Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 9 Agustus 2012 - 08:20 WIB
ESPOS.ID - More than just publish.
Gegambaran kasebut dibeber dening Paguyuban Senirupawan Klaten (Pasren) ing Balai Soedjatmoko, Kemis-Rebo (2-8/8). Adicara kang mbabar 32 gambar saka 12 seniman gambar saka Klaten iki ngandhut pangajab supaya masarakat padha ngerti karya-karyane seniman Klaten. “Wus akeh lan umum pelukis saka Ngayogjakarta lan Solo. Prelu dimangerteni, ing Klaten uga duwe potensi seni gambar kang gedhe. Iki ora bisa dipisahkane saka geografis-e Klaten kang dijepit wewengkon Jogja lan Solo,” kandhane Pangarsa Pasren, Anshori, Kemis (2/8).
Para seniman gambar kang mamerake karyane yaiku Hardjija, Cak Min, Sudjijo, Suwardhi Harris, Anshori, Bambang Pujiono, Rustamadji, Karang Sasongko, Rosana, Soerjono, Ibnu Wibowo lan GM Sudarta. GM Sudarta kang dadi kartunis ing Kompas, menehi apresiasi marang Pasren kang bisa nggelar adicara pameran lukisan ing Kutha Solo. Sudarta ing adicara kuwi uga nuduhake karyane yakuwi gambar simbok sing lagi nggendhong anake.
Akeh gambar kang nuduhake kahanane wong-wong cilik kang bisa dadi pangeling-eling tumrap masarakat jaman saiki ngenani kahanan jaman semana. Jaman nalika durung maju kaya saiki, wong urip padha susah, nanging ana ilmu sing bisa digawa pamirsa adicara kuwi yaiku sipat prasaja. Wong-wong desa ora duwe sipat nepsu marang pangkat utawa dhemen bandha.
Beda karo jaman saiki nalika wong wus ndadekake pangkat lan bandha dadi sesembahan. Nalika ora ana dalan sing kalal, dalan ala dilakoni kanthi nyolong utawa korupsi. Deleng wae karyane Rosana, nalika ana simbok-simbok dadi bakul gedhang ing pasar. Bathi ora akeh, nanging dhuwit kalal lan urip bisa tentrem. “Objek-objek gambar kang diangkat ing pameran iki bebas, saka pengalamane para seniman. Uga akeh sing menehi piwulang utawa panyaruwe sosial,” kandhane.