Damar Jalu Pamenang Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Minggu, 10 Mei 2026 - 13:42 WIB
ESPOS.ID - Ilustrasi gerimis hari ini. (freepik)
Esposin, SOLO --
Dudu Swarane Kekasih
Sing ngecuwis ing wengi kuwi grimis
Dudu swarane kekasih
Wong ayu lambe tipis
Grimis ngecuwis
Banyu langit sing ora uwis-uwis
Wiwit surup nganti parak esuk
Mbabar hawa atis
Langgam kekes ngemuli ati
Krasa wengis
Kekasih, sliramu lagi ngapa?
Mesthine ora bisa turu
Kaya aku
Mesem ngujiwat diicrit-icrit
Mung sagebyaran
Kaya lekase thathit
Surabaya, 2026
Kembang Mayang
Sengsemku marang kembang mayang
Kedharang-dharang kecanthol carang
Nanging ora dadi pepalang
Tumrap jiwa sing kadhung liwung
Tanpa aji mumpung
Kembang mayang klapa gadhing
Kuning rembyak-rembyak
Ngelingake rikmane prawan desa
Tansah diramut lan diupakara
Saben dina
Pethite rasa sengsem iki
Njilma imajinasi, dudu ilusi
Tumetes-ketes ora bisa dibendung
Ndrodos kaya mangsi
Nitis gupitasari ing tegal gurit
Lembar mirunggan sing dadi gegadhangan
Senadyan ambane mung sacengkang
Surabaya, 2026
Sumimpen ing Angen-angen
Kangen sing sumimpen
Ing pucuk angen-angen
Muga-muga mentes
Satemah bisa netes
Kaya endhog
Endhog sing tumitis
Saka pitik babon
Netes wujud piyik
Ulese alus
Tur becik
Becik ketitik
Ala ketara
Mapan ana manungsa
Semono uga kangen
Sing sumimpen
Ing pucuk angen-angen
Antarane melek lan merem
Surabaya, 2026
Sing kanggo Gondhelan
Mung tresna sejati
Sing kanggo gondhelan
Nalika lungguh tan sesenggolan
Nalika mripat ora kuwagang nyawang
Awit kacengkal jarak
Adoh tanpa wangenan
Tresna sing urip subur
Jroning ati
Nglengkara gugur
Senadyan dirajam cemethi
Kaping sewu
Kurang siji
Tresnaku ing kene
Tresnamu ing kana
Kepethuk jroning rasa mulya:
Kangen kang tanpa upama
Surabaya, 2026
Ngrembuyung Liwung
Wuyung sing kadhung ngrembuyung
Keterak angin sindhung riwut
Montang-manting pindha kayangan
Ing awang-uwung:
Liwung
Liwung
Mlaku senggloyoran sadalan-dalan
Surem ing panyawang
Prapatan disengguh dalan sidhatan:
Sasar-susur jroning alam
Panglemunan
Wuyung marang praupan
Ngorak-arik nalar
Ngosak-asik rasa
Nggerus awak:
Rusak
Surabaya, 2026
*Damar Jalu Pamemang
Mahasiswa Fakultas Vokasi, Prodi Administrasi Negara, Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Geguritane kapacak ing sawetara majalah.