Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

CERKAK: Tiba Kebrukan Andha

author
Senin, 31 Agustus 2020 - 23:00 WIB
CERKAK: Tiba Kebrukan Andha
ESPOS.ID - Panduan Informasi dan Inspirasi
Wis telung sasi Lek Madi rina wengi ngathang-athang neng dhuwur amben, kawit bar tiba kebrukan andha, nalika arep nyulami kentheng omahe sing pecah dijag-jag kucing sing lagi nguber-uber tikus. Sajake Lek Madi pancen lagi apes. Wis trep karo unen-unen: tiba kebrukan andha, pancen lara banget. Sakojur awake kadya wis ora duwe otot maneh. Uga ora duwe daya maneh. Lemes mes. Ora bisa obah. Mangan, ngombe, nguyoh, ngising, ngenggon. Ora tau adus babar blas. Saben esuk sore mung disibini karo banyu anget. Untunge tangga teparo padha gentenan gelem menehi pempes saenggo Lek Gimah ora repot-repot ngumbah suwale Lek Madi sing glepotan tai. Sadurunge tiba kebrukan andha, Lek Madi tukar padu karo Lek Gimah. Perkarane mung sepele. Lek Madi kelangan dhuwit seket ewu sing didokok njero sak suwal kolor sing dikumbah dening Lek Gimah. Dhuwit kuwi olehe utang. Kamangka Lek Gimah wis kandha yen sajroning sak suwal kolor sing dikumbah kuwi ora ana dhuwit ko setengik bebasane, apa maneh seket ewu. Nanging Lek Madi tetep ndakwa Lek Gimah sing njupuk dhuwit kuwi. “Ora ana wong liya maneh neng omah kene! Dadi sapa maneh sing njupuk dhuwitku, nek ora kowe?!” Lek Madi mbengok. Lek Gimah ora trima didakwa njupuk dhuwit kuwi sing tegese dianggep padha karo nyolong atawa ngutil. Atine Lek Gimah kelara-lara. Banjur Lek Gimah nantang sumpah-sumpahan karo ngombe banyu segelas wong loro. Sadurunge ngombe banyu segelas wong loro, Lek Gimah supata: “Nek aku pancen njupuk dhuwite bojoku Madi sing ana sajroning sak suwal kolor, aku bakal kuwalat, uripku apes. Nanging jalaran aku ora njupuk dhuwit kuwi, mangka bojoku Madi sing bakal kuwalat, apes uripe.” Bar kuwi, genten Lek Madi sing supata: “Nek bojoku Gimah pancen njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor, bakal kuwalat, apes uripe. Nanging yen bojoku Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu kuwi, aku sing bakal kuwalat, apes uripku.” Sakbare supata, Lek Gimah lan Lek Madi banjur ngombe banyu segelas. Paronan. Gentenan. Nganti ora ana sisa senajan mung setetes. Let telung dina, jebul Lek Madi tiba kebrukan andha. Tegese, Lek Madi apes, jalaran Lek Gimah ora njupuk dhuwit seket ewu sing ana sajroning sak suwal kolor kuwi. Tangga teparo padha maido Lek Madi. “Wong lanang kelangan dhuwit neng ngomahe dhewe, jan-jane ora usah nudhuh sing wedok karo neson. Bebasane sing wedok sing pancen njupuk dhuwite, ya tetepa aja dinesoni, jalaran dhuwit kuwi mesti kanggo blanja keperluan kaluwargane dhewe. Nek wis apes, njur getun, ya ora ana gunane.” “Lha ya, gara-gara dhuwit seket ewu ilang, kok ya tegel-tegele tukar padu, terus sumpah-sumpahan nganggo banyu. Kamangka banyu kuwi nek digawe sumpah-sumpahan bisa cilaka salah sijine utawa cilaka kabeh. Muga-muga Lek Gimah ora katut cilaka, ora melu apes. Mesakke nek Lek Gimah cilaka, mengko sapa sing ngrumati Lek Madi?” “Pancen ana-ana bae cobane urip bebojoan nek lagi kecingkrangan. Lek Madi wis arang-arang menyang sawahe kawit sesasi kepungkur jalaran ora ana udan babar blas. Sawahe bero, ora bisa ditanduri apa-apa maneh. Ngenteni udan tiba lagi bisa ditanduri. Kamangka gabah lan beras wis entek kabeh. Lha duwe dhuwit kari seket ewu olehe utang sing ana sak suwal kolor malah ilang, ya pantes njur muring-muring nudhuh Lek Gimah, jalaran Lek Gimah sing pancen ngumbah suwal kolor kuwi. Nanging nek Lek Gimah wis kandha ora njupuk dhuwit kuwi, malah ora weruh nek ana dhuwit neng sak suwal kolor kuwi, ya jane wis bar, ora usah sumpah-sumpahan sing mbebayani.” “Lek Madi jane ora usah neson. Menawa dhuwite digondhol tikus. Saiki usum tikus akeh, jalaran tikus sawah padha kaliren, terus padha nyerbu kampung kene.” “Ya, pancen ora mokal nek tikus sing nggondhol dhuwit sing ana sak suwal kolor kuwi, sadurunge dikumbah.” “Tikus pancen kurang ajar.” “Lho, kok malah tikus sing disalahke? Ojo-ojo dhuwit sing dianggep ilang kuwi wis ditukokno nomer togel online sing saiki meneng-meneng didol liwat sms? Nanging nomere togel mleset.” “Lek Madi ora tau tuku nomer togel. Nek ngomong ora usah ngayawara.” “Wis, ora usah dicatur dhawa-dhawa. Nasib apes sing dialami Lek Madi aja nganti nimbal marang wong liya. Wis tiba saka andha malah kebrukan andhane sisan, pancen lara banget.” Senajan nyatur sing isine maido Lek Madi, tangga teparo tetepa gelem padha mara tilik lan menehi amplop isine dhuwit kaya adate tilik wong lara. Kabeh tangga padha mbrebes mili nalika nyawang Lek Madi sing ngathang-ngathang neng amben. Ora bisa obah babar blas. Bisane mung nggremeng ora patiya cetha apa sing dikarepake. Lek Gimah katon sedhih. “Nek Lek Madi duwe salah karo tangga kabeh, ya aku sing njalukno ngapura. Pancen kaya ngene, wis piye maneh. Ora bisa obah. Ngomong bae ya ora cetha. Bisane mung nggremeng. Aku dhewe ora mudheng apa sing dikarepake.” “Sing sabar, Lek Gimah. Gusti nek paring coba mesti karepe apik. Gusti maha welas asih. Gusti ora sare,” kandhane sawijine tangga sing pancen senengane paring pitutur sing trep karo agama. Lek Madi dumadakan kejet-kejet. Mripate mendelik. Napase megap-megap. Lek Gimah nangis ngguguk karo ngelus-elus bathuke Lek Madi. Banjur mbengok: “Nyebut asmane Gusti! Nyuwun nyapura! Nek aku duwe salah, ngapuranen ya! Kabeh salahmu marang aku wis dak ngapura! Elinga! Elinga!” Tangga teparo sing ngebaki kamar padha mbrebes mili nyawang Lek Madi sing sajak wis sekarat. Saupama Lek Madi ketrucut mati, riwayate bakal cuthel, jalaran durung duwe anak. Wis limalas taun bebojoan karo Lek Madi, Lek Gimah tau meteng pisan nanging keluron. Bayine ireng katon gosong. Jare wong-wong mbiyen, bayine dipangan grahana. Embuh bener embuh kleru, kawit mbiyen pancen ana sing ngarani bayi dipangan grahana yen nalika lair awake ireng katon gosong. Mulane saben ana grahana, kabeh wong meteng kudu gelem ngawoni wetenge. Tegese wetenge diusap-usapi karo awu supaya bayine ora dipangan grahana. Ngono kuwi pancen wis kebacut diugemi dening saperangan warga, senajan miturut agama lan ngelmu kedhokteran klebu klenik sing ora prelu diugemi maneh. Lek Gimah dumadakan semaput. Ambruk ngrungkebi dhadhane Lek Madi. Let setengah menitan, nalika Lek Gimah dibopong metu saka kamar, Lek Madi wis ora ambegan maneh. Tangga teparo padha kaget. Jebul Lek Gimah uga wis ora ambegan maneh nalika dibopong metu saka kamar, banjur diselehake neng dhuwur lincak sing ana neng jaga satru. Wis tiba malah kebrukan andha, nalika sekarat malah kebrukan sing wedok. Banjur nyawane sing wedok melu ketrucut. Pancen apes banget pungkasane uripe Lek Madi lan Lek Gimah, gara-gara padha neson nganti sumpah-sumpahan sawise kelangan dhuwit. Ora ana sing ngreti, dhuwit sing ilang kuwi jebul pancen digondhol kucing jalaran mambu gereh. Lek Madi tau ngrogoh sak sing isine dhuwit kuwi nalika bar mangan muluk karo tangan, lawuhane gereh, tur durung wijik karo sabun. Dhuwit sing mambu gereh kuwi banjur dipangan kucing sing wetenge ngelih. Senajan ngono, ora pantes babar blas yen kucing utawa gereh sing disalahke. “Urip lan mati wis ana pestine. Bebasane dalan pati ana sewu. Dalan urip semono uga. Manungsa mesti duwe luput lan kleru. Mula sing urip kudu gelem paring ngapura marang sing mati. Yen sing mati isih duwe utang, kamangka ora duwe waris, sing urip kudune sedekah karo dhuwit sing diutang,” ature Pak Modin sing mimpin acara mulasara mayit. Sawise mayite Lek Madi lan mayite Lek Gimah dikubur jejer ana ing taman pusaran umum, Pak Modin banjur mimpin donga jungkur gunung ing omahe suwargi sarimbit. Kabeh tangga teparo padha lungguh kupeng melu nyadhong dedonga. Donga jungkur gunung minangka tradhisi sing tegese njaluk pangapura kabeh dosane sing lagi tinggal donya. Yen dosane sing wis mati kadya gunung, bisa jugrug sanalika. Supaya tansah jembar lan padhang kubure. Tansah pinaringan kanugrahan ing ngalam kelanggengan. “Merga Lek Madi lan Lek Gimah ora duwe anak, uga ora duwe dulur sing bisa nampa warisane, piye yen omah petilasane iki lan sawah tinggalane kanggo kepentingan masyarakat kene?” ature Pak Modin minangka sesepuh kampung sing mimpin rembugan sawise acara donga jungkur gunung rampung. Kabeh tangga teparo padha sarujuk. Ing kampung kono pancen durung ana panggonan kanggo macem-macem kepentingan. Kaya dene panggonan kanggo acara rembugan warga. Kanggo acara temon ibu-ibu PKK. Kanggo bocah-bocah sing padha sinau bareng-bareng. Kanggo gladhen pencak silat, main gamelan, macapatan lan acara liya-liyane sing migunani. Sing padha isih urip ora ana sing mangerteni yen ing ngalam kubure Lek Madi karo Lek Gimah tansah bebarengan kadya manten anyar. Praupane katon sumringah. Tansah bungah. Ora tau susah. Kabeh mau jalaran omah petilasane lan sawah tinggalane dadi panggonan sing migunani kanggone bebrayan. Ing ngalam kubur, Lek Madi karo Lek Gimah kadya wis mlebu suwarga kang sarwa endah. “Aku kok dumadakan pengin momong bayi lanang.” Lek Gimah matur karo teturon ing pangkone Lek Madi sing lagi lungguh neng dhuwur bangku kencana. Lek Madi kadya raja. Panganggone sarwa gemebyar. Ambune wangi kadya kembang setaman. Dumadakan Lek Gimah wis mangku bayi lanang sing umure selapanan. Lek Gimah kaget lan gumun nganti njenggirat tangi. Banjur ngepuk-puk pipine Lek Madi sing isih turu ngorok. Lek Madi uga banjur njenggirat tangi. Wis setengah jam Lek Madi karo Lek Gimah keturon neng klasa sangarepe tv nalika bar ndelok sinetron sing judhule “Cahya Ilahi”. Crita sinetron kuwi padha karo impen sing bar kelakon nalika keturon mau. “Keturon sediluk malah ngimpi,” kandhane Lek Madi karo nyawang tv sing lagi mbeber kabar pageblug sing jare wis mateni mayuta-yuta warga salumahing jagad. “Ngimpi apa mau?” pitakone Lek Gimah karo nyuwot pipine Lek Madi. “Ngimpi elek, nanging pungkasane apik,” semaure Lek Madi karo ngelus-elus wetenge Lek Gimah. “Piye critane?” Lek Gimah takon maneh. “Aja-aja impenmu padha karo impenku?” Lek Madi unjal ambegan. “Impenku mau, aku tiba kebrukan andha. Banjur aku mati, nanging langsung mlebu suwarga dadi manten maneh karo kowe.” Lek Gimah mesem ngguyu karo ngithik-ithik wetenge Lek Madi. “Heleh, senengane ngarang...” ***

Tragedi Kartini dan Perjuangan Emansipasi Perempuan di Indonesia

Griya Pena Kudus, 2020

Maria M Bhoernomo Lair lan mapan ing Kudus. Seratanipun mawi basa Indonesia lan Jawa sampun kapacak wonten saperangan media.

Editor
Damar Sri Prakoso -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Espos.id

Gawe Omah

Espos.id

Blabag Kayu Nangka

Espos.id

Sowan Simbah

Espos.id

Wektu Mundur ing Jero Sepur

Espos.id

Cerkak Nugar Kembar Mayang

Espos.id

Cerkak Bukune Mbah Carik

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Punya Harta Rp13 Miliar, Ini Profil Sugiono yang Diusulkan Prabowo Jadi Cawapres

Presiden Prabowo Subianto mengajukan Sugiono jadi pengganti Gibran Rakabuming Raka sebagai Wakil Presiden ke MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).