Jadwal Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56
Sholat
Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56 Kota Surakarta · Selasa, 24/11/2026 Imsak 03:37 Subuh 03:47 Dzuhur 11:27 Ashar 14:50 Maghrib 17:42 Isya 18:56

Wektu Mundur ing Jero Sepur

author
Jumat, 10 April 2026 - 19:40 WIB
Wektu Mundur ing Jero Sepur
ESPOS.ID - Ilustrasi kereta api. (Freepik.com)

Esposin, SOLO -- Sepur Joglosemarkerto teka ing stasiun Salem sadurunge srengenge metu. Stasiun cilik iki isih sepi. Bokmenawa pancen mengkono saben dinane. Aku wis suwe banget ora numpak sepur. Ora amarga aku seneng lelungan numpak montor utawa bis. Lan, ora amarga omahku adoh saka stasiun. Stasiun Salem iki bisa dakparani ora nganti sepuluh menit saka omahku.

Aku menyat saka panggonanku banjur mlebu lan milih kursi karo ngematake hape sing dakcekel. Dakcocokake nomer kursi ing sacedhake kaca karo sing katulis ing tiket online saka aplikasi. Saka panggonanku kene, stasiun Salem saya adoh lan ora ketok suwening suwe. Joglosemarkerto mlaku alon-alon tumuju ngalor. Tumuju kutha sing dadi panggonanku miwiti katresnan marang kenya wadon sing ora bakal daklalekake: Semarang.

Tragedi Kartini dan Perjuangan Emansipasi Perempuan di Indonesia

Udakara pitung taun, awakku pancen pisah karo Semarang. Aku wis ora tau mrana. Gambaran lintang ing Tawang mung dakrungokakake saka tembang. Kamangka, mbiyen, aku  seneng lungguhan ing sakiwa tengene stasiun Tawang karo Ambar, kenya wadon sing njalari atiku kesengsem katresnan. Aku lan dheweke seneng mlaku-mlaku ngubengi Kota Lama utawa jajan ing pasar Johar. Nganti seprene, aku isih eling soto klangenane Ambar.

“Nuwun sewu, Mas, menika leres nomer 9C, nggih?” pitakone sawijining penumpang.

Krungu pitakonan mau, banjur dakingeti nomer kursi sing daklungguhi. Jebule bener 9C. Kamangka kudune aku lungguh ing kursi 10C. Aku banjur jaluk pangapura marang penumpang mau. Dheweke mung mesem tipis.

Sanajan awakku pisah karo Semarang, aku ora bisa mungkiri yen atiku isih keri ing kana. Ing saben-saben wengi sing dakentekake karo Ambar, aku isih kelingan. Ing saben-saben dalan anggonku lungguhan lan ngematake lintang, aku kelingan. Ambar lan Semarang kayadene lem sing rinaket ing ati. Kayadene srengenge sing ora bisa angslup saka pangelingku.

Rong dina kapungkur, liwat pesen ing media sosial, Ambar ngabari aku yen dheweke kepengin ketemu. Ketemu? Ningapa lagi saiki dheweke pengin ketemu? Ningapa ora mbiyen-mbiyen nalika dheweke janji bakal ngabari sawise dakaturake rasa tresnaku? Pitakonan pating sliwer ing ati lan pikiranku tanpa bener-bener bisa dakwangsuli dhewe. Aku uga bingung, ningapa pungkasane aku budhal numpak sepur iki?

Lakune sepur alon sadurunge teka stasiun Kedung Jati. Ing alas jati sacedhake stasiun iki, aku lan Ambar tau bingung nalika goleki omahe kanca. Aku lan dheweke keblasuk ing alas sing sepi. Mungkin wae, blandhong-blandhong sing lagi ngaso ing kono mbatin. Kamangka aku pancen bingung tenan. Nalika pit montor dakparkirake ing sangisore wit-wit jati, aku lan Ambar lungguh sisihan. Awan pancen panas amarga ngepasi tengahing katiga. Rasane aneh tenan lungguh karo kenya wadon ing panggonan sing sepi. Yen atiku ora teteg, mungkin wae aku lan dheweke wis tumindak sing ora becik. Nanging, aku tansah eling ngendikane wong tuwa. Aku ora oleh tumindak sing ngrusak uripku dhewe.

