Esposin, SOLO -- Nasibe wit nangka ing ngarep omahe Mbah Mariyem wis diputus: enggal ditegor. Mung kari nggoleki dina becik. Embuh wis pirang puluh taun umure wit nangka kuwi. Mbah Mariyem dhewe kerep crita manawa nalika dheweke isih bocah kerep dolanan babal lan angkup karo kanca-kanca sabarakane ing ngisor wit nangka iku. Kamangka saiki umure Mbah Mariyem wis meh saabad. Buyute wis gemrayah meh ngebaki Indonesia Raya.
Crita ngenani wit nangka iku kaya ora ana enteke. Yen ngepasi rembugan prekara panganan biasane sing kocap prakara enake jangan gori utawa blendrang tewele. Gori utawa tewel kang dipethik saka wit nangka ing ngarep omahe Mbah Mariyem kondhang enake yen dilodheh, luwih-luwih yen wis dadi blendrang.
Borneo FC dan Kejamnya Drama Sepak Bola
Ora gampang mblondhot, ora gampang lonyot. Apa maneh, wit nangka iku wohe ajeg gembel, tur arang-arang kena penyakit bosok. Luwih-luwih yen wis dadi nangka, mesthi kuwalitase premium: empuk, legi, kandel, betone cilik tur damine sethithik. Ing saindenge Dhukuh Jumawut wis kondhang yen nangka paling super ya nangkane Mbah Mariyem kuwi.
Gegayutan karo jagading memedi, wit nangka ing ngarep omahe Mbah Mariyem bisa ngasilake puluhan utawa malah atusan crita alaming lelembut. Ana kang ngaku diwedeni gendruwo, ana kang crita tau diweruhi wewe. Ana uga kang tau nyawang saka kadohan, ing wayah bengi: wit nangka kuwi kobong, nanging bareng dibuktekke, nyatane ora geneya-geneya.
Yen tukang kayu, mesthi luwih seneng ngomongake, bakal dadi pira, yen wit nangka kuwi ditegor didadekake lemari, lan kaya ngapa olehe bakal mompyor kaya tembaga utawa malah emas sinangling. Merga saka olehe wus tuwa tenan. Lha, kuwi kang sedhela maneh bakal bisa dibuktekake, amarga mung kari ngetung dina, wit nangka kuwi bakal ditegor.
Geneya kok wit nangka ing ngarep omahe Mbah Mariyem kuwi arep ditegor? Upama kayune bisa diijolake kebo loro, yen ora pener tenan olehe nanjakake, pira lawase kanggo ngentekake dhuwit kebo loro kuwi? Mangka yen ora ditegor, cetha mujudake sumber pengasilan saka gori lan nangkane nganti turun-temurun selawase.
Keputusan kanggo negor wit nangka kuwi lagi bisa digawe sawise ana rembug antarane Mbah Mariyem karo anak ragile, Markimin, lan ora lali taren karo sedulur-sedulure kang sumebar ing meh saindenging Indonesia Raya. Wit nangka kudu ditegor, awit bakal didegi omah. Apa omahe ora bisa digeser sithik wae? Ora bisa, merga papane rupak, geser sithik gampeng dhuwur, geser sithik maneh bakal kena lemah padusan, dene perangan ngarep wis mepet dalan.
Ing dina kang wis dipilih, wong sepuluh ngangkat prekul kanggo negor wit nangkane Mbah Mariyem. Sing mandhegani Blandhong Kasimun, wong desa kono wae, nanging saka dhusun seje. Mbah Kasimun dipilih merga dianggep paling pengalaman, paling nguwasani raja jamas. Sadurunge prekul ditamakake wit nangka genduren climen digelar kanggo nyurung lakune donga keslametan kanggo sakabehane.
Sawise rubuh, wit nangka iku ditengkeri, banjur digawe ram lan blabag, amrih mengko bisa digawe lawang, lemari, lan sapiturute. Wong-wong, yen ora merga saking kepepet, nyirik nggunakake kayu nangka kanggo bahan gawe kursi utawa amben. Ana sing kandha, upamane bocah mentas sunat kok dilungguhake ing kursi kang ana kayu nangkane, tatu ing manuke si bocah bisa ora enggal mari, kepara malah sok getihen ora mampet-mampet.
Durung rampung olehe nggraji ram lan blabag kayu nangka kuwi wis diakep Sarmun, tukang paling peng-pengan ing Dhusun Jemawut. ”Aja nganti diliyakke, ya? Kabarana aku yen rampung olehe nggraji,” welinge Sarmun marang Markimin.
Wusanane Markimin sida cas-casan petung karo Sarmun. Sawise nyang-nyangan, ”Ya, wis, ta, Kang. Sakolehmu kandha kuwi aku trima, nanging aku tinggalana blabage patang eblek wae. Mengko takgawene garapan, eling-eling iki kayu warisan saka kang wis padha ora ana, ben dadi jimat.”
Lha, kowe butuh apa, ta? Lawang, apa lemari? Mengko bisa takgawekke pisan, yen mung lawang setangkep sagawange, utawa lemari siji wae, aku saguh nggawekne pisan. Ora usah kokpikir ongkose tukang,” panantange Sarmun.
Weruh Markimin mikir, Sarmun ngencengi, ”Yen taktinggal rupa blabag, ora wurunga kuwi mengko ana sedulur melik, ditembung, kowe ora bisa nulak….”
Markimin nyarujuki pamrayogane Sarmun. Rampung digraji, ora nganti nginep, ram lan blabag kayu nangka kuwi wis pindhah menyang omahe Sarmun. Sing keri amung undhuk grajen manggur-manggur neng ngisor galangan, lan tengkeran-tengkeran kayu kang dianggep ora pati mbejaji, isih bisa digawe garapan, nanging angel yen langsung diijolake dhuwit. Dene kayu rencekane, kang mung bisa kanggo kayu bong, wis entek saklemetan sawise wit nangka kuwi rubuh, dipurak tangga kiwa-tengen. Klebu godhonge, ramban pethingane para wedhus.
Meh peresis karo kang dikuwatirake Sarmun, telung dina sawise blabag lan ram kayu nangka pindhah panggonan, Markimin kedhayohan Kamituwa Yaiman, nembung blabag kayu nangka arep digawe cendhela. ”Butuhku ora akeh kok, Min. Patang eblek apa limang eblek wae cukup,” kandhane semu ngejibne.
”Wadhuh, pangapuntenipun, Mbah Man. Sedaya sampun dipuntumbas Sarmun, malah pun diusung wingenane. Kok boten pas nggraji nika njenengan rawuh mriki…”
”Kok kon mrene nalika kene nggraji? Aku lagi mulih sawise melu penataran meh sepuluh dina neng kabupaten. Karodene yen lagi ana ngomah, kupingku iki durung budheg. Mesthi krungu yen ana wong nggraji.
Markimin mung bisa ndheluh. Ngrumangsani luput, tembunge kadhung mrucut. Pancen bener, omahe Kamituwa Yaiman kuwi mung sapembalang saka omahe. Ana kayu gedhe rubuh, ana wong nggraji patang dina tanpa leren, mesthi krungu, yen lagi ana ngomah. Dheweke lagi ngrakit ukara ing njero angen-angene, arep ngakoni kaluputane, lan nyuwun ngapura. Nanging, Kamituwa Yaiman wis menyat lan jumangkah adoh tanpa pamitan.
Markimin atine goreh, ora mari-mari. Arep wadul biyunge, Mbah Mariyem, dheweke ora tegel, awit ngreti yen mung bakal nambahi sanggan pikirane wong tuwa kuwi. Sisihane, Misiyah, mengko bubar magrib utawa malah bubar ngisak lagi teka, sawise mlaku dohe sepuluh kilo saka kutha kecamatan: melu ujian persamaan SMP. Bubar bedhug. Ngenteni magrib, saka rumangsane Markimin kaya sewu dina suwene.
Tibake bareng teka lan diwaduli prekarane, wangsulane Misiyah entheng wae, ”Ora usah gawe lemari ritek ta, ben blabag patang eblek kuwi digawe Kamituwa.”
”Aja ngono, ya? Lemari kuwi mengko bakale dakanggep kaya jimat, merga digawe saka kayu warisane leluhur. Aja maneh mung dhapure Kamituwa, mbok luraha, camata, bupatia, apa presidhen pisan kang njaluk, ora bakal dakwenehke.
”Ya, uwis, yen ngono. Rak wonge wis sampeyan kandhani yen kayu kuwi wis dituku Sarmun kabeh?”
”Iya, nanging mau wonge cengkelak bali tanpa pamitan. Ketok yen atine ora kepenak, sajak ngampet gela. Kang daksamari kuwi yen nglakokake dom sumuruping banyu. Yen nglimpe. Dene yen wani adu arep, hayo, ngajak tekan ngendi, bakal dakturuti hambok kudu ngetohke nyawaku.”
Weruh sisihane lagi panas-panase kaya ngono, Misiyah trima meneng. Banjur menyat, nuju pawon, manasi banyu, amarga arep adus adheme ora jamak. Bubar adus, wis wangi, diupamakna Markimin lagi ndadi, Misiyah banget olehe ngreti manawa mung dheweke kang bisa nggambuhi.
Udakara rong taun sawise wit nangkane Mbah Mariyem ditegor, dumadi ontran-ontran gedhen. Kaya ambah-ambah kang ngayak jiwa. Memper pageblug. Wong diukum tanpa pengadilan, dipatrapi pidana pati sakenya-kenya. Sapa kang nemtokake sapa kang kudu dicidhuk lan dipatrapi ukum pati? Ing Dhukuh Jumawut kang duwe wenang kuwi: Kamituwa Yaiman.
Yen Kamituwa Yaiman duwe wenang nganti semono, sampeyan wis bisa mbadhe, ing buku sektine, sapa kang mapan ing dhaptar ndhuwur dhewe. Patang eblek blabag kayu nangka diregani padha karo nyawane manungsa.
Blitar, April 2026
*Bonari Nabonenar
Pandhemen uga pangripta Sastra Jawa