Daladi Ahmad Redaksi - Espos.id Jagad Jawa - Jumat, 19 November 2021 - 20:46 WIB
ESPOS.ID - Pengamatan visual Gunung Merapi menunjukkan luncuran awan panas pada Jumat (20/8/2021) pagi. (Istimewa)
Ing Pangrengkuhe Merapi
bengi iki nggonku turu sajake ora bakal bisa kepati merga isih ana gurit sing durung rampung tak thinthingi mula menawa kepengin tak kancani lehmu nggugah aja sero-sero kepara ngeget-geti ndadekake tratabane ati mesakake sedulur sing neng ereng-ereng kae lagi wae bali seka brak-brak pengungsi
bengi iki isih ana gurit sing durung tak pungkasi nanging lamun aku nganti turu kepati wekasna marang saprotelone wengi dene aku kudu enggal tangi asung pepuji mring Hyang Widi
sugeng wengi, Ki Merapi dak titipake kasalarase bumi jawi ing pangrengkuhmu
Sanggar Sastra Monthit, 22 Maret 2021
Sega Putih Rasa Pait
miwiti mangsane rendheng kadang tani nandur wiji-wiji pari ngenam-enam ati kebak ing pamuji bakale tuwuh dadi rumbakane rejeki pangangen-angen mumbul akasa mbathik pangentha-entha tekane bada riyaya mipik klambi apik mbacem ingkung pitik kepung ambeng tumpeng kuning gurih anak putu gojeg suka-suka neng gelaran klasa
kadang tani bededengan nyunggi srengenge sapa sing gelem nggape gumrojoge riwe kalane panen gedhe ora nukulke esem sing ngawe-awe kepara dadi abote sanggan nguncegi mbun-mbunane pindhane srengenge kesusu angslup sadurunge sore kaya selake para penggedhe saka janji-janjine
wis sawetara wektu sega putih rasa sepa ewadene ora ana prawira sing njunjung rega kamangka padaringan duweke nagara wis kebak mencleb beras manca regane luwih asor timbang tela kaspa
aja nagih janji sabaya pati sabaya mukti marang sing biyen kok labuhi lila toh pati nganti kaya bektine kawula marang Gusti nanging sawise kalungguhan yekti ginayuh kabeh laralapa mung dadi crita wayu ora marang sok sapoa kamukten bakal dipepantha uga marang kowe sing mung jejere kawula
aja ngimpi-impi marang sing wis selak ing janji bakal nelungake kluwung neng amben lincakmu nuli kok aras bareng anak putu merga janji sing kok kekep nganti atimu njarem kuwi amung pinangka ulas-ulas kanggo mikut atine sapa wae sing gampang kapilut pulase lambe
uwis kang, aja meneh-meneh nggonmu nglabuhi rowang bebasan nganti direwangi mlaku mbrangkang kepara dadi congkrah bubrah sedulur lan kadang punton piwalese mung diuncali bathang
Sastra Monthit Magelang, 2021
Kali Gendhol
kali gendhol ora adol watu wedhi sapa wae kena melu duweki salagi samurwat kanggo kacukupane rejeki mula aja dikeruki nganti padhas curi
kali gendhol kudu padha dirukti tanggul kali aja nganti jebol mula aja didhodhosi lan dijugrugi yen tanggul kali nganti ambrol hyang girinata wis ora kober nututi
kali gendhol ora adol watu wedhi yen mung padha-padha cadhong rejeki ora perlu ndadak nganggo regejegan kepara nganti gething kepati Sanggar Sastra Monthit, 2021
Omah Suwung Jero Guwa ora ana gurit sing bisa dak anggit tembung-tembung tan bisa rinakit nalar peper kethul kalayon lungid ukara temangsang neng pucuk langit
udan grimis pijer gawe tangis adoh sungsate tumiyunge kluwung lawang jemblang ora weh pepadhang cendhela menga dadi susuh angga-angga suket garing ngrungkut sajembare dhadha
: aku kudu njegegreg tanpa adeg tunggu omah suwung neng jero guwa?
Sanggar Sastra Monthit, 2021
Daladi Ahmad Kajaba nganggit gurit uga ngripta cerkak, cerpen, puisi, musikalisasi puisi, nulis artikel kanggo majalah basa Jawa. Saperangan karyane asring kapacak ing koran/majalah nasional dan daerah, uga ing pirang-pirang antologi bebarengan. Antologi kumpulan geguritan tunggale sing paling anyar, Jinawine Jiwa Jawa, terbit ing sasi Maret 2021. Asring nekani undangane kanca-kanca sastra/budaya ing pirang-pirang dhaerah saperlu ngisi acara musikalisasi puisi.