Saka jero, aku nggatekake wong-wong ing bangjo sing lagi ngenteni sepur iki liwat. Ana sing ketok kesusu lan ana sing ketok bungah. Ana bocah wadon sing sajake lagi mulih sekolah. Dheweke ana ing ngarep dhewe kanthi praupan kesel. Uga ana bocah cilik sing diboncengake dening bapak ibune. Bocah cilik mau ngadeg ing mburi digoceki ibune. Kanthi praupan bungah ngenteni sepur liwat, bocah mau keplok-keplok—ketok yen wektu nalika sepur liwat dadi sawijining wektu sing nyenengake. Nyatane, sepur sing daktumpaki iki bisa njalari maneka werna rasa ing ati, kaya sing dakrasakake wektu iki.

Suwene wektu ing jero sepur, nyatane ora krasa. Sedhela kas sepur mlebu ing stasiun Tawang. Nalika lakune saya alon, ati lan pikiranku malah ora karuwan. Kaya ana sing gondheli, nanging uga kaya ana sing nyurung.

Aku nunggu ojek online ing titik jemput. Alamat sing katulis ing pesene Ambar wingi daksimpen kanthi ngati-ati. Kamangka sejatine, aku ora tau lali papan dununge omah kuwi. Nalika dakduduhake marang sopir, sopir mau manthuk lan langsung nyetater montore.

“Kok sajak wonten ingkang dipun raosaken, Pak? Punapa alamatipun klentu?” Pitakone sopir mau. Lumrah, sadalan-dalan, aku mung meneng wae.

“Mboten, Pak. Sampun leres, kok,” wangsulanku cekak.

Ketok saka kaca ing dhuwur dasbor, sopir mau mesem. Aku ora pengin crita akeh-akeh karo wong sing ora dakkenali.

Montor mandheg ing sawijining omah. Mbiyen, ing kene, aku kerep ngampiri Ambar yen ana kagiyatan ing kampus. Aku lan kanca-kanca uga seneng garap tugas bebarengan ing kene amarga bisa nyilih buku-bukune bapake Ambar.

Dakdhodhog lawange. Ana pawongan wadon wis rada sepuh mbukakake lawang. Yen ora kleru, iki mbakyune Ambar. Jenenge mbuh sapa, aku lali.

“Mas Prihadi, nggih?”

“Nggih,” Aku manthuk.

“Mangga…Mangga…” ujare mbakyune Ambar mau.

Dakgatekake swasana ing omah sing ketok sepi. Sawise tetepungan lan digawekake wedang, mbakyune Ambar sing jenenge Mbak Mira mau crita akeh babagan kaluargane, Ambar, lan pesen sing daktampa rong dina wingi. Ibune seda setaun kapungkur, dene wulan wingi, bapake nusul.

“Ambar mung kepengin netepi janjine, Mas,”

“Janji ingkang pundi, Mbak?”

Ora saya padhang, aku malah saya bingung ngrungokake critane Mbak Mira.

“Dados ngaten, Mas…,”

Setaun kapungkur, ana pawongan sing arep nglamar Ambar. Kersane Gusti, sawise lamarane ditampa, wong lanang mau malah lunga karo kenya liyane, mblenjani janjine. Nalika Mbak Mira crita, aku mung bisa ngelus dhadha. Ambar kepengin ketemu aku amarga janjine marang bapake. Janji bakal gelem dirabi karo wong sing bener-bener nresnani. Janji sing durung bisa dilakoni nganti bapake seda.

Nalika aku diiringake Mbak Mira mlebu menyang jogan jero, aku weruh Ambar lungguh ing amben. Kanthi awak sing mung kaya balung lan kulit lan pasuryan sing ora dakkenali, dheweke mesem.

Esem sing dumadakan njalari atiku nelangsa. Apa maneh nemoni kasunyatan yen dheweke nandang lara wis limang taun suwene. Yen mung pengin ketemu aku, ningapa kudu nunggu pitung taun suwene? Kamangka kapan wae kepengin ketemu, aku siyap, Mbar. Ngertiya, atiku ora tau ning endi-endi. Atiku isih manggon ing kene. Ing omah iki. Lan aku precaya menawa atiku uga isih boksimpen ing sawijining papan paling rapet ing atimu.

 

Latif Nur Janah

Pandhemen lan pangripta Sastra Jawa. 

Sakmenika mapan wonten ing Gemolong, Sragen. 

Editor
Ika Yuniati -

Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.

Berita Lainnya
Espos.id nasional

Punya Harta Rp13 Miliar, Ini Profil Sugiono yang Diusulkan Prabowo Jadi Cawapres

Presiden Prabowo Subianto mengajukan Sugiono jadi pengganti Gibran Rakabuming Raka sebagai Wakil Presiden ke MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id nasional

Diusulkan Jadi Cawapres, Andi Amran Sulaiman Punya Kekayaan Rp1,72 Triliun

Menteri Pertanian Andi Amran Sulaiman menjadi satu dari dua nama yang diusulkan Presiden Prabowo Subianto jadi calon Wakil Presiden untuk menggantikan Gibran Rakabuming Raka.

Espos.id nasional

Bareskrim Polri Tetapkan Listyo Sigit Dkk Jadi Tersangka Kasus Makar

Bareskrim Polri menetapkan mantan Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo jadi tersangka dalam kasus dugaan makar terhadap Presiden Prabowo Subianto.

Espos.id pendidikan

APTA SMPII Al Abidin Magelang Jadi Kunci Sinergi Sekolah dan Keluarga Jelang PAS

Komunikasi yang baik antara sekolah dan keluarga menjadi salah satu kunci keberhasilan pendidikan siswa. Menyadari pentingnya hal tersebut, SMPII Al Abidin Kota Magelang menyelenggarakan program APTA (Al Abidin Parents and Teachers Association) pada Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SDII Al Abidin Surakarta Tampilkan Kreativitas dalam Assembly 2026

Suasana meriah dan penuh kebanggaan mewarnai gelaran Assembly 2026 SDII Al Abidin Surakarta yang berlangsung di The Park Mall, Sabtu (21/11/2026). Mengusung tema “One Journey, A Million Dreams” dengan tagline “Dream Big. Believe. Grow. Achieve.”,

Espos.id pendidikan

Perkuat Sinergi, Kelas 3 Alhazen SDII Al Abidin Sukoharjo Gelar Pertemuan APTA

orang tua dan guru Kelas 3 Alhazen Sekolah Dasar Islam Internasional (SDII) Al Abidin Sukoharjo akan menggelar forum pertemuan bertajuk Al Abidin Parents Teachers Association (APTA), Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

HUT ke-27 Dharma Wanita Persatuan, DWP UIN Saizu Mengajar di TK Al Azkia

Selain berpartisipasi dalam kegiatan belajar mengajar, DWP UIN Saizu juga memberikan bingkisan berupa alat tulis kantor (ATK) kepada anak-anak PAUD dan TK Al Azkia.

Espos.id nasional

Prabowo Jelaskan Alasan Pilih Sugiono dan Andi Amran Jadi Calon Wakil Presiden

Dua nama diusulkan Presiden Prabowo Subianto untuk menjadi Wakil Presiden ke Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) RI.

Espos.id pendidikan

Lulus KML di Tegal, Dosen FTIK UIN Saizu Perkuat Pembinaan Pramuka Kampus

Proses pendidikan kepramukaan yang dijalani selama KML memiliki relevansi kuat dengan nilai-nilai Tri Dharma Perguruan Tinggi, terutama dalam pengembangan pendidikan, pengabdian kepada masyarakat, dan pembentukan karakter.

Espos.id nasional

Prabowo Usulkan Sugiono dan Andi Amran Sulaiman Jadi Calon Wakil Presiden

Presiden Prabowo Subianto secara resmi menyerahkan dua nama calon Wakil Presiden di Gedung DPR/MPR RI pada Senin (23/11/2026).

Espos.id pendidikan

Inovasi Hayati UTP Surakarta Selamatkan Vanili dan Bangkitkan Ekonomi Petani

Universitas Tunas Pembangunan Surakarta (UTP) mendorong penguatan ekonomi hijau berbasis potensi lokal melalui pendampingan petani vanili di Desa Wonodoyo, Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali.

Espos.id pendidikan

Pascasarjana UIN Saizu Perkuat Jejaring Global lewat Magang Luar Negeri

Melalui kajian ini, Pascasarjana UIN Saizu menyoroti pentingnya pengalaman internasional dalam membentuk sumber daya manusia yang adaptif, komunikatif, inklusif, dan mampu bersaing di lingkungan profesional multikultural.

Espos.id nasional

Prabowo Serahkan Dua Nama Calon Wakil Presiden ke MPR

Presiden Prabowo Subianto menyerahkan dua nama untuk dijadikan Wakil Presiden pengganti Gibran Rakabuming Raka yang sebelumnya telah mengundurkan diri.

Espos.id pendidikan

Tim Futsal SDII Al Abidin Sukoharjo Cari Pengalaman di Muslov Futsal Competition

Tim futsal SDII Al Abidin Sukoharjo mencatatkan sejarah baru dengan menjalani debut perdananya di ajang turnamen bergengsi Muslov Futsal Competition, Sabtu (21/11/2026).

Espos.id pendidikan

Siswa SMP ABBS Surakarta Raih Prestasi Bidang Matematika hingga tingkat Dunia

Prestasi gemilang kembali ditorehkan oleh siswa SMP ABBS Surakarta. Kali ini, sosok yang patut mendapat sorotan adalah Oza Dua A Deta, siswa kelas 8A ICT yang menunjukkan konsistensi luar biasa dalam mengukir prestasi di bidang matematika.

Espos.id nasional

MPR Undur Paripurna Pemilihan & Pelantikan Wapres ke 11 Desember, Ini Alasannya

MPR RI kembali mengubah jadwal sidang paripurna pemilihan dan pelantikan wakil presiden pengganti menjadi 11 Desember 2026 setelah menerima masukan terkait ketentuan penghitungan 14 hari sebelum sidang.

Espos.id pendidikan

SMA ABBS Sukoharjo Gelar Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan

Pelantikan Pembina dan Pengurus Dewan Ambalan Masa Bakti 2026/2027 SMA Al Abidin Bilingual Boarding School (ABBS) Sukoharjo, Sabtu (21/11/2026), di SMA ABBS Sukoharjo.

Espos.id pendidikan

Dua Murid SMA ABBS Karanganyar Ikuti Lokakarya Penerima Dana Abadi Kemenbud

Dua murid SMA ABBS Karanganyar, Alifya Nabila Taqiyuddina dan Haris Saputra, mengikuti Lokakarya Penulisan Naskah Drama Pendek bertema Sejarah dan Budaya Kota pada 19–20 November 2026 di Dinas Kearsipan dan Perpustakaan (Disarpus) Kabupaten Karanganyar.

Espos.id pendidikan

Ekstrakurikuler Memanah KBTKII Al Abidin Yogyakarta Latih Fokus & Karakter Anak

Mengenalkan olahraga sekaligus menanamkan karakter positif sejak usia dini menjadi salah satu upaya pendidikan KBTKII Al Abidin Yogyakarta.

Espos.id pendidikan

Green Campus Tak Cukup dengan Fasilitas, Perlu Perubahan Perilaku Warga Kampus

Kepedulian terhadap lingkungan tidak cukup berhenti pada pengetahuan. Generasi muda perlu berani menyuarakan persoalan lingkungan dan terlibat dalam aksi nyata. Pesan tersebut mengemuka dalam program Green Narrative – Green Campus Sadar Lingkungan di Universitas Muria Kudus (UMK), Senin (23/11/2026).