Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Kamis, 14 Juni 2012 - 14:29 WIB
ESPOS.ID - More than just publish.
Purwakanipun Serat Wedhatama, punika manawi kalalas karaosaken sayektos suraosipun isi wawarah panggulawentah lan pamardi ingkang cocok kaliyan dhapukanipun para sarjana sujana panggulawenthah lan pamardi ing jaman samangke, inggih punika pamardi lan panggulawenthah namung ngudi tuwuh utawi babaraning gesangipun lare piyambak-piyambak miturut dhadhasaranipun dados mboten peksan kados dhapukaning pamardi lan panggulawenthah ingkang namung prelu kalarasaken kaliyan kabetahanipun juru pamardi lan panggulawenthah, sakedhik sanget anggenipun ngengeti dhateng kabetahaning lare miturut dhadhasaraning gesangipun piyambak-piyambak tetambungan wiwitane Serat Wedhatama wau, ungelipun makaten:
Mingkar mingkuring angkara, Akarana karenan mardi siwi.
Ukara makaten punika, ing panglaras hanggadhahi suraos: mantheng sayektos pangasthining manah mengkeraken angkara, kasengsem marsudi anak, dados marsudi mredi lare punika prelu mengkeraken angkara. Menggah ingkang nama angkara punika, wosipun budi pakarti ingkang katumrapaken kabetahanipun piyambak suprih pamrihipun piyambak kosokwangsul walaka kaliyan watak wantuning gesang sejati ingkang namung ambabar sarwa murakabi, katembungaken karahayon awit angkara murka, hawa napsu punika watakipun pirantos gesang sejati, badan-badan, karep, pepenginan sapiturutipun utawi asring kawastanan hawa napsu, arda angkara murka, watakipun ambabar namung ngirup karana oleh anggere oleh, mboten karana Allah. Makaten menggah panyuraos wosipun ingkang kawastanan angkara.
Samangke lajeng nglaras wosing angkara ingkang tumrap ing pamardi lan panggulawenthah inggih punika kados ingkang kaaturaken ing nginggil mardi anggulawenthah kalarasaken kacithak kaliyan kabetahan ingkang mardi lan anggulawenthah, upaminipun tiyang sepuh ing lare mardi anggulawenthah anakipun kaangkah kajangkakaken kados pikajengan gegayuhanipun tiyang sepuhipun amargi sampun gadhah dhasar piyambak miturut papesthening gesangipun inggih makaten punika ingkang nama pamardi panggulawenthah nuruti angkara, meksa lare nyulayani dhadhasaripun sampun tamtu anjalari kirang prayogi kadadosanipun tumrap dhateng lare wau piyambak sumrambah dhateng babrayanipun sarta babrayan donya. Mila awit saking makaten punika, pamanggihipun juru pamardi lan panggulawenthah, panindaking pamardi lan panggulawenthah ingkang langkung punika namung miturut dhadhasaraning gesangipun lare piyambak sageda tuwuh, mboten peksan miturut angkaranipun juru pamardi lan panggulawenthah, punapa dene miturut ingkang nguwasani, utawi tiyang sepuhipun kados ingkang kaaturaken ing nginggil, inggih wonten ing ngriku punika mboten gampil panindakipun juru pamardi lan panggulawenthah, prelu makartekaken kawaspadan kawaskithan mbotenipun prelu nandukaken kalimpadan kalepasaning pamikir, raos pangraos ingkang langkung lebet sageda nyumurupi, punapa dene ngraosaken saestu dhadhasaranipun gesanging lare satunggal-satunggal awit gesang ingkang sampun ngrasuk pirantos kawujudan utawi badan-badan punika sampun gadhah papesthen kados dene sastra lamat-lamat ingkang sumerat ing dlancang, dados tanduking pamardi lan panggulawenthah punika namung nyethakaken seratan ingkang lamat-lamat wau, mboten nyerat enggal wonten ing papan ingkang sampun wonten seratanipun lamat-lamat manawi mekaten saged malah tundhane ngaburaken kawontenan, mila tindak-tandukipun pamardi lan panggulawenthah punika prelu makartekaken kawaspadan lan kawaskithan.
Sanadyan ketingalipun para sepuh ing kina kados kirang migatosaken dhateng pamardi lan panggulawenthah, nanging manawi katiti karaosaken saestu, pancen sampun nandukaken pamardi lan panggulawenthah, namung cakkipun kemawon beda kaliyan dhapukan samangke ingkang katindakaken para guru ing pamulangan, tanduking panggulawenthah kina bab kasaraning badan, kakulinakaken kaliyan kawontenaning kodrat yen asrep malah kaasrep-asrep bilih benter ugi dibebenter, yen siyang angon surya, yen dalu angumming warih, ngulinakaken masuh sarira, mati raga, sageda kuwawi gesang rekaos, wawatonipun gesang, ngangge pirantos angrasuk badan-badan punika sageda dumunung wonten ing kawontenan ingkang kados punapa, utawi wonten ing pundi kemawon tembungipun monca anggadhahi aanpassing vermogen. Makaten punika, pikajengipun badan-badan utawi pirantosing gesang, punika sageda tetep dados pirantos sayektos mboten kosokwangsul malah mangreh, ngingkrak-ngingkrak nanging ingih sarana kakulinakaken kagulawenthah saking sakedhik, makaten punika tumrap sanes nagari kala jaman kina, kadosta: separtan kala jamanipun sang Prabu Likregus, sanadyan jaman samangke, Tuwan Dr Piget ugi nyoba, manggen ing hawa asrep anakipun ingkang saweg lair, enjing-enjing dipundusi wonten ing pancuran malah kuwawi. Saestunipun makaten wau inggih mboten kenging grusa-grusu, mutatuli prelu nyumerepi kekiyataning kawontenan tumraping pamardibudi. Ing kina ugi namung nyakajeng lare, prasasat namung kaetokaken kemawon papunthening manah. Anak uwong, mongsa dadiya bangkong, bilih saged dados malah linangkung kadosta: dedongenaipun para pujangga Jawi ahli guna, gendhing sapiturutipun punika ketingalipun kathah ingkang mboten kasinau kapendir, tuwuh saking dhadhasaraning gesangipun piyambak saben dados malah langkung, adhakanipun kagunanipun rangkep kaliyan kabatosan, para wali, Sunan Lepen sapiturutipun dumugi para sepuh samangke ingkang nginani, punika inggih taksih wonten nindakaken pamardi lan panggulawenthah makaten punika.
Ki Padmasusastra, prajapustakan punika cacriyosanipun inggih mboten sekolah, malah pamongpanitra piyambak punika khabaripun inggih dede wedalan pamulangan 1) dados terangipun jiwa, gesang, punika sasampunipun angrasuk wujud pirantosing gesan, badan-badan punika sampun sami gadhah papasthen utawi dhasaran piyambak-piyambak utawi seratan ing dlancang lamat-lamat kantun nyethakaken kemawon tamtunipun tumraping panindak inggih pados ingkang pikantuk kados pundi prayoganipun namung kasarahaken, makaten wosing panglaras suraosing serat Wedatama ingkang gandheng kaliyan pamarsudi lan panggulawenthah, wusana sumangga.