Langganan

Geguritan Endang Sulistiya

Endang S. Sulistiya Redaksi  - Espos.id Jagad Jawa  -  Selasa, 28 Juni 2022 - 19:00 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Tragedi Sepur Kelinci

Ancase nyenengake atine bocah karepe plesir murah meriah limang ewu sepuluh ewu rupiah wis kepenak tanpa sayah

Pancen numpak sepur kelinci rada nggegirisi sansaya gronjalan dalan sing nguwatiri nanging sumringah lan gemuyune bocah ngalahake rasa ajrih kang sumrambah

Ancase amrih enggal tekan panggonan sepur kelinci tronjal-tronjol dalan padesan nanging dumadakan sepur kelinci mogok penumpang nyurung aba-aba bengok

Sepur kelinci ngglondor ing dalan mudhun dioyak wis ora bisa ketututan para penumpang nangis jejeritan sepur kelinci jempalik ing tegalan

Getun tibane ing mburi ditangisi wis ora bakal bali kedadeyan kepungkur digawe pawulangan satemene nyawa dudu barang dolanan Andong, 11 Mei 2022

Ajrih

Manggon ing desa adoh saka ayem saben wengi mripat angel merem ati uwis kelangan rasa tentrem wiwit tragedi klithih nulis crita surem

Sasi Syawal kudune beningake ati nanging seling surup nuwuhake emosi perguruan silat ameh tukaran warta palsu sing dadi jalaran

Pancen malaikat Izrail tansah awas menthelengi raimu ping pitung puluh nyambangimu ping selikur saben dina ngelingake yen wis giliran ora bisa ditundha

Dudu amarga angkere tanjakan petrus sing tekan saiki isih misterius nanging urip mati pancen uwis digaris marang Gusti Kang Maha Kuwasa Andong, 17 Mei 2022

 

Wajibe Dadi Santri

Wajibe dadi santri kang badhe golek ilmu sejati Kudu manut ngabekti marang Mbah Yai Santri jaler setri mlampah tindak ngaji ndekep kitab suci ing dhadha minangka tandha kemantepan ati Banyu-banyu pancuran padha deres mili Ancase mbasuh najis kang cementhel ing awak lan ati Amrih siyap nampani agunging kalam ilahi Kanthi ati kang bening kaya gelas kang kosong tanpa isi Andong, 17 Mei 2022

Pegatan

Srengenge sing aslup ing gegere langit dadi seksi kanthi nyebut asmane Gusti wiwit saiki aku megat kowe sing biyen dakgondheli lila legawa dakuculake tanpa dakgetuni ciu lan omben-omben alkohol sapiturute bakal dakuwisi cukup tekan seprene anggonku mbok apusi lan grogoti jare gawe awak lan pikiran entheng sentiyeng jebul namung nambah-nambahi nggliyeng lan sing paling-paling medeni meneng-meneng racun sumebar tanpa dakmangerteni uwis sadar tenanan aku saiki nganti salawase aku ora bakal bali nyang omben-omben sing ora migunani Andong, 12 Mei 2022

 

Salat Jumat

Endah senenge ati iki Kang Mas nyawang jenengan siram resik ing dina Jumat klambi koko, sarungan lan nyangking sajadah mlampah gagah tumuju mesjid kanggo nglakoni ibadah saestu, kula mboten ngarep-arep maneka werna Kang Mas namung panjaluke kula jenengan kersa ajeg jumatan amargi punika kawajiban ingkang dosa menawi dipuntinggal Andong, 13 Mei 2022

 

Pari

Paringi kula waras Gusti supados saged golek rejeki winih pari sampun kula sebar kula entosi kanthi sabar

Paringi subur Gusti Pangeran dhumateng sakabehing tanduran adoh saka tikus lan sedaya hama kang gawe para petani pituna

Sembah nuwun Gusti kangge ijo pari kang nengsemake ati insyallah ikhtiar sampun kula tindakake uga tawakal mboten kula lalekake muga-muga kanikmatan saking Gusti Pangeran tansah dadi kawigaten kula salawase Andong, 17 Mei 2022

Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra Jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia.

Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Berita Terkait

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif