kuwi mujudake swara manuk dekuku sing nate nawani dheweke papan kanggo ngiyup. Merga bulus ora pengin dekuku ngerti kahanane sing saiki. Bulus banjur ndelik menyang rerungkutan sacedhake sendhang. “Kira-kira apa sing ditindakake dekuku ing kene?” batine bulus. Saka papane singidan. Bulus bisa ngulati apa sing ditindakake dekuku. Wektu kuwi bulus ngerti dekuku katon njupuk sethithik pulut saka wit ing cedhake sendhang lan bali mabur maneh. Apa sing ditindakake dekuku iki ora mung pisan. Nanging bola-bali. Sesawangan kang kaya ngene iki sing ndadekake bulus mikir. “Pulut kae bakal kanggo apa ya kira-kira? Gek aku kok kaya kenal banget karo ambu pulut iki ya? Kira-kira aku tau mambu ing ngendi ya?” takone bulus ing njero ati. Sinambi mikir, dumadakan bulus kelingan. “Oh, iya. Aku kelingan. Aku nate mambu ambu kaya ngene iki ing omahe dekuku. Yen ngono dekuku mau njupuki pulut kae kanggo mbangun omahe sing anyar,” ujare Bulus. Kelingan pulut ing gegere bisa digunakake dekuku kanggo mbangun omah. Bulus pengin nyonto sing ditindakake dekuku. Nanging bulus pengin nggawe omah sing beda klawan omahe sing wis kobong. Bulus pengin nggawe omah sing ora gampang kobong. Wiwitane bulus bingung kanggo nemtokake bahan apa sing ora gampang kobong. Saliyane kuwi bulus duwe pepinginan nggawe omah sing tansah bisa dijaga saben dinane. Dadine lamuna ana bebaya sing ngancam omahe. Bulus bisa nylametake omahe saengga dheweke ora bakal ngalami nasib kaya sing dialami saiki. Kanggo nggoleki wangsulan saka apa kang dipikirake. Bulus mlaku-mlaku ing sapinggire sendhang. Sawetara wektu candhake, bulus ngulati pecahan watu sing endah banget. Wujude gepeng lan gilap banget. “Wah, cocok iki,” batine Bulus seneng. Pecahan watu sing gepeng lan gilap kuwi banjur dijupuki lan dikumpulake. Anggene milih digawe temanan. Merga bulus pengin nggawe omah sing apik lan kuwat. Sawise nemu pecahan watu sing dikarepake. Pecahan watu mau disambung lan digawe kaya helm nganggo pulut. Bareng wis dadi banjur dipasang ing gegere bulus. Anggene nyoba ora mung pisan-pindho nanging bola-bali. Senajan kesel lan angel kanggo nggawe omah sing dirasa sreg ora gampang. Nanging bulus ora gelem nyerah. Dheweke terus ngupaya nganti omah sing digawe nganggo pecahan watu mau sreg kanggone. Bareng makaping-kaping nyoba. Wusanane bulus kasil nemokake ukuran sing sreg. “Tapi kok abot banget, ya?” batine bulus sakawit. “Ah, abot ora dadi ngapa. Sauger aman lan kepenak dipanggoni. Menyang ngendi wae omah anyarku iki bakale dakgawa,” jawabe bulus dhewe. Kanthi cara nggawa menyang ngendi omahe. Tur omahe kuwi abot banget. Cetha ndadekake anane owah-owahan tumrap Bulus. Biyen sadurunge nggawa omahe. Bulus kuwi kagolong kewan sing playune rikat banget. Nanging bareng saiki menyang ngendi-endi kudu nggawa omahe. Lakune bulus dadi alon banget. Kahanan sing kaya ngene iki ndadekake bulus diece karo kancane. Nanging pangece saka kancane sing kaya ngono iku babar pisan ora dianggep. Saupama ditantang balapan mlayu. Yen tantangane mung saka papan siji menyang papan sijine bulus mesthi nolak. Nanging yen tantangane balapan mlayu dhisik-dhisikan mlayu tekan ngomah. Bulus mesthi ngacung paling dhisik. Jalaran bulus yakin dheweke sing bakal dadi pemenange. Saiki masia lakune dadi alon nanging bulus seneng banget. Jalaran dheweke bisa terus njaga omahe sinambi dolan. Saliyane kuwi bulus uga ora wedi maneh kanginan, kudanan, lan kepanasan. Merga omahe sing saiki luwih bakoh tinimbang omahe sing biyen.

Mendamba Ketenangan, Lansia di Indonesia Justru Paling Rentan Tak Bahagia

*Zuly Kristanto Pandhemen Sastra Jawa mapan ing RT 02/RW 06 Desa Mirigambar, Kecamatan Sumbergepol, Kabupaten Tulungagung

Editor
Damar Sri Prakoso -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Blabag Kayu Nangka

Espos.id

Sowan Simbah

Espos.id

Wektu Mundur ing Jero Sepur

Espos.id

Cerkak Nugar Kembar Mayang

Espos.id

Cerkak Bukune Mbah Carik

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar