Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 9 Agustus 2012 - 08:32 WIB
ESPOS.ID - More than just publish.
Sejatine si Kariyo ewa, nalika juragan Taruna nembung arep nuku pitike nanging merga diiming-imingi dhuwit setengah yuta, pungkasane Kariyo ngulungake salah siji anakan pitike kuwi. “Adhuh iba nelangsane uripku,” pikire si anak-anak pitik. “Nalika isih cilik wis kelangan simbok bareng lagi miwiti dewasa kudu pisah karo sedhulur.” Nanging bola-bali si manungsa, saben nduwe karep mung nggugu senenge priyangga. Lan jago loro kuwi mung bisa pasrah lakune takdir, ora keconggah nduwa senajan gela.
Sawise dina kuwi, si jago urip dhewe-dhewe. Sing siji melu juragan Taruna dene sing siji tetep ana omahe Kariyo. Dikurungi ana kandhang lan dipapanake ana emperan ngomah, dinggo jago pethetan. Dhasar ulese apik lan kluruke bening resik mula ora mokal saben wong sing weruh mesthi ngalem.
“Ah, mendah senenge yen bisa nduweni,” ngono pikire sing kepeneran ngliwati omahe Kariyo. Sejatine wis bola-bali omahe Kariyo kedhayohan tamu sing wose nganyang jagone Kariyo sing kari siji kuwi. Arep dituku, pira wae panjaluke. Nanging si Kariyo puguh ora gelem ngulungake.
“Jago mung kari siji arep takopeni sakpatine,” tekade Kariyo. Nanging bola-boli menungsa, saben nduwe karep kudu katekan. Ora preduli lakune sasar lan nyimpang saka dalan bebener. Lan sing kedadeyan ing petenge wengi sabubare grimis wis bisa kabadhe. Jagone Kariyo siji-sijine di colong uwong. Saeba kagete si Kariyo dina sesuke, nalika dheweke nyipati kandhang jagone wis komplang.
“Wah, blaik sambergelap tenan,” pisuhe Kariyo ndridhil. Cangkeme ndremimil nggetuni ilange jago sing dhekwingi wis dinyang rong yuta repis. Nanging arep digetunana njur paedah apa. Jagone tetep ora bakal bisa bali. Pungkasane kanggo ngeyem-yemi ati si Kariyo lapur Pulisi.
Ora kecrita kepriye proses penyelidhikan ngenenai ilange jagone si Kariyo. Ganti crita ana papan liya. Papane juragan Taruna nguja kasenengane adu jago. Wis pirang-pirang tarungan jagone juragan Taruna ora ana sing bisa ngalahake. Kabrukane rosa-jalune landhep, jago sing kekabruk mesthi njungkel. Juragan Taruna kuwi sejatine piyayi sugih. Nduwe selep gabah lan usaha toko material, treke sing disewakake uga sapirang-pirang. Nanging embuh, apa ya pancen watake menungsa kuwi sarwa kurang. Nganti bandha wis sagunung anakan si juragan Taruna isih rumangsa perlu nglumpukake dhuwit sarana ngabotohan adu jago.
Si jago ora bisa suwala. Saben didhunake ana kalangan adon-adon, dheweke kudu nurut pakone si juragan. Kluruk mbanjur kablag elar, ngerek-ereki lan ngabruk jago sing diculake dening pawongan liya ana jroning kalangan. Ora ana pilihan meneh kanggo si jago, awit yen dheweke ora enggal ngabruk mesthi dheweke sing dikabruk wani. Sing ora bisa dinalarake dening si jago yaiku, ngapa kok manungsa-manungsa kae malah surak-surak seneng saben weruh dheweke adu nyawa, perang tandhing ana sajroning kalangan ?. Apa menungsa kae pancen seneng nyawang muncrate getih lan ngrungokake panjerite jago-jago sing nandhang kelaran ? . Ah embuh, pupuse si jago.
Kaya padatan, dina iki si jago ora bisa nulak nalika dipondhong mlebu kalangan lan didhepake karo jago liya. Sapandurat dheweke kaya tepung karo jago kae. Nanging ana ngendi dheweke lali. Si jago ing sisih kalangan sing ulese uga kuning wiwit kluruk, swarane cemengkling bening. Jagone juragan Taruna mbanjur nyedhak ngerek-ereki. Ora gantalan wektu jago loro kuwi wis campuh perang tandhing. Pamer ketrampilane ngempakake jalu, adu rosa. Sacleraman jago loro kuwi kaya kembar. Ules-ulese uga dedege. Ngemperi umpama dikandhakake jago loro kuwi nunggal babon. Nanging sapa sing preduli saumpamane bener jago-jago kae nunggal babon. Kanggone wong-wong ana kene, sing penting marem sarana nyawang adu jago.
“Kok aneh ya menungsa-menungsa kae. Kepengin marem wae kok ndadak gawe sengsarane makhluk liya ?” pangudarasane kupu-kupu kang miber ing antarane sing padha nonton adon-adon jago. Lagi wae kupu-kupu kuwi rampung nggone ngudarasa saka kadohan keprungu suwarane sirine pulisi. Sakkal wong-wong ing kono njenggirat, lan tanpa dikomandho agahan mlayu, salang tunjang.
“Gropyokan-groypokan !” pambengoke wong–wong kuwi saut-sautan, playune nggendring ngadohi kalangan adon jago nalika bampere mobil Pulisi ngaton saka tikungan. Kalangan adon jago iki pancen wis dadi target gropyokane Pulisi merga adon-adon kang minangka sarana ngabotohan mujudake salah siji larangane negara.
Satekane para Pulisi ing papan kono, kalangan wis sepi. Mung ana jago loro sing dadi bathang merga kentekan tenaga.
“Ah,mesakake banget. Lagi wae si jago kasubya-subya nanging sawise pralaya tininggal glethak- kaya barang ina,” ujare kupu-kupu, abure ngedohi kalangan.
***
Kariyo isih durung bisa mangsuli, sing endi jagone. Dheweke mung bisa nyawang bathang jago loro kembar sing gumlethak kaku ing nduwur meja Kantor Pulisi. Mripate kethap-kethip, utege jibeg kelingan kuthuk loro sing kelag-keleg kelangan babon. Dhek jaman semana.
***