Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55
Sholat
Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55 Kota Surakarta · Senin, 23/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:26 Ashar 14:49 Maghrib 17:41 Isya 18:55

Cerkak Pelet Sambel Jenggot

author
Kamis, 31 Maret 2022 - 22:20 WIB
Cerkak Pelet Sambel Jenggot
ESPOS.ID - Sambal jenggot. (Dok/Solopos)

Esposin, SOLO -- Getun iku tibane mesthi ajeg neng mburi. Nanging urip ora tau ngrasakake getun, bakal luwih medeni.

Dakakoni pancen telat anggonku nyadhari wejangan saka ibuku. Dene saiki bojoku wis kasep kesengsem karo sambel jenggot gaweyane Narti. Randha enom bekas rewang neng griyane almarhumah ibu mertuwaku.

Borneo FC dan Kejamnya Drama Sepak Bola

Lungguh ndomblong neng ruwang kerjaku, lamat-lamat aku kintir ing ilining kenangan.

“Tika, mbok aja dolanan HP terus ta, Ndhuk. Ayo nyang pawon dakajari mangsak. Mosok prawan wis wayahe rabi durung isa mangsak. Sok nak omah-omah dhewe piye critane? Anak bojomu arep mbok mangsakake apa?”

Ibu kadingaren mbukak lawang kamar karo grenengan. Genah wae aku nggumun. Sebab aku saben dina Minggu uwis adate leha-leha neng kamar. Klekaran sambi nonton film utawa lungguh maca novel. Biyasane ibu ngejarke wae, ora tau nglarang.

“Nggih gampil, Bu. Sakniki niku jaman canggih,” jawabku, entheng.

Novel dakselehake nyang ndhuwur bantal. Banjur aku nyaut HP neng sandhekku. Sedhela bar ndudul logo aplikasi gambar sendok lan garpu werna abang, panganan maneka werna padha njedhul neng layar HP.

“Kantun ndudul-ndudul HP, ajeng ngersakake panganan napa mawon wonten, Bu. Sing baku wonten artane kemawon.” Layar HP dakadhepake marang Ibu.

“Nah, kuwi! Jajan lak kudu ana dhuwite tur mesthi boros tiba mburine,” mature Ibu, gregetan.

“Mboten dados prakara kangge kula, Bu. Kula niku wanita makarya. Blanja kula kathah. Tinimbang repot mangsak neng pawon, luwih becik kula mbayar rewang punapa jajan.”

Ibu gedheg-gedheg. “Urip iku ora bakal kaya endahe wewayangan terus, Tika. Ana wektune kowe bakal nyemoni kahanan sing ora mbok kira-kira. Lan aja dumeh kowe duwe dhuwit akeh. Amarga ora sakabehe isa dituku nganggo dhuwit.”

Wegah ndhawa-dhawakake rembugan, aku ngalah. “Nggih mpun. Kula purun ajar mangsak. Nanging kula ajare lewat HP mawon,” semaurku wenehi alesan.

“Tenan lho!”

“Nggih, Bu. Weh, sajake mambu gosong, panjenengan wau goreng napa, Bu?” Aku sengaja menggokake omongan.

“Wadhuh!” Ibu njerit banjur mlayu menyang pawon.

“Saora-orane yen ora pinter mangsak, kowe kudu isa nyambel sing enak,” wejangane Ibu neng pungkasaning sawijining dina.

Sajake Ibu wis pasrah amarga aku bola-bali nyepelekake babagan ajar mangsak. Janjiku bakal ajar mangsak lumantar video tutorial uga ora daklakoni.

“Heh ngalamun wae! Wis wayahe ngaso iki lho! Kepingin mangan nyang kantin utawa njaba?” swarane Asti sanalika gawe bubrahing lelamunaku.

“Aku ora melu dhisik. Lagi ora nepsu mangan,” wangsulanku, aras-arasen. Sirahku dakselehake nyang meja.

“Ana apa ta jane, Tika? Wis pirang dina iki, aku weruh kowe mrengut terus. Ndang crita karo aku, dakrungokake. Mumpung sepi,” jare Asti katon gemati. Asti banjur lungguh neng ngarepku.

Jane aku duwe prinsip yen prakara rumah tangga iku samesthine ora dicritakake marang wong liya. Nanging ngampet prakara gedhe iki dhewekan rasane abot tenanan. Apa maneh Asti iku kanca kenthelku kawit lekasan mlebu kuliyah. Asti uga pribadi sing isa dipercaya.

“Bojoku sajake kena pelet, As!” sambatku, mamang.

“Hah?! Sik-sik wiwit kapan kowe percaya bangsane tahayul kaya ngono kuwi!” tanggepane Asti semu nggumun.

“Mbuh, As. Bludrek tenan aku iki.” Aku nyekeli sirah sing krasa senat-senut.

“Kowe kok nganti isa duwe pikiran yen bojomu dipelet? Jane kepiye dhodhok selehe?”

“Kowe eling Narti apa ora?” pitakonku nyang Asti.

“Hmm ... Narti mantan rewange almarhumah ibu mertuwamu?” betheke Asti katon mangu-mangu. Aku manthuk-manthuk.

“Terus?” Asti nagih kanthi ora sabar kaya preman pasar.

“Mas Pras kan kawit biyen seneng banget sambel jenggote ibu mertuwaku. Bubar ibu mertuwaku seda, sing isa nyambel jenggot persis gaweyane ibu ya mung Narti iku.”

“Sambel jenggot ki kaya apa ta? Lagi krungu iki aku?” pitakone Asti, penasaran.

“Halah, sambel dicampuri parutan klapa iku lho,” jawabku rada mangkel amarga omonganku sing durung rampung uwis dipedhot.

“Dadi kowe nuduh Narti melet bojomu lumantar sambel jenggot iku?”

“Jane dudu watakku nuduh uwong tanpa bukti. Nanging ndelok gelagate Narti, insting-ku langsung mlaku. Sepurane wae, Narti iku kan randha kempling. Apa patut coba mangsakake bojone uwong nek ora duweni tujuwan? Malah ajeg seminggu pindho, Narti ngeteri sambel jenggot nyang omahku,” wangsulanku sengit.

“Insting apa sujana? Kalorone kadhang angel dibedhakake lho,” pangucape Asti kalem.

“Ora lah nak nganti bojomu ngasi kecanthol wadon liya apa maneh kepelet. Mas Prasmu kan sregep ngibadah,” imbuhe Asti.

“Tapi isa wae Mas Pras kegodha amarga uwis nemen nandang kuciwa nyang aku. Aku ora isa mangsak, nyambel jenggot, lan durung menehi anak.”

“Dhuh, kancaku kok dadi cilik ati ngene ta. Prakara anak, kowe sengaja ngende-ende dhewe. Saiki kowe wis sukses, wis wayahe luwih mikirake kahanan omahmu. Aja mburu donya terus. Sabanjure prakara nyambel jenggot, iku mung sepele. Kowe isa njaluk diajari Narti,” nasihate Asti, dhawa.

“Apa? Njaluk diajari Narti? Ora sudi aku!”

***

“Nggih, nggih, mangke Narti kersane milih piyambak kebayanipun. Sekaliyan supados ukuranipun pas,” jare Mas Pras, grapyak.

Mas Pras lagi tilpunan neng kamar. Dene aku nekat nguping amarga wis krasa cubriya. Apa maneh lawange ndhadhak ditutup.

Atiku langsung kejojoh nalika krungu babagan Narti lan kebaya. Kanthi rai abang ireng ngampet sagunung kuciwa, aku ndobrak lawang kamar.

“Kebaya kanggo apa, Mas?!” takonku, banter.

“Ya kebaya kanggo ijabe Narti ta. Lha kebaya apa maneh,” semaure Mas Pras tanpa ngrumangsani salah.

“Ijab Mas?! Tega tenan kowe karo aku ya, Mas? Tinimbang mbok poligami, pegaten aku wae, Mas!”

“Astaghfirullahaladzim ... sapa ta Dhik sing arep poligami ki? Kowe kok isa dadi ngelantur tekan poligami barang ki piye?”

“Lha kuwi mau apa! Kowe nyiapkake kebaya kanggo Narti ijab apa karepe? Kowe arep ngepek Narti ta? Sajake kowe bener-bener wis kepelet karo sambel jenggote Narti!” walesku sansaya muntab.

“Kalem, kalem! Lungguh kene sik! Ayo dirembug bebarengan kanthi sirah lan ati adhem,” omonge Mas Pras sok wicaksana. Mas Pras nyedhaki banjur ngrangkul pundhakku.

“Wegah!” Tangane Mas Pras langsung daksemplak.

“Aku ngerti yen kowe kangen karo sambel jenggote almarhumah Ibu, Mas. Wis samesthine sambel jenggote Narti persis kaya sing ndamel Ibu merga wis suwe Narti dadi rewang neng omah. Nanging kowe apa ora isa ngajeni usahaku? Seminggu iki aku ajar gawe sambel jenggot nanging dilirik wae ora!”

“Ayo ta lungguh sik ben aku isa njlentrehake,” rayune Mas Pras. Aku bakoh ora gelem lungguh.

“Kowe eling Bimo kanca SMA-ku sing saiki kerja ning Papua ora, Dhik?”

“Wis rasah mlencengake pacelathon tekan Bimo barang!” samberku, mangkel.

“Bimo iki bakal bojone Narti.”

Aku njomblak. “Apa?”

“Kamangka sesasi kepungkur aku wis tau crita karo kowe babagan Bimo arep nglamar Narti. Kowe lali apa keturon bengi iku?”

“Aku ... aku.....” aku ora kuwasa nglanjutake ukaraku.

Sabanjure Mas Pras kanthi runut njlentrehake. Bimo ora oleh cuti suwe saka kantor. Wusanane Bimo kapeksa mulih mepet. Jalaran iku, kabeh tetek bengek ijab diurusi dening Mas Pras. Ya kebaya, ya administrasine. Begjane wae Bimo lan Narti-sing duda lan randha-uwis padha sarujuk ningkahe prasaja wae. Sing baku isa sah. Sawise ningkah, Narti bakal diboyong menyang Papua.

Mas Pras ngrogoh sak clana banjur nyelehake amplop nyang tanganku.

“Iki kenang-kenangan saka Narti kanggo kowe, Dhik.”

“Loh, kok aku?” takonku, bingung.

“Iya amarga kowe sing mbutuhake iki. Age ndang dibukak ben ora penasaran!”

Aku bukak amplop putih sing dilem rapet. Isine jebul surat lan flashdisk. Cepet-cepet aku maca surat kanthi tangan ndredeg.

Mbak Tika, kula nyuwun pangapunten menawi asring damel jenengan mangkel. Mas Pras niku sampun kula anggep kakang mase kula piyambak. Saestu, kula babar blas mboten duweni niyatan ala.

Amargi sawise ijab, kula badhe diboyong ten Papua, kula nitip Mas Pras kalih jenengan nggih Mbak. Wiwit sakniki menawi Mas Pras nyuwun sambel jenggot, tulung jenengan sambelake. Ten flashdisk niki sampun wonten video lengkap trap-trapane damel sambel jenggot. Kula dedonga Mas Pras lan Mbak Tika supados pinaringan rumah tangga ingkang ayem tentrem salawase.

Mataku dumadakan mbrebes mili. Eling anggonku mungsuhi Narti seprana-seprene.

“Dhik, ngrembug bab poligami. Apa uwis ora ana kasembadan tenanan?” godhane Mas Pras, klecam-klecem.

“Woo! Awas wae nganti wani! Dakulek dadi sambel jenggot tenan kowe mengko, Mas!” bengokku getem-getem karo njiwit tangane Mas Pras. Dene Mas Pras malah ngguyu nganti klojotan kanthi nyekeli weteng.

 

Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra Jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia. FB: Endang S. Sulistiya. IG: @endangsrisulistiya.

Editor
Damar Sri Prakoso -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Blabag Kayu Nangka

Espos.id

Sowan Simbah

Espos.id

Wektu Mundur ing Jero Sepur

Espos.id

Cerkak Nugar Kembar Mayang

Espos.id

Cerkak Bukune Mbah Carik

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

8 Modus Penipuan Online Diungkap Polda Metro Jaya, Kerugian Capai Rp1,49 Triliun

Polda Metro Jaya mencatat 4.097 kasus penipuan daring sepanjang 2025 hingga 2026 dengan total kerugian Rp1,49 triliun. Modus penyamaran instansi resmi menjadi salah satu yang paling merugikan, mencapai Rp561 miliar