Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 26 Juli 2012 - 09:07 WIB
ESPOS.ID - More than just publish.
Aku krungu dheweke wis mulya uripe, dadi supervisor lan tumpakane mobil Avansa. Akeh sing padha kandha jane antarane aku lan Dewi bojone enom, isih ayu aku, saupamaaku wong kopen aku kaya Betharia Sonata penyanyi kawak biyen. Emane wong sing biyen katon tresna banget karo aku malah blenjani, nyulayani, kepencut karo Dewi.
Durung krungu adzan subuh aku wudhu, salat fajar, kanggo ngilangi rasa ngantuk, lan ngilangi wewayangan kang tansah ngreridu atiku. Sakjroning salatku isih kaya kagawang crita lawas sing lagi wae liwat ing pikirnku. Luhku dleweran, esk kang tintrim ndhadekake tambah nglangut. Swara adzan wis miyak sepining esuk, Gendhis wis nusul ana mburiku saperlu salat jamaah. Alhamdulillah aku diparingi Allah anak wadon kang solehah, alim, ayu, prasaja, ora tahu njaluk neka-neka. Saben mulih sekolah banjur nggenteni anggonku njahit, aku bisa istirahat sedhela. Kaya padatan sakwise salat Subuh aku ngglethak sedhela ana pasolatan, Gendhis mesthi banjur mijeti sikilku alon-alon, kareben ora krasa lara lan bisa liyer-liyer turu sedhela. Gandheng aku ora bisa turu, dheweke banjur nglereni anggone mijeti tumuju pawon. Urusan pawon Gendhis sing ngrampungi.
Anhkahku dina iki arep tuku lawuh ayam bakar senengane Gendhis, bubar njupuk dhuwit saka Pak Kaji Parno. Pisan-pisan mangan enak, ngiras-ngirus ngopahi Gendhis kang tansah ngewangi gaweyanku.
“Mbak Yani nggawa limang kodi yo Mbak?” pitakone Pak Kaji.
“Kok kathah men Pak, mangke menawi boten saged dados pripun?”
“Walah dadi aku wis percaya gaweyanmu Mbak.”
Pancen aku sing tansah diparingi jahitan akeh, nganti kanca-kanca jahit padha meri, mbok menawa Pak Kaji mesakake karo aku, ora duwe bojo, ngopeni lan ntekolahake anak.
Dak gawa potongan jahitan sing sak kodi, sing pataang kodi mengko sore arep diterake amarga durung dipotong. Atiku bungah wis katon ngegla wewayangan dhuwit ngiwi-iwi, ora dak rasa kesel lan ngantuk sing penting oleh dhuwit akeh. Rencanane arep dak nggo nukokake krudung putih kanggo anakku amarga krudunge wis mangkak.
“Inggih, sabar Bu, menawi niki ujian kagem keluarga panjenengan saking Allah, rikala wangsul sekolah wau, badhe nyebrang radosan, keng putra kesrempet kendaraan, sak menika wonten griya sakit.”
Der!! Kaya dene bledhek mengsa sanga kang nyamber sirah lan dadaku, aku ora bisa ngomong, sesek dadaku.
“Istighfar Bu, sak menika mangga kula dherekne dateng griya sakit.”
Aku ora ngomong banjur nggeret astane bu guru pratandha sarujuk. Tangga-tangga padha mara, weruh aku pucet kaya kertas lan katon kesusu. Dadaku samsaya sesek, tekan rumah sakit aku mlayu menyang UGD, pranyata tangga-tangga akeh sing padha melu, ngetutake ana sak mburiku.
Dak sawang saka kaca, Gendhis isih ditangani Dokter. Rasane ora sranta aku, pengin enggal mlayu, nubruk, ngekep lan ngelus-elus raine anakku kanggo ngilangi rasa larane. Aku bisa nangis saiki, luhku dleweran, Bu Guru ngelus-elus gegerku, kareben bisa sareh, sabar.
“Sabar, istighfar Bu, istighfar.”
Tambah ngangga-angga rasene atiku, aku ngglesot lemes ana jobin. Sujud nyuwun pitulungan Allah.
“Ya Allah, Ya Rabb naming niki bandha kula, anak kula, ampun panjenengan pundhut, kula ngertos piyambakipun amanat, nanging kula boten saged pisah, kula prasapa badhe nggula wenthah, kula ngertos kula dereng saged maringi anak kula kasaenan, kula nyuwun Ya Allah panjenengan paring kesempatan dhumateng kula, sesarengan wonten donya niki kaliyan anak kula, Ya Allah... Astaghfirullah...”
Krudung sing dak nggo wis teles klebes merga luh. Aku wis oleh mlebu ruang UGD, saperlu aweh semangat marang anakku, ambakna durung sadar, dak aras pipine, anakku isih katn ayu, ora akeh tatune katone mung sikut lan sikil sisih kiwa, menawa marga kaget, anakku nganti ora sadar suwe. Sing nabrak jare tanggung jawab, iki lagi ngurus laying ana kepolisian lan administrasi rumah sakit. Mula nganti seprene aku durung pethuk. Nganti telung jam anakku durung sadar, dokter nyaranake menawa digawa menyang rumah sakit Solo, pepes rasane atiku. Pawongan sing nabrak teka, ana sak buriku, aku pancen ngungkurake wegah weruh, amarga dheweke sing ndadekake anakku lara.
“Kula badhe tanggel jawab Bu, biaya menapa kemawon kula ingkang nanggung. Swara kuwi, aku kaya wis tahu krungu, atiku trataban, age-age aku noleh, bener…! Cengkelak aku ngadhek, dak antemi pawongan mau nganggo tanganku kang kuru lan kisut.
“Kowe jebul Mas, durung marem olehmu nglarani atiku! Arep mbok pateni anakmu?” pitakonku banter marang Mas Dikan bapakne Gendhis, yo pawongan kang nabrak Gendhis nganti koma.
“Yani, Yani… Apa kuwi Gendhis? Anakku.”
“Bener, anakmu sing arep mbok pateni, marem kowe saiki Mas, anakmu sekarat!” ksndhaku banter. Mas Dikan nyedhaki Gendhis kang isih merem, dikekep anakku lan nangis.
“Aku njaluk ngapura anakku, bapakmu dosa gedhe ngger.”
Dak geret tangane Mas Dikan.
“Ngalih mas, aja mbok semok anakku! Iki anakku, dudu anakmu! Ngalih…”
“Ibu…” Keprungu swara lirih nyeluk aku. Dak sawang Gendhis sadar.
“Dokter! Dokter!” aku bengok-bengok, nangis seneng.
“Alhamdulillah, sampun kliwat mas kritis Bu.”
“Yani,” Mas Dikan sajak arep ngomong karo aku.
“Cukup Mas, aku njaluk panjenengan lunga saka kene, aja cedhak-cedhak karo aku lan Gendhis maneh, uripku wis tentrem karo Gendhis, panjenengan gawe cilaka.”
“Aku njaluk ngapura,” kandhane alon lan mlakuk ngadoh. Kaya sing dak karepake, aku pancen wis arep nutup wewayange Mas Dikan saka uripku.
Latifah AS