Langganan

Semendhe Kersamu

Sharina Ananda Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Sabtu, 9 Mei 2026 - 13:51 WIB

ESPOS.ID - Siluet masjid. (Istimewa/Freepik).

Esposin, SOLO --  


A. Semendhe Kersamu

Pungkasane sapa wae semendhe kersa-Mu

Kekejera kaya manuk branjangan

Kopat-kapita kaya ula tapak angin

Nglengkara kuwagang ngowahi pesthi

Jalaran slira-Mu panguwasa sejati

Kawula mung saderma nglakoni

 

Semendhe kersa-Mu kanthi wutuh

Semeleh lair trusing batin

Mahanani jiwa anteng

Nyingkirake wewayangan ireng

Sumilak sakehe pepeteng

 

Semendhe kersa-Mu kanthi lega-lila

Nganti enteke wektu

 

Bandung 2026

 

B. J a n j i

Apa sliramu ora kelingan

Nate janji neng ngisor wit rambutan

Sineksen lintang lan rembulan

Bumi-langit uga melu kertan?

 

Aku percaya marang janjimu

Dakugemi nganti putih rambutku

Daktutup cendhelaning ati

Aku sabar, kowe lunga mesthi bali

 

Dakenteni, aku tansah ngenteni

Suk kapan sliramu netepi janji

Tembung tresna aja digawe dolanan

Lamun cidra ninggal tatu tetaunan

 

Janjimu kadhung dadi prasasti

Ora owah, lestari nganti saiki

Wit rambutan tansah ngrembuyung

Godhonge ijo ledhung-ledhung


Bandung 2026

 

C. P a n g l a n g u t

Angen-angen mentiyung

Nurut dawane lurung kampung

Ijen tanpa rowang

Nyempyok pager wesi lan kekembangan

Nepusi dawaning wengi

Nganti tekan ngendi?

 

Tintrim kang nyengkerem kahanan

Tidhem sinawung grimis arang-arang

Nanging panglangut tetep laju

Ngupadi dununge tapel wates

Lingsir dalu wis kadhung ambles

 

Dawaning lurung sambung-sinambung

Dawaning panglangut surung-sinurung

Nglengkara pedhot sacengkang

Nalika gegayuhan isih rongeh

Montang-manting pindha layangan

Katerak angin saka pegunungan

 

Sadalan-dalan lampu mencorong

Kesaput pedhut tipis

Ngiringake sumawure grimis

Lan panglangut sing ora uwis-uwis

 

Bandung 2026

 

D. P e s i s i r

Ing pesisir kang asri

Banyu segara ngucap janji

Marang pasir lambah-lambah

Bakal tansah reruntungan

Nganti pungkasane jaman

 

Pesisir kang asri

Cakrawala kang edi peni

Kalis saka kadurakan

Senadyan saglugut pinara sewu

Wiwit biyen mula

Nganti jaman sing bakal teka

 

Apa bisa

Pesisir cumondhok jroning atiku

Apa bisa

Banyu segara sesulih jiwamu

Selagine mangsakala angel diweca

Pinetung ngremit dening pujangga

 

Pesisir kang endah

Banyu segara turah-turah

Cakrawala kesaput pedhut

Tembang ati nganyut-anyut

 

Bandung 2026

 

*Sharina Ananda.

Pandhemen uga pangripta sastra ingkang lair ing Nganjuk taun 2001. Alumni Sekolah Tinggi Ilmu Administrasi-Lembaga Administrasi Negara (STIA-LAN) Bandung.

 

Ika Yuniati - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Jagadjawa
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif