Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 19 Juli 2012 - 09:03 WIB
ESPOS.ID - Marta Mahardika, Sutresna Budaya Jawa, mapan ing Kudus
Ing kabudayan Jawa biyen mula ana unen-unen yen wong sing wis suwe lara utawa kelara-lara banjur waras bregas tur bungah mangka bakal duweni watak ngemaruki. Tegese yen mangan sarwa akeh nanging ora duwe rasa wareg saengga kewaregen.
Sing mbebayani, yen wis kewaregen nanging isih mongan-mangan mangka bakal umat larane. Kamangka yen umat larane bisa wae luwih lara utawa kelara-lara banjur ora kuwat maneh utawa bakal ambruk breg.
Unene-unen kuwi sajake wis kelakon ing mangsa saiki. Luwih cethane, mangsa saiki katon dadi mangsa ngemaruki kanggone saben-saben wong sing duweni pangkat dan palungguhan dhuwur uga sing duweni macem-macem usaha bisnis sing ngrembaka. Kaya dene para penjabat lan wakil rakyat uga para pengusaha sing padha kemaruk jalaran pancen lagi mangsane ngemaruki.
Wis cetha yen gaji lan tunjangan saya akeh isih kurang akeh. Wis duwe omah lan mobil apik isih kurang apik lan kurang akeh banjur padha gawe omah akeh-akehan nanging disuwungake. Wis duwe pusat dagang gedhe isih kurang banjur gawe maneh sing luwih gedhe senajan ing panggonan sing ora pantes kanggo dagang.
Wal Keduwal
Kasunyatane, saiki pancen saya akeh penjabat lan wakil rakyat uga pengusaha sing padha kemaruk anggone numpuk dhuwit saka tumindhak sing ora becik. Saya akeh sing padha wal keduwal, tegese watu lan aspal uga diuntal. Mula wis lumrah yen nasibe banjur katiwasan. Nek ora lara ya dikunjara. Malah akeh sing luwih kelara-lara sawise tumindhak wal keduwal jalaran wis lara isih tetep dikuya-kuya.
Akeh pangandikan yen mangsa saiki dadi mangsa ngemaruki jalaran sing dadi pimpinan ora tegelan. Tegese, yen bala-balane padha nakal ora cepet-cepet dijewer kupinge nanging malah dijarke wae saengga dadi saya nakal. Jarene temen-temen anggone nyegah korupsi nanging jebule saya akeh sing padha korupsi.
Korupsi sing wal keduwal saya cetha wela-wela. Kabeh wong bisa nyawang akeh dalan sing diaspal padha cepet rusak jalaran watu lan aspale kesithiken utawa disuda saakeh-akehe. Uga saya akeh tanggul, kreteg lan gedhung sing digawe karo dhuwite negara sing cepet rusak jalaran akeh banget semen dan wesine sing padha diuntal. Kamangka biyaya saben-saben proyek pamarenthah kuwi wis sarwa akeh utawa kaya balon sing dipompa sagedhe-gedhene.
Lebar Rekasa
Yen dipetani maneh, mangsa saiki dadi mangsa ngemaruki, jalaran nalika sadurunge tumekaning mangsa reformasi, yaiku ing mangsa orde baru, akeh sing kapeksa urip samadya. Kasunyatane, ing mangsa orde baru kuwi pancen para penjabat lan wakil rakyat padha priatin lan rekasa. Malah akeh pegawe golongan siji lan loro sing tansah rekasa saengga padha kajiret utang saben dina. Wis gajine sithik, tunjangan uga sithik, isih disunat kanggo organisasi, nanging yen arep korupsi ora wani.
Ing mangsa orde baru, para penjabat lan wakil rakyat ing dhaerah-dhaerah wis marem yen bisa tuku sepedha motor anyar gres. Utawa wis padha marem yen bisa anthuk mobil dinas sing bisa digawa mulih.
Kabeh wong sing duweni pangkat ing mangsa orde baru bisa duweni rasa marem senajan urip sarwa samadya kuwi jalaran pancen kapeksa dening Soeharto sing kondhang duweni watak sumeh nanging jebule tegelan tumrap kabeh wong sing ora gelem manut dheweke.
Wis misuwur yen Soeharto pancen sawijine pemimpin sing sumeh nanging tegelan, saengga diwedeni kabeh wong sing melu ngopeni bangsa lan negara. Paribasane, sapa sing nakal bakal dijegal utawa dijagal.
Yen padha kelingan mangsa orde baru, mangka banjur padha kangen marang pemimpin sing sumeh lan tegelan mligine tumrap kabeh penjabat sing nakal. Nanging wektu ora bisa diputer walik. Mula becike padha ngarep-arep tekane pemimpin sing sumeh lan temen-temen njejegake paugeran nanging aja seneng numpesi rakyat karo bedhil.
Saiki pemimpin kaya Soeharto wis ora mathuk. Saiki kabeh duweni hak asasi sarujuk karo demokrasi, mula pememipin sing apik yaiku kang tansah tumindhak becik mligine marang wong-wong cilik murih ora luwih rekasa jalaran wis lebar rekasa.