Ahmad Hartanto Jibi Solopos Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 5 Juli 2012 - 12:14 WIB
ESPOS.ID - Bakul celengan, Bakuri,30, nunggu dagangane ing sekatenan sawetara wektu kepungkur.
Asile tetanen kaya pari, jagung, utawa palawija wus mesthi ora bakal entek dipangan dhewe utawa kanggo nyukupi kabutuhan weteng. Mesthine ana turahan saka asil panen kuwi mau. Mula, ing jaman semana, para among tani duwe tatacara kanggo nyimpen turahan panen kasebut. Tatacara kuwi bisa ditegesi nabung utawa nyelengi. Nyelengi bisa diwujudake pari utawa barang liyane.
Miturut Dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS, Drs Wakit Abdullah M Hum, masarakat desa kang umume golek wulu pametu ing bidhang agraris utawa tandur, pancen wus duwe konsep kang cetha babagan nabung. Senadyan wong ndesa lan tradhisional, nanging carane mikir wus kaya sistem kang modheren. “Jaman semana wus mudheng babagan investasi, ana jinis investasi bergerak lan tak bergerak. Mung durung digawe konsep kaya saiki, nanging bakune padha,” kandhane Wakit nalika ditemoni Espos ing Jaten, Karanganyar, Selasa (3/7).
Investasi bergerak kuwi bisa arupa maneka warna jinis kewan ingon, saka pitik lan menthok nganti kebo lan sapi. Jinis celengan kang arupa kewan kasebut bisa cepet payu nalika butuh dhuwit kanthi ndhadhak. Rajakaya kuwi uga bisa kanggo mbiyantu among tani anggone nggarap sawahe. Sapi utawa kebo bisa migunani kanggo ngluku lang nggaru sawah utawa dadi kendharaan kanggo narik grobak. Grobak bisa digunakake kanggo ngangkut pari lan palawija. Mula, jinis celengan awujud kewan kasebut bisa menehi maneka warna jinis piguna marang petani.
“Investasi utawa celengan kang tak bergerak yaiku lemah, tegalan utawa sawah. Celengan iki bisa uga diarani ajang pangan. Saya jembar tegalan utawa sawah, saya tambah gedhe asil tanine, saya tambah akeh panganane, parine, lan palawijane,” ujare Wakit kang wis antuk gelar doktor kasebut.
Nalika wus akeh lemahe, wus pirang-pirang papan panggonan duweni lemah, bisa disebut sabuk galeng, tegese sugih bandha awujud lemah lan sawah uga tegalan. “Among tani bisa tuku kewan utawa lemah amarga asile apik. Nanging yen asile mung cukup kanggo kebutuhan pangan sakkulawarga, tegese ora bisa nabung utawa nyelengi kewan lan lemah. Ya among tani kuwi mau ora bisa nyelengi,” ujare.
Kebutuhan kang kudu ditetepi nomer siji yaiku kebutuhan pangan lan sandhang. Nalika asile saka tani isih turah, sisane bisa diwujudake kanggo mipik maneka warna jinis barang, kaya sandhang, rajakaya, lemah, sawah lan mas inten.
Sabanjure, kebutuhan kang uga ora bisa disepelekake yaiku macak, apa maneh tumrap wong wadon. Macak kanthi ayu, nganggo gelang, ali-ali, suweng, anting-anting kang cemlorot sunare wus mesthi marai bungah. Mula, mas-masan uga bisa dadi celengan kang duwe piguna liyane. “Mas-masan kuwi wiwit jaman Majapahit teka suk kapan kana, tetep wae payu, mula mas-masan bisa dadi salah sijine celengan kang paling apik, uga bica nyukupi kebutuhan sawise pangan lan sandhang, yakuwi macak.”
Saliyane iku, omah kang jembar uga dadi salah sijine idhentitas kang kudu diduweni dening among tani kang sugih. Omahe wong sugih kuwi duwe telung perangan, yakuwi omah ngarep kang jembar lan pringgitan. Pringgitan tegese jembar lan bisa kanggo mbeber kelir nalika nggelar wayang kulit. “Pringgitan kuwi dadi salah sijine barometer utawa ukurane wong sugih. Yen omahe sempit, angel anggone nggelar wayang kulit.”
Omah kang gedhe magrong-magrong uga bisa didadekake celengan kanggo warisan anake. “Omah mburi kanggo anake sijine, omah tengah lan omah ngarep bisa didum kanthi rata.”
Tatacara anggone nata omah uga duwe aturan. Lumbung pari umume digawekake omah dhewe, awujud omah panggung supaya bisa ndeleng ana rayap utawa tikus apa ora. Semono uga kandhang kanggo kewan kaya sapi, wedhus utawa kebo digawekake kandhang kang misah karo omah bakune. Pari lan jagung kang isih ana pang lan klobote uga bisa dadi celengan, yaiku disemelehake ing dhuwur pawon supaya ora dipangan rayap lan ama.
“Yen sewayah-wayah butuh, bisa njupuk jagung utawa pari. Yen butuh dhuwit luwih gedhe, bisa ngedol kewan ingone kaya pitik, sapi utawa kebo. Yen isih kurang bisa ngedol mas-masan lan pungkasane bisa ngedol lemahe. Yen isih butuh dhuwit, bisa ngutang marang kulawargane utawa wongtuwane. Ing kene iki bisa ditegesi, ana sipat preduli lan precaya marang anggota kulawargane, ana gotong royong lan ora nggagas uripe dhewe.